Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 61 >> 

1(61-1) Anggitané Dawud, kanggo pemimpin penyanyi, dibarengi uniné clempung. (61-2) Dhuh Allah, mugi miyarsakaken pesambat kawula, pandonga kawula mugi Paduka tilingaken.

2(61-3) Kalayan manah ingkang semplah, tebih saking griya, kawula ndedonga dhateng Paduka. Paduka mugi nuntun lampah kawula minggah, ing redi ingkang ndeder sanget kanggénipun kawula.

3(61-4) Paduka menika pangungsèn kawula, menara kawula ingkang sentosa, ing salebeting ngadhepi mengsah.

4(61-5) Kawula mugi Paduka parengaken wonten ing Pedaleman Paduka selaminipun, sarta ngungsi wonten ing sangandhaping swiwi Paduka.

5(61-6) Paduka sampun miyarsakaken punagi kawula, dhuh Allah! Kawula sampun Paduka paringi pandumanipun tiyang ingkang ngabekti dhateng Paduka.

6(61-7) Paduka mugi mewahi yuswanipun Sang Prabu, lestantuna sugengipun ing selaminipun.

7(61-8) Pepréntahanipun mugi manut sapangrèh Paduka, kareksaa déning sih-kadarman lan kasetyan Paduka.

8(61-9) Mila kawula badhé memuji srana masmur dhumateng asma Paduka ing selaminipun, sarta saben dinten ngluwari punagi kawula.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Mazmur 61 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel