Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 18 >> 

1(18-1) Masmur anggitané Dawud, abdiné Allah, kang ngunjukaké pamuji marang Allah, sawisé diluwari saka tangané sakèhing mungsuhé lan saka tangané Saul, kanggo pemimpin penyanyi. (18-2) Pangucapé Dawud, "Kawula tresna dhateng Paduka, dhuh Allah, Paduka menika kekiyatan kawula!

2(18-3) Dhuh Allah, Paduka menika ingkang ngreksa kawula, inggih tamèng kawula, lan pangungsèn kawula, ingkang ngluwari kawula."

3(18-4) Pinujia Allah, awit asmané kang daksebut, wis ngluwari aku saka tangané mungsuhku.

4(18-5) Nalika tali-talining pati mbanda marang aku, lan ombaking kasangsaran ngebyuki aku,

5(18-6) bebaya pati ngepung aku, jireting pati dipasang ana ing ngarepku,

6(18-7) ing sajroning karupekan mau, aku sesambat marang Allah, aku nyebut asmané nyuwun pitulungan. Panjenengané saka ing dalemé miyarsa swaraku, panjeritku katampi ing talingané.

7(18-8) Bumi banjur gonjing lan dhasaring gunung moyag-mayig, merga saka mulading dukané.

8(18-9) Granané ngetokaké kukus, saka tutuké metu geni memangsa, mawané mengangah.

9(18-10) Langit dipentiyungaké, Panjenengané nuli tumedhak; mendhung sing peteng ana ing sangisoring sampéyané.

10(18-11) Panjenengané nuli nitih kerub, banjur mabur nglayang ing sandhuwuring angin.

11(18-12) Pepeteng didadèkaké pandhelikané, udan sing peteng lan mendhung kandel kaagem minangka tarubé.

12(18-13) Mendhung, udan ès lan mawa mengangah kena sunaré temah sirna.

13(18-14) Allah nganakaké gludhug ana ing langit, Kang Mahaluhur ngulukaké sabdané.

14(18-15) Panahé dilepasaké, nganti mungsuhé dibuyaraké, bledhèg ditlorongaké, temah padha gumyur.

15(18-16) "Dhasaring seganten dados ketingal, lan dhasaring bumi kabikak, margi saking mulading bebendu Paduka, lan saking bentèring napas saking grana Paduka."

16(18-17) Panjenengané nuli mulung astané saka ngaluhur, aku banjur dicandhak, dientas saka banjir gedhé.

17(18-18) Panjenengané ngluwari aku saka mungsuhku sing gagah prakosa, lan saka wong-wong sing sengit marang aku, merga satruku kwasané ngungkuli aku.

18(18-19) Nalika aku nandhang sangsara, aku dicegat déning mungsuhku, nanging Allah iku kekuwatanku.

19(18-20) Aku diirid metu menyang papan sing ombèr, lan aku diluwari, merga Panjenengané tresna marang aku.

20(18-21) Aku diwales déning Allah miturut kaananku kang resik. Aku diberkahi merga aku ora duwé kaluputan.

21(18-22) Aku mbangun-turut marang prenatané Allah, aku ora nyingkur Panjenengané.

22(18-23) Panjenengané pirsa yèn aku ora nglirwakaké sakèhé dhawuhé lan sakèhé pepakoné dakgatèkaké.

23(18-24) Lakuku tanpa cacad ana ing ngarsané, lan aku tansah ngati-ati; ora nganti gawé kaluputan ing ngarsané.

24(18-25) Mulané Allah males marang aku miturut kaananku sing bener, merga Panjenengané pirsa yèn aku ora duwé kaluputan.

25(18-26) "Dhuh Allah, kawula menika setya dhateng tiyang ingkang tresna dhateng Paduka; tumrap tiyang ingkang lampah saé, Paduka paring kasaénan.

26(18-27) Tumrap tiyang ingkang resik ing manah, pangrèh Paduka inggih resik, nanging tiyang ingkang nglawan dhateng Paduka, inggih Paduka lawan.

27(18-28) Tiyang ingkang andhap-asor Paduka pitulungi, nanging Paduka ngasoraken tiyang ingkang angkuh.

