Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 37 >> 

1Anggitané Dawud. Aja wedi karo wong sing gawé piala. Aja mèri karo wong sing tumindak ora jujur.

2Sebab wong sing mengkono bakal énggal lesah kaya suket, utawa alum kaya thethukulan ijo.

3Precayaa marang Allah lan nglakonana kabecikan, tetepa manggonmu ana ing bumi kéné, sarta nglakonana katemenan.

4Kabegjanmu ana ing Allah, dadi kowé mesthi diparingi sakekarepaning atimu.

5Uripmu pasrahna marang Allah, lan kumandela marang Panjenengané! Panjenengané mesthi bakal mitulungi kowé.

6Panjenengané bakal ngetingalaké kabeneranmu kaya pepadhang kaya padhangé srengéngé ing wayah awan.

7Diayem atimu lan disabar ngentèni Panjenengané tumindak; aja mèri karo wong sing uripé kepénak, utawa wong sing nglakoni piala.

8Aja seneng nepsu, aja panas-atèn, sebab kuwi mung nuwuhaké piala.

9Sebab wong sing gawé piala bakal disirnakaké, nanging wong sing precaya marang Allah bakal olèh warisan bumi.

10Ora suwé menèh wong duraka bakal sirna, yèn kokgolèki tilas panggonané, bakal ora ketemu.

11Nanging wong kang andhap-asor bakal olèh warisan bumi, uripé bungah merga ngalami tentrem-rahayu kang lubèr.

12Wong ala ngenam-enam piala tumrap wong mursid, sengité ngigit-igit.

13Nanging wong mau digegujeng déning Allah, merga Panjenengané pirsa yèn dinané wong mau wis cepak.

14Wong duraka padha ngunus pedhangé lan menthang gendhéwané kanggo ngrubuhaké wong kesrakat lan wong mlarat, sarta kanggo matèni wong sing uripé jujur.

15Nanging pedhangé mau bakal nuwek awaké dhéwé, lan gendhéwané bakal diputung.

16Barang sethithik sing didarbèki wong mursid kuwi luwih becik ketimbang karo kalubèrané wong ala.

17Sebab Allah bakal mundhut kekuwatané wong jahat, nanging wong mursid digawé rosa déning Allah.

18Allah mirsani penggawé becik sing saben dina dilakoni wong mursid, lan tanahé bakal dadi darbèké ing selawas-lawasé.

19Samasa katempuh ing bilai bakal padha ora kwirangan, lan ing mangsa paceklik bakal mangan wareg.

20Satemené wong duraka bakal sirna; satruné Allah iku paribasané suket ing ara-ara; bakal entèk sirna, kaya kukus, sing kabur ing angin.

21Wong ala seneng utang, nanging ora nyaur, nanging wong mursid dhemen melasi lan wèwèh.

22Satemené wong sing diberkahi Allah kuwi olèh warisan bumi, nanging wong sing kena paukumané bakal ditumpes.

23Wong sing uripé gawé renaning penggalihé Allah lakuné dituntun déning Allah.

24Yèn wong mau tiba, ora nganti gemléthak, sebab tangané digandhèng déning Allah.

25Wiwit aku isih nom, nganti tekan wis tuwa iki, aku durung tau weruh wong mursid ditégakaké, utawa anak-putuné golèk pangan karo ngemis.

26Malah tansah andum piwelas lan motang-motangaké, sarta anak-putuné dadi sranané wong liya binerkahan.

27Ngedohana piala lan nglakonana kabecikan, supaya anak-putumu padha lestari pamanggoné ing tanahé.

28Sebab Allah rena marang prekara sing bener, lan ora négakaké marang wong sing dikasihi. Malah selawasé padha direksa, nanging anak-putuné wong duraka bakal disirnakaké.

29Para wong mursid bakal padha nampa warisan, lan selawasé manggon ing tanahé.

30Tembungé wong mursid kebak kawicaksanan, lan ilaté ngucapaké kabeneran.

31Dhawuh-dhawuhé Allahé ana ing batiné, lakuné ora tau mlèsèt.

32Wong ala ndingkik marang wong mursid lan ngarah patiné.

33Nanging Allah ora nglilani wong mursid tiba ing tangané wong ala mau. Panjenengané ora négakaké wong mursid ana ing pengadilan ditetepaké dadi wong duraka.

34Padha nganti-antia marang Allah, sarta dalan sing ditetepaké kuwi antepana, dadi kowé bakal diurmati déning Pangéran lan kaparingan bumi sing kokenggoni.

35Aku weruh ana wong duraka sing prakosa lan angkuh, sing uripé branggah kaya wit èrès ing Libanon.

36Bareng aku liwat ing kono, wong mau wis ora ana, senajan dakgolèki, meksa ora ketemu.

37Wong mursid titènana, lan wong tumemen awasna, awit wong sing dhemen marang pirukun bakal lestari.

38Nanging wong duraka bakal padha ditumpes kabèh, lan anak-putuné bakal disirnakaké.

39Allah dadi etuking karahayoné wong mursid. Panjenengané iku papan pangungsèné ing mangsa karibedan.

40Allah bakal mitulungi lan ngluwari; lan padha diuwalaké saka tangané wong ala, dipitulungi, merga padha ngungsi marang Panjenengané.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Mazmur 37 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel