Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 25 >> 

1Masmur anggitané Dawud. Dhuh Allah, kawula ngunjukaken pandonga dhateng Paduka.

2Dhuh Allah, Paduka menika ingkang kawula endelaken. Mugi sampun ngantos kawula kwirangan; mengsah kawula sampun ngantos saged bingah-bingah ing ngatasipun kawula.

3Saèstu tiyang ingkang ngantos-antos Paduka, menika mesthi mboten kwirangan. Ingkang manggih wirang inggih menika tiyang ingkang remen tumindak kianat tanpa sebab.

4Dhuh Allah, kawula mugi Paduka wulang, nyumerepi ingkang dados kersa Paduka.

5Kawula katuntuna mlampah ing kayektosan Paduka, margi Paduka menika Allah ingkang ngentas kawula; Paduka ingkang kawula ajeng-ajeng sedinten muput.

6Dhuh Allah, Paduka mugi ngèngeti sih-rahmat lan sih-kasetyan Paduka, awit menika sedaya sampun wonten wiwit-wiwitan mila.

7Mugi sampun ngèngeti dosa kawula kala nènèman, tuwin dhateng panerak kawula. Kawula mugi Paduka èngeti manut kasetyan Paduka, krana saking kesaénan Paduka, dhuh Allah.

8Gusti Allah kuwi becik lan adil; mulané wong dosa diwulang bab dalan sing bener.

9Wong kang lembah manah dituntun ngambah dalan sing bener. Wong kang lembah atiné ditedahi dalan sing dikersakaké.

10Sakèhé dalan pitedahé Allah mujudaké sih lan kabenerané. Yakuwi tumrap wong sing padha precaya marang janjiné lan netepi prenatané.

11Dhuh Allah, mugi kersa ngapunten kalepatan kawula krana asma Paduka, kersaa ngapunten, awit menika kathah sanget.

12Sapa kang wedi marang Allah mesthi diwulang bab dalan sing kudu dipilih.

13Wong mau tetep nampani kabegjan, lan anak-putuné bakal nduwèni bumi.

14Gusti Allah kuwi raket karo wong sing wedi-asih marang Panjenengané, Panjenengané netepi janjiné kang dilairaké marang wong mau.

15Mripatku tansah mandeng marang Allah, merga Panjenengané kang nguwalaké sikilku saka kala-jiret.

16Paduka mugi mirsani kawula, sarta melasi kawula, awit kawula sèkèng tuwin kesrakat.

17Manah kawula ingkang kebak reribed mugi Paduka damel longgar, kawula mugi Paduka uwalaken saking sakathahing reribed kawula.

18Paduka mugi mirsani kesrakatan tuwin kasisahan kawula, saha sakathahing dosa kawula mugi Paduka lebur sedaya.

19Paduka mugi mirsani mengsah kawula, déné semanten kathahipun, sarta semanten enggènipun sami sengit dhateng kawula.

20Kawula mugi Paduka reksa saha Paduka luwari, sampun ngantos kawula kwirangan, margi kawula pitados dhateng Paduka.

21Kasucèn lan kautamèn kawula ngayomana dhateng kawula, awit Paduka ingkang kawula antos-antos, dhuh Allah.

22Dhuh Allah, Israèl mugi Paduka luwari, saking sakathahing karibedanipun.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Mazmur 25 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel