Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Nehemia 4 >> 

1Bareng Sanbalat krungu yèn aku wong-wong Yahudi lagi padha mbangun menèh témboké kutha, banjur nepsu banget lan aku padha dipoyoki.

2Ana ing ngarepé kanca-kancané lan tentara Samaria, Sanbalat muni mengkéné, "Wong Yahudi sing ora bisa apa-apa kuwi arep gawé apa? Apa arep mbangun kuthané menèh? Apa dikira pegawéan kuwi bisa rampung sedina mung srana gawé kurban? Apa jugrugan témbok lan uwuh tilas obong-obongan kuwi kena digawé bata kanggo gawé témbok?"

3Tobia sing iya ngadeg ing sandhingé muni mengkéné, "Delengen témbok sing didegaké kuwi! Yèn disénggol asu liwat waé mesthi rubuh!"

4Mulané aku banjur ndedonga, "Dhuh Allah, kersaa miyarsakaken pamoyokipun tiyang-tiyang menika! Pamoyok menika mugi Paduka wangsulaken supados ndhawahi sirahipun piyambak. Barang-darbèkipun dipun rampasa lan piyambakipun piyambak dipun tawanna kabekta dhateng negari manca.

5Piawonipun sampun ngantos Paduka apunten lan dosanipun sampun ngantos Paduka supèkaken, mergi tiyang menika sami ngina kawula ingkang saweg sami mbangun menika."

6Aku padha nerusaké mbangun, lan ora let suwé témboké rampung mubeng setengah dhuwur, merga rakyat olèhé nyambut-gawé kanthi sengkud.

7Kecrita bareng Sanbalat, Tobia, wong-wong Amon lan Asdod sarta wong Arab padha krungu yèn enggonku padha mbangun témboké Yérusalèm saya maju lan growong-growongan ing témbok-témbok wis katutup, padha nepsu banget.

8Banjur padha rukunan arep nyerang Yérusalèm, gawé kacau.

9Mulané aku banjur padha ndedonga marang Allah lan kutha mau padha dakjaga rina wengi.

10Wong Yéhuda padha menyanyi karo sesambat mengkéné: "Aku wis padha kentèkan tenaga, mangka gawéané isih semana, kaya-kaya aku ora kuwat nerusaké mbangun témbok iki sarampungé."

11Mangka mungsuh padha siaga arep nyerang dadakan lan matèni aku kabèh, supaya pegawéanku mandheg.

12Wong Yahudi sing padha manggon ora adoh saka mungsuh mau wis bola-bali nekani aku ngandhakaké rancangané mungsuh.

13Mulané rakyat banjur dakdumi pedhang, tumbak lan panah, sarta dakpantha-pantha miturut kulawargané dhéwé-dhéwé, saben pantha dakdokokaké ing samburiné témbok lan panggonan-panggonan sing durung rampung digarap.

14Bareng aku weruh yèn rakyat wedi, para pemimpin lan rakyat banjur padha dakkandhani mengkéné, "Aja padha wedi karo mungsuh. Aja lali yèn Gusti Allah mono kwasa lan kwasané ngédab-édabi. Padha peranga kanggo mbélani sedulur-sedulurmu, anak-anakmu, bojomu lan pomahanmu!"

15Mungsuh wis padha ngerti yèn rancangané konangan. Rakyat padha ngerti yèn rancangané mungsuh wis dibatalaké déning Allah. Aku banjur padha bali nyambut-gawé menèh, mbangun témbok.

16Nanging wiwit dina kuwi wong-wong sing nyambut-gawé mung kari separo; liyané padha jaga, nganggo klambi keré lan siap gegaman tumbak, tamèng lan panah. Para pemimpin padha mbiyantu rakyat sakatogé,

17mula rakyat padha bisa nerusