1(49-1) Masmur anggitané bani Korakh kanggo pemimpin penyanyi. (49-2) Hé sakèhé para bangsa, padha rungokna! Wong salumahé bumi padha nilingna!
2(49-3) Wong cilik lan wong gedhé, wong sugih lan wong miskin, kabèh bebarengan padha ngrungokna!
3(49-4) Aku arep nglairaké kawicaksanan, sing dakrasak-rasakaké ing atiku, kuwi kawruh sejati.
4(49-5) Aku arep migunakaké bebasan, lan medharaké tegesé karo ngunèkaké clempung.
5(49-6) Aku ora sumelang ing dina karubedan, samasa dikepung déning para mungsuhku.
6(49-7) Déning wong-wong sing ngendelaké kasugihané, sing umuk merga akèhé bandhané.
7(49-8) Wong ora bisa mbébasaké awaké dhéwé, utawa nyaosaké tebusan marang Allah ijolé nyawané.
8(49-9) Sebab yèn kena ditebus, regané luwih déning dhuwur, nganti ora bakal bisa lunas,
9(49-10) supayané wong mau urip selawasé, ora mati-mati.
10(49-11) Saben wong nyipati yèn wong wicaksana uga ngalami mati, ora béda karo wong gemblung lan wong bodho padha tumpes, barang-darbèké ditinggalaké marang wong liya.
11(49-12) Kuburé dadi omahé kanggo saterusé, sing dienggoni selawas-lawasé, senajan mauné padha duwé palemahan akèh.
12(49-13) Kaluhurané manungsa gedhéa kaya apa, ora bisa nylametaké saka pati; wong mau mesthi ngalami mati, ora béda karo kéwan.
13(49-14) Mengkono kedadéané wong sing ngendelaké marang awaké dhéwé, mengkono patiné wong sing golèk kemareman ana ing kasugihan.
14(49-15) Wekasané bakal ngalami mati kaya wedhus, lan si Pati bakal dadi pangoné. Padha mlebu bleng ana ing kubur; dagingé rusak ana ing donyané wong mati, sing saterusé dadi papan padunungané.
15(49-16) Nanging Allah bakal ngluwari aku, aku bakal diuwalaké saka pangwasané pati.
16(49-17) Aja gumun yèn ana wong dadi sugih, lan brayaté saya tambah mukti.
17(49-18) Sebab samasa mati, bandhané ora digawa menyang kuburan.
18(49-19) Senajan sasuwéné urip rumangsa begja, sarta dialem merga anggoné olèh gawé,
19(49-20) éwasemono dhèwèké bakal awor karo para leluhuré ana ing jagadé wong mati, sing peteng lelimengan ing selawasé.
20(49-21) Kaluhurané manungsa ora bakal bisa nylametaké awaké dhéwé saka ing pati; wong mau bakal mati ora béda karo kéwan!