Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 98 >> 

1Masmur. Padha ngidungna kaluhurané Allah nganggo kidung anyar, merga pakaryané sing élok. Srana pangwasané lan kasektèné piyambak kang suci Panjenengané nedahaké kaunggulané.

2Pangéran wis nggiyaraké pitulungané; lan mbabaraké keadilané ana ing ngarepané para umat.

3Panjenengané netepi janjiné marang umat Israèl, apa déné salumahé bumi wis weruh pitulungané Allah kita.

4Hé salumahé bumi, padha memujia marang Allah, padha bungah-bungaha, padha surak-suraka, lan padha ngidungna masmur!

5Padha ngidungna masmur kagem Allah, dibarengi uniné clempung, uniné clempung lan nyanyian kanthi sora.

6Dibarengi swarané nafiri lan slomprèt, padha surak-suraka ana ing ngarsané Allah!

7Karebèn segara lan saisiné gemuruh, mengkono uga jagad lan kang padha ngenggoni.

8Karebèn kali-kali padha keplok-keplok, lan gunung-gunung padha bungah-bungah ana ing ngarsané Allah.

9Sebab Panjenengané rawuh ngadili bumi, sajagad bakal diadili kanthi adil, uga para bangsa kalayan kabeneran.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Mazmur 98 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel