Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Nehemia 12 >> 

1Para imam lan wong Lèwi sing padha bali saka pembuwangan bebarengan karo Zérubabel bin Séaltièl lan karo Imam Agung Yésua yakuwi:

2(12:2-7) Para imam: Seraya, Yérémia, Ézra, Amarya, Maruk, Hatus, Sekhanya, Rehum, Marémot, Idho, Ginetoi, Abia, Minyamin, Maaja, Bilga, Semaya, Yoyarib, Yédaya, Salu, Amok, Hilkia lan Yédaya. Kuwi kabèh penggedhéné imam-imam ing jamané Yésua.

3(12:2)

4(12:2)

5(12:2)

6(12:2)

7(12:2)

8Wong-wong Lèwi: Para pemimpiné penyanyi kanggo kidung-kidung pamuji yakuwi: Yésua, Binui, Kadmièl, Sèrèbya, Yéhuda lan Matania.

9Para warga penyanyi sing menyanyi saur-sauran yakuwi: Bakbukia, Uni lan sedulur-seduluré tunggal warga.

10Garis tedhak-turuné Imam Agung Yésua yakuwi: Yésua, Yoyakim, Èlyasib, Yoyada,

11Yedhutun, Yésua.

12(12:12-21) Daftaré para penggedhéné imam lan kaum asalé saka jamané Yoyakim nalika dadi Imam Agung: (Imam-Kaum); Merayah-Seraya; Hananya-Yérémia; Mesulam-Ézra; Yohanan-Amarya; Yonatan-Meliku; Yusuf-Sebanya; Adna-Harim; Hèlkai-Merayot; Zakharia-Idho; Mesulam-Gineton; Zikri-Abia; -Minyamin; Piltai-Moajah; Samua-Bilga; Yonatan-Semaya; Matnai-Yoyarib; Uzi-Yédaya; Kalai-Salai; Hèbèr-Amok; Hasabia-Hilkia; Nétanéèl-Yédaya.

13(12:12)

14(12:12)

15(12:12)

16(12:12)

17(12:12)

18(12:12)

19(12:12)

20(12:12)

21(12:12)

22Daftaré para lajeré kulawargané wong Lèwi lan kulawargané para imam kabèh wis dicathet nalika jamané Imam Agung: Èlyasib, Yoyada, Yohanan lan Yadua. Cathetan mau rampungé dhèk jamané Darius dadi raja ing Pèrsia.

23Nanging para lajeré kulawarga-kulawargané wong Lèwi mung kacathet tekan jamané Yonatan putuné Èlyasib.

24Nalika dipimpin déning Hasabia, Sèrèbya, Yésua, Binui lan Kadmièl, wong-wong Lèwi diklompok-klompok, saben-saben ana rong klompok sing nglakoni tugas memuji marang Allah lan saos sukur srana saur-sauran, kaya prenatané Raja Dawud, abdiné Allah.

25Para tukang jaga gapurané Pedalemané Allah tugasé jaga gudhang-gudhang barang tandhon ing sacedhaké gapura-gapurané Pedaleman, yakuwi: Matania, Bakbukia, Obaja, Mesulam, Talmon lan Akub.

26Kuwi kabèh wong-wong sing nindakaké ayahané dhèk jamané Gubernur Néhémia lan jamané ahli Torèt Ézra.

27Nalika témboké kutha Yérusalèm disaosaké marang Pangéran, wong-wong Lèwi saka endi-endi diklumpukaké, supaya mèlu ngriayakaké kedadéan mau srana menyanyi atur panuwun, dibarengi musik gambus lan clempung.

28Para penyanyi Lèwi mau banjur padha nglumpuk saka daérah panggonané sakiwa-tengené Yérusalèm lan saka kutha-kutha sakubengé Netofa,

29saka Bètgilgal Géba lan Azmawèt.

30Para imam lan wong Lèwi padha nucèkaké awaké, banjur iya nucèkaké rakyat lan lawang-lawangé gapura lan témboké kutha.

31Para pemimpiné Yéhuda dakaturi munggah ing témbok lan ngirid rombongan gedhé loro sing bakal baris ngubengi kutha, karo memuji sukur marang Allah. Rombongan sing kapisan baris ing ndhuwur témbok, mlaku nengen, menyang Gapura Sampah.

32Hosaya mlaku samburiné para penyanyi, disusul para pemimpiné wong Yéhuda.

33(12:33-35) Para imam kasebut ing ngisor iki padha mlaku ing mburiné karo ngunèkaké slomprèt: Azarya, Ézra, Mesulam, Yéhuda, Bènyamin, Semaya lan Yérémia. Disusul déning Zakharia bin Yonatan, putuné Semaya. Ing antarané para leluhuré yakuwi: Matania, Mikha, Zakur saka kaum Asaf.

34(12:33)

35(12:33)

36Para wargané kaum sing mlaku ana ing mburiné yakuwi: Semaya, Azareèl, Milalai, Gilalai, Maai, Nétanéèl, Yéhuda lan Hanani. Kabèh padha nggawa alat musik, kaya sing dienggo déning Raja Dawud, abdiné Allah. Imam Ézra, ahli Torèt, mlaku ing ngarepé barisan mau.

37Bareng tekan Gapura Banyu Mancur, banjur ménggok, munggah undhak-undhakané Kuthané Dawud, ngliwati kedhatoné Dawud, banjur bali menyang témboké Gapura Banyu Mancur sawétané kutha.

38Golongan penyanyi sing kapindho baris ing sandhuwuré témbok mengiwa. Aku mèlu ngiringaké, bebarengan karo rakyat sawetara. Enggoné baris metu Menara Prapèn tekan Témbok Amba.

39Banjur ngliwati Gapura Éfraim, Gapura Lawas, Gapura Iwak, Menara Hananéèl lan Menara Méa tekan Gapura Wedhus Gèmbèl. Barisanku mandheg ing Gapura Penjagan, sacedhaké Pedalemané Allah.

40Golongan penyanyi loro mau wekasané anjog ing sacedhaké Pedalemané Allah.

41Kejaba para pemimpin, ing kelompokku iya ana juru slomprèt, yakuwi: Èlyakim, Maaséya, Minyamin, Mikha, Alyoénai, Zakharia lan Hananya;

42sing mlaku ing mburiné rombongan mau: Maaséya, Semaya, Èléazar, Uzi, Yohanan, Malkia, Élam lan Èzèr. Para penyanyi mau dipimpin déning Yizrahya.

43Ing dina kuwi akèh kurban sing disaosaké marang Allah. Rakyat padha seneng-seneng merga wis kaparingan kabegjan déning Allah. Para wong wadon lan bocah-bocah uga padha mèlu pésta, giyak-giyaké swarané nganti keprungu adoh.

44Nalika semono ana wong sawetara sing ditugasaké ngawasi gudhang sing kanggo nyimpen barang-barang tandhon lan pisungsung kagem Allah, klebu pisungsung prasepuluhan, gandum lan woh-wohan kawitan sing mateng dhisik dhéwé. Para pengawas kudu nglumpukaké pisungsung-pisungsung mau saka palemahan-palemahan ing kiwa-tengené kutha-kutha. Pisungsung mau kudu dipasrahaké marang para imam lan wong-wong Lèwi,

45merga wong-wong kuwi sing nindakaké upacara sesuci lan upacara-upacara liyané sing didhawuhaké déning Allah. Para ahli musik lan para tukang jaga Gapura Pedalemané Allah iya padha nglakoni tugasé manut prenatané Sang Prabu Dawud lan Suléman, putrané.

46Wiwit jamané Raja Dawud lan ahli musik Asaf, para penyanyi wis padha nglagokaké kidung-kidung pamuji sokur kagem Allah.

47Dhèk jamané Zérubabel lan uga jamané Néhémia, rakyat Israèl kabèh nyaosaké pisungsung kanggo nyukupi kebutuhané pedinan para penyanyi lan para tukang jaga Pedalemané Allah. Rakyat padha nyaosaké pisungsung mligi kanggo para wong Lèwi lan para wong Lèwi padha nyaosaké marang para imam, kaya sing wis ditetepaké.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Nehemia 12 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel