Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Nehemia 1 >> 

1Iki lapurané Néhémia bin Hakalya bab pegawéané: Nalika sasi Kislèw, taun kaping rong puluhé pepréntahané Artahsasta, raja ing Pèrsia. Aku, Néhémia ana ing Susan.

2Nalika semono, sedulurku Hanani teka saka Yéhuda karo wong sawetara. Banjur daktakoni bab kaanané Yérusalèm lan wong-wong Yahudi sing wis bali saka pembuwangan ing Babil.

3Banjur padha nyritakaké kaanané wong-wong sing bali saka pembuwangan mau, yakuwi satekané ing tanah kelairané. Uripé sengsara, merga padha dianggep asor déning bangsa-bangsa manca sing ana ing kiwa-tengené. Apa menèh, témbok-témboké Yérusalèm padha jugrug lan lawang-lawanging gapurané durung didandani, wiwit nalika diobong dhèk jaman semana.

4Krungu kabar mengkono mau aku lungguh karo nangis. Pirang-pirang dina lawasé atiku sedhih. Aku banjur pasa karo ndedonga marang Allah,

5"Dhuh Allah ratuning swarga. Paduka menika Allah Ingkang Mahaluhur. Sowan kawula kalayan manah ingkang ajrih. Paduka tetep ngasihi sarta setya ing janji Paduka dhateng tiyang ingkang asih dhateng Paduka lan mbangun-turut dhateng dhawuh-dhawuh Paduka.

6Mugi Paduka kersa mirsani kawula, lan miyarsakaken pandonga ingkang kawula aturaken ing ngarsa Paduka rinten lan dalu, kanggé umat Israèl, abdi Paduka. Kawula ngakeni bilih umat Paduka Israèl sampun sami nglampahi dosa. Ugi kawula piyambak lan para leluhur kawula sampun sami nglampahi dosa.

7Kawula sampun sami nyingkur dhateng Paduka lan nerak dhawuh-dhawuh Paduka.

8Dhuh Allah, mugi kersa ngèngeti pangandika-pangandika Paduka, ingkang Paduka dhawuhaken lantaran Musa, bilih samasa kawula, umat Israèl mboten setya dhateng Paduka, kawula badhé sami kasebar ing antawisipun bangsa-bangsa sanès.

9Nanging samasa kawula sami wangsul malih lan mbangun-turut dhateng Paduka, kawula ingkang sampun Paduka sebar wau badhé Paduka klempakaken malih, senajan kawula sami pating prenca wonten ing salumahing bumi. Kawula lajeng badhé Paduka wangsulaken dhateng panggènan ingkang sampun Paduka pilih dados papan pangibadah dhateng Paduka.

10Dhuh Allah, kawula menika para abdi Paduka, inggih umat kagungan Paduka piyambak, ingkang sampun Paduka luwari kalayan kasektèn Paduka ingkang élok.

11Mugi kersa miyarsakaken pandonga kawula lan pandonganipun para abdi Paduka sanès-sanèsipun sedaya ingkang sami ngurmati dhateng Paduka. Kersaa paring pitulungan supados ing dinten menika kawula sedaya angsala sih-kawelasan saking Sang Prabu." Nalika semana aku dadi pegawé kraton sing ngurusi unjukané Sang Prabu.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Nehemia 1 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel