1(85-1) Masmur anggitané Korakh, kanggo pemimpin penyanyi. (85-2) Dhuh Allah, Paduka sampun maringaken sih-palimirma dhateng negari menika, sarta kawontenanipun Yakub sampun Paduka pulihaken.
2(85-3) Panerakipun umat Paduka sampun Paduka apunten, dosanipun sedaya sampun Paduka aling-alingi.
3(85-4) Bentèring penggalih Paduka sampun Paduka sirep. Paukuman Paduka ingkang mulad-mulad sampun Paduka lilihaken.
4(85-5) Dhuh Allah ingkang mengku kabegjan kawula, kawula mugi sami Paduka pulihaken, saha mugi ngèndelaken gerahing penggalih Paduka dhumateng kawula.
5(85-6) Menapa kawula badhé Paduka ukum ing selaminipun, gerahing penggalih Paduka menapa badhé kalajengaken ngantos turun-temurun?
6(85-7) Paduka menapa mboten kersa ngiyataken kawula malih, supados umat Paduka sageda bingah awit saking Paduka?
7(85-8) Dhuh Allah, kawula mugi sami Paduka tedahi sih-kamirahan Paduka, sarta mugi kaparingan pitulungan Paduka.
8(85-9) Dakrungokaké apa kang dadi pangandikané Pangéran, Panjenengané prejanji maringi tentrem-rahayu marang kita, umat kagungané, lan marang wong kang padha dikasihi, supaya aja padha bali kesasar menèh.
9(85-10) Satemené pitulungané Pangéran marang wong kang nyaosi pangabekti kuwi cepak, supaya tanah kita kaparingan kabegjan saka ngarsané.
10(85-11) Katresnan lan kasetyan bakal mlaku bebarengan, keadilan lan tentrem-rahayu bakal gathuk.
11(85-12) Wong ing bumi bakal nduwèni kasetyan, sarta keadilan bakal njangkung saka swarga.
12(85-13) Allah bakal maringaké samubarang kang becik, sarta palemahan kita bakal metu hasilé.
13(85-14) Kabeneran bakal ndhisiki tindaké Allah, lan ngrata dalan sing arep diambah.