28(18-29) Dhuh Pangéran, Allah kawula, Paduka ingkang paring pepadhang dhateng kawula, pepeteng kawula menika Paduka ingkang nyingkiraken.

29(18-30) Paduka ingkang paring kekiyatan, ngantos kawula wani nerjang mengsah. Margi saking Allah kawula, kawula wantun nglumpati témbok."

30(18-31) Pangrèhé Allah iku sampurna, pangandikané Allah iku murni; Panjenengané minangka tamèng tumrap saben wong sing ngungsi marang Panjenengané.

31(18-32) Sebab sapa ta sing jumeneng Allah kejaba Panjenengané? Lan sapa ta kang jumeneng pangungsèn kita kejaba Allah kita?

32(18-33) Allah iku kang dadi kekuwatanku, sing gawé lakuku kepénak,

33(18-34) kang ndadèkaké jangkahku ènthèng kaya sikiling menjangan; sing ngreksa aku ana ing pegunungan, mulané aku ayem.

34(18-35) Panjenengané kang nglatih aku perang, nganti aku bisa menthang gendhéwa tembaga.

35(18-36) Kawula Paduka paringi tamèng kawilujengan Paduka, lan kekiyatan Paduka nyanggi kawula, sarta sih-palimirma Paduka ndadosaken kawula ayem.

36(18-37) Krana saking Paduka kawula mboten naté kecepeng ing mengsah, lan suku kawula mboten naté kesandhung.

37(18-38) Mungsuhku dakoyak nganti kecekel, aku durung bali yèn mungsuhku durung dakpatèni kabèh.

38(18-39) Mungsuhku dakgebug nganti ora bisa tangi menèh; padha ambruk ana ing sangisoring tlapakanku.

39(18-40) Paduka ndadosaken kawula rosa ing perang, tiyang ingkang nglawan dhateng kawula, Paduka telukaken dhateng pangwaos kawula.

40(18-41) Mengsah kawula Paduka damel ajrih, mila sami keplajeng, lan tiyang ingkang sengit dhateng kawula, sami Paduka tumpes.

41(18-42) Tiyang wau sami sesambat nyuwun tulung, nanging mboten wonten ingkang nulungi; sami celuk-celuk dhateng Allah, nanging Allah mboten paring wangsulan.

42(18-43) Mungsuhku padha dakejur-ejur nganti kaya bledug kabur ing angin, lan dakbuwang ing dalan kaya blethok.

43(18-44) Paduka sampun nguwalaken kawula saking umat ingkang mbaléla. Kawula Paduka dadosaken raja ingkang ngerèh para bangsa. Tiyang ingkang mboten kawula tepangi, sami dados rèh-rèhan kawula.

44(18-45) Tiyang manca negari sami nyembah dhateng kawula, menapa sapréntah kawula dipun turut.

45(18-46) Mengsah sami kécalan kekendelanipun, mila sami medal saking bètèngipun kalayan gumeter.

46(18-47) Paduka menika Allah ingkang gesang! Pinujia Juru Slametku! Linuhurna Allah kang mitulungi aku!

47(18-48) Allah kang malesaké aku! Kang nelukaké bangsa-bangsa kadadèkaké rèh-rèhanku.

48(18-49) Panjenengané ngluwari aku saka mungsuhku. Paduka sampun ngluhuraken kawula ngantos nglangkungi tiyang-tiyang ingkang sami nglawan dhateng kawula. Kawula sampun Paduka luwari saking tanganipun tiyang-tiyang ingkang ambek siya.

49(18-50) Pramila kawula badhé ngidungaken nyanyian puji sokur dhateng Paduka, ing tengahing para bangsa. Dhuh Allah, kawula badhé saos puji sokur konjuk ing asma Paduka.

50(18-51) Panjenengané sing paring kemenangan marang Sang Raja, abdiné, sarta ngetingalaké sih-kasetyané marang wong sing ditetepaké ing kalenggahané, yakuwi marang Dawud lan anak-putuné turun-temurun!


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Mazmur 18 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
© 2010-2019
Alkitab.SABDA.org

Android.SABDA.org
SABDA.mobi
Bantuan
Dual Panel

Laporan Masalah/Saran