Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 56 >> 

1(56-1) Miktam anggitané Dawud ing nalikané dicekel déning wong Filistin ana ing Gat, kanggo para pemimpin penyanyi; laguné kaya kidung: Manuk dara ing wit élah kang adoh. (56-2) Dhuh Allah, kawula mugi Paduka welasi, sebab kawula dipun serang déning mengsah.

2(56-3) Sedinten muput kawula dipun oyak-oyak; kathah ingkang nglawan kalayan angkuh.

3(56-4) Samasa ajrih, kawula pitados dhateng Paduka.

4(56-5) Aku precaya marang Allah, aku precaya marang janjiné. Aku kumandel marang Allah, mulané ora sumelang; manungsa bisa gawé apa marang aku?

5(56-6) Saben dinten tembung kawula dipun srékal; ingkang dipun angen-angen namung badhé nyilakakaken kawula.

6(56-7) Sami sarembag ing pandhelikan, sami nginjen, sami ndhedhepi lampah kawula, nedya mejahi kawula.

7(56-8) Menapa tiyang-tiyang wau badhé saged oncat, mergi durakanipun kathah? Dhuh Allah, bangsa-bangsa menika mugi Paduka dhawahi paukuman kalayan bebendu.

8(56-9) Paduka pirsa sepinten agenging kasangsaran kawula. Paduka sampun nyathet luh kawula. Sedaya wau sampun Paduka serat ing kitab.

9(56-10) Samasa aku sesambat, mungsuhku bakal padha mundur, aku yakin yèn Allah ana ing pihakku.

10(56-11) Aku precaya marang Allah, aku precaya marang janjiné. Aku kumandel marang Allah, mula takluhuraké.

11(56-12) Aku kumandel marang Allah, mulané aku ora sumelang. Manungsa bisa gawé apa marang aku?

12(56-13) Dhuh Allah, punagi kawula dhateng Paduka badhé kawula luwari, sarta kurban sokur badhé kawula caosaken.

13(56-14) Margi Paduka sampun ngluwari kawula saking pejah, malah suku kawula sampun Paduka reksa. Mila kawula mboten kesandhung, ngantos kawula saged lumampah ing ngarsanipun Allah, ing salebeting gesang ngambah mergi ingkang padhang.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Mazmur 56 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel