Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 82 >> 

1Masmur anggitané Asaf. Allah mimpin rapaté para allah, ndhawahaké putusané ing tengahé para allah,

2pangandikané, "Nganti pira lawasé anggonmu ngadili sewenang-wenang, lan ngéloni wong duraka?

3Kowé padha nindakna keadilan marang wong miskin lan bocah lola, wong sing disiya-siya lan wong mlarat bélanen wewenangé.

4Mitulungana marang wong cilik lan wong papa, luwarana saka tangané wong duraka!"

5Kebangeten temen bodhomu, déné ora ngerti apa-apa. Kaananmu bobrok temen, lan ing bumi wis ora ana keadilan.

6Aku wis dhawuh mengkéné, "Kowé kabèh iku allah, putrané Kang Mahaluhur!

7Nanging kowé bakal padha mati, ora béda karo wong akèh, kowé bakal mungkasi uripmu kaya para penggedhé liyané."

8Dhuh Allah, Paduka mugi jumeneng ngadili tiyang salumahing bumi, awit sakathahing para umat menika kagungan Paduka.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Mazmur 82 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel