Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 69 >> 

1(69-1) Anggitané Dawud kanggo pemimpin penyanyi. Laguné kaya laguné: Kembang Bakung. (69-2) Dhuh Allah, kawula mugi Paduka pitulungi, margi kawula badhé kleleb!

2(69-3) Kawula ambles ing lendhut, ingkang mboten wonten dhasaripun kanggé ngadeg. Kawula kejlungup ing toya lebet, lan badhé kleleb déning ombak.

3(69-4) Awit saking enggèn kawula sesambat, badan kawula lemes lan telak kawula garing; mripat kawula tansah njinggleng ngajeng-ajeng pitulungan saking Paduka.

4(69-5) Tiyang ingkang nyengiti kawula tanpa sebab, menika kathahipun nglangkungi rambut kawula. Kathah sanget tiyang ingkang nedya ngrisak kawula, inggih tiyang ingkang nyatroni kawula tanpa sebab. Kawula dipun peksa mangsulaken barang ingkang mboten kawula rayah.

5(69-6) Dhuh Allah, Paduka pirsa cupeting nalar kawula, dosa-dosa kawula mboten kaaling-alingan wonten ing ngarsa Paduka.

6(69-7) Dhuh Allah, para tiyang ingkang ngantos-antos Paduka, sampun ngantos kwirangan margi saking kawula. Tiyang ingkang ngupados Paduka sampun ngantos kecuwan margi saking kawula, dhuh Allahipun Israèl.

7(69-8) Awit saking Paduka enggèn kawula dipun awon-awon, lan dipun damel wirang.

8(69-9) Kawula dipun sélaki déning sedhèrèk-sedhèrèk kawula, sarta dados tiyang manca tumrapipun sedhèrèk-sedhèrèk kawula sebrayat.

9(69-10) Anggèn kawula kesengsem dhateng Pedaleman Paduka, menika presasat latu ingkang mbesmi manah kawula, sarta kawula dipun poyoki déning tiyang-tiyang ingkang sami nampik Paduka.

10(69-11) Kawula ngasoraken badan kawula srana siyam, nanging ing bab menika kawula dipun poyoki.

11(69-12) Samasa kawula nganggé sandhanganipun tiyang kesripahan, kawula lajeng dipun catur.

12(69-13) Kawula dipun raosi déning tiyang ingkang sami jagongan ing gapuraning negari, lan dados tetembanganipun tiyang mendem.

13(69-14) Dhuh Allah, kawula badhé ndedonga dhateng Paduka, mugi Paduka paring wangsulan, sakeparenging kersa Paduka, karana gunging sih-kadarman Paduka.

14(69-15) Kawula mugi Paduka entas saking lendhut, supados mboten kleleb, kawula kauwalna saking satru-satru kawula, lan saking toya lebet.

15(69-16) Sampun ngantos kawula kéntir déning ombak, lan kauntal déning telenging pejah.

16(69-17) Dhuh Allah, mugi njurungi panyuwun kawula, awit saking kesaénan lan sih-kadarman Paduka; mugi kersa mirsani kawula, margi saking agenging sih-rahmat Paduka.

17(69-18) Sampun ngantos ngaling-alingi wedana Paduka dhateng abdi Paduka, margi kawula nandhang karibedan; pramila mugi énggal paring wangsulan.

18(69-19) Mugi kersa énggal rawuh nebus kawula, sarta ngluwari kawula saking satru kawula.

19(69-20) Paduka pirsa cacad kawula, kwirangan sarta kanisthan kawula; Paduka ugi pirsa sinten kémawon ingkang ngrupeki kawula.

20(69-21) Cacad kawula damel aliting manah, ngantos kawula semplah; kawula ngajeng-ajeng piwelasing tiyang, nanging tanpa damel; ngajeng-ajeng tiyang ingkang saged nglipur, nanging mboten manggih.

21(69-22) Malah kawula dipun sukani racun, lan nalika kawula kasatan, dipun ombèni cokak.

22(69-23) Mugi bujananipun tiyang-tiyang menika dadosa jalaraning tumpesipun; lan enggènipun wilujengan dadosa jiretipun.

23(69-24) Mripatipun dadosa wuta, lan bangkèkanipun dadosa lemes.

24(69-25) Paukuman Paduka katumplekna, supados tiyang-tiyang wau sami ketamana bramantya Paduka!

25(69-26) Pémahanipun dadosa sepen, lan griyanipun suwung,

26(69-27) margi sami nguya-uya tiyang ingkang Paduka gebagi, sarta nambahi perihipun tiyang ingkang sampun Paduka tatoni.

27(69-28) Dosa-dosanipun mugi Paduka cathet sedaya, lan sampun ngantos angsal panduman kawilujengan peparing Paduka.

28(69-29) Namanipun kacorèka saking kitabé ngagesang, sampun ngantos kacathet ing kitabipun umat Paduka.

29(69-30) Nanging kawula menika kesrakat lan siniya-siya, dhuh Allah, kawula mugi Paduka tangèkaken, lan Paduka ayomi.

30(69-31) Allah bakal dakpuji nganggo nyanyian sarta dakluhuraké kanthi saos sokur.

31(69-32) Kuwi gawé renaning penggalihé ngungkuli kurban sapi sing diwasa.

32(69-33) Wong sing ditindhes samasa weruh bakal padha bungah. Hé wong kang nggolèki Allah, padha bungaha.

33(69-34) Sebab Allah miyarsakaké pesambaté wong miskin, lan wong tawanan ora dianggep asor.

34(69-35) Langit lan bumi padha ngluhurna asmané, semono uga segara lan saisiné kabèh.

35(69-36) Sebab Allah bakal ngluwari Sion, lan mbangun kutha-kuthané Yéhuda, supaya wong-wong padha manggon ing kana; lan ndarbèni bumi kono.

36(69-37) Sarta saterusé dadi darbèké anak-putuné umaté; lan wong sing nresnani asmané Allah kang bakal padha ngenggoni.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Mazmur 69 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel