Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 4 >> 

1(4-1) Masmur anggitané Dawud kanggo pemimpin penyanyi, dibarengi uniné kecapi. (4-2) Dhuh Allah ingkang mbélani prekawis kawula. Mugi miyarsakaken pesambat kawula. Ing salebeting manah kawula ngraosaken rupek. Paduka mugi kersa paring kalonggaran, miyarsakaken pandonga kawula, sarta paring pitulungan.

2(4-3) Hé wong-wong sing ngala-ala marang aku; pira lawasé enggonmu padha seneng nindakaké prekara sing tanpa guna lan ora nyata kuwi?

3(4-4) Padha sumurupa yèn Allah wis milih wong mursid dadi kagungané; Panjenengané mesthi midhangetaké samasa aku sesambat marang Panjenengané.

4(4-5) Padha gemetera lan maria gawé dosa; kuwi rasakna temenan samasa kowé ana ing peturon.

5(4-6) Nyaosna kurban marang Allah samurwaté lan kumandela marang Panjenengané.

6(4-7) Kathah tiyang ingkang sami nyenyuwun, "Kawula mugi Paduka paringi wewahing kabegjan." Dhuh Allah, mugi kersa maringi dhateng kawula kalayan renaning penggalih.

7(4-8) Paduka sampun paring kabingahan dhateng kawula, ngungkuli kabingahanipun tiyang samasa angsal gandum lan anggur kathah.

8(4-9) Kawula badhé lèyèh-lèyèh lajeng ketileman, margi Paduka piyambak ingkang paring pengayoman, mila kawula sami ngalami katentreman.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Mazmur 4 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel