Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 68 >> 

1(68-1) Masmur anggitané Dawud, kidung kanggo pemimpin penyanyi. (68-2) Allah jumeneng, mula mungsuhé padha buyar, wong sing padha memungsuhan karo Panjenengané padha keplayu saka ing ngarsané.

2(68-3) Kaya kukus kabur ing angin, kaya malam ajèr ing geni, kaya mengkono wong ala, padha sirna saka ngarsané Allah.

3(68-4) Nanging para wong mursid padha bungah-bungah, padha giyak-giyak ing ngarsané Allah, padha bungah lan suka-rena.

4(68-5) Padha ngidunga konjuk marang Allah, pujinen asmané. Dalan ambah-ambahané ing awang-awang ratakna! Panjenengané iku kang asmané kasebut Allah! Padha bungah-bungaha ana ing ngarsané.

5(68-6) Ana ing Pedalemané kang suci Panjenengané dadi ramané bocah lola lan kang mbélani prekarané para randha.

6(68-7) Wong nglembara padha diparingi omah, wong tahanan padha diluwari, diirid lan nampa kabegjan. Nanging para pembrontak padha manggon ing ara-ara samun.

7(68-8) Dhuh Allah, nalika Paduka ngirid umat Paduka majeng ing peprangan, nalika Paduka tindak ing ara-ara samun,

8(68-9) bumi gonjing lan langit ndhawahaken jawah, wonten ngarsanipun Allah, ingkang rawuh ing Gunung Sinai.

9(68-10) Dhuh Allah, Paduka ingkang ndhatengaken jawah deres, lan siti Paduka ingkang cengkar Paduka segeraken malih.

10(68-11) Ngantos umat Paduka saged manggèn ing ngriku, lan Paduka nyekapi kabetahanipun tiyang kesrakat, margi saking kesaénan Paduka.

11(68-12) Pangéran paring dhawuh, lan kathah tiyang èstri sami martosaken:

12(68-13) "Para raja lan tentarané padha keplayu!" Lan wong wadon sing tunggu omah padha ngedum-edum rayahané.

13(68-14) Reca kaya manuk dara nganggo swiwi slaka, elaré gilap kagawé saka emas. (Yagéné kowé padha manggon ing kandhang amor wedhus ing mangsa perang?)

14(68-15) Nalika Kang Mahakwasa mbuyaraké para raja ana ing Gunung Zalmon. Panjenengané nekakaké salju ing kana.

15(68-16) Saiba sentosané Gunung Basan kuwi, gunung kang akèh pucaké!

16(68-17) Hé gunung-gunung sing akèh pucaké, yagéné kowé padha ngina marang gunung, kang dikersakaké Allah dadi Pedalemané, lan bakal didalemi ing selawas-lawasé.

17(68-18) Kréta-perangé Allahé cacahé akèh banget, nalika rawuh saka Gunung Sinai menyang Pedalemané.

18(68-19) Paduka sampun sumengka wonten ing ngaluhur, ngasta tiyang tawanan kathah. Manungsa ingkang suwau mbrontak sami saos bulu-bekti. Allah badhé dedalem ing ngriku.

19(68-20) Pinuji-pujia Pangéran! Saben dina kersa nyangga momotan kita. Allah mitulungi kita.

20(68-21) Iya Allah kang paring pitulung, Pangéran Allahku kwasa ngluwari saka pati.

21(68-22) Nanging mungsuhé Allah diremuk sirahé, wong sing tansah nindakaké piala diremuk sirahé sing dhiwut-dhiwut.

22(68-23) Pangéran ngandika mengkéné, "Mungsuhmu bakal Dakbalèkaké saka Basan, bakal Dakbalèkaké saka telenging segara,

23(68-24) supaya sikilmu gupaka getihé, lan ilaté asumu mèlu ngrasakaké nganti sawaregé."

24(68-25) Dhuh Allah, tiyang-tiyang sami ningali arak-arakan kemenangan Paduka, Allah kawula, Ratu kawula, dhateng Pedaleman Paduka ingkang suci.

25(68-26) Tiyang-tiyang ingkang sami menyanyi mlampah ing ngajeng, ing wingkingipun para penabuh clempung, ing tengah para prawan ingkang sami nabuh terbang.

26(68-27) "Pasamuwan, padha mujia Allah, hé turuné Israèl, padha mujia asmané!"

27(68-28) Taler Bènyamin, sing cilik dhéwé, mlaku ing ngarep, banjur para penggedhéné taler Yéhuda, kasusul déning para penggedhéné taler Zébulon lan Naftali.

28(68-29) Dhuh Allah, mugi kersa ngetingalaken pangwasa Paduka, inggih pangwasa ingkang Paduka agem mitulungi kawula.

29(68-30) Kagem Pedaleman Paduka ing Yérusalèm, para raja badhé sami nyaosi pisungsung konjuk dhumateng Paduka.

30(68-31) Sato kéwan ing glagahan mugi Paduka dukani, semanten ugi para pangwasa lan para pengagenging bangsa-bangsa! Mugi Paduka ndhawahaken paukuman dhateng tiyang ingkang karem bandha; kabuyarna bangsa-bangsa ingkang remen perang!

31(68-32) Para utusan badhé sami dhateng saking Mesir, tiyang Étiopia badhé ngegaraken tangan dhateng Allah saprelu ndedonga.

32(68-33) Hé sakèhé kraton ing salumahing bumi, padha ngidungna pujiné Allah. Pangéran padha luhurna nganggo nyanyian, padha ngidungna masmur kagem Allah;

33(68-34) kagem Panjenengané kang nitih kréta ana ing langit, sing anané wiwit jaman kuna mula. Rungokna! Panjenengané ngetingalaké swarané kang nggegirisi.

34(68-35) Ngakonana pangwasané Allah, lan kaluhurané ana ing Israèl, sarta kamulyané ana ing langit dhuwur.

35(68-36) Dhuh Allah, iba agenging kawibawan, ingkang miyos saking Paduka wonten ing Pedalemanipun Allah. Allahé Israèl paring kaluhuran lan kekuwatan marang umaté. Pinujia Allah!


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Mazmur 68 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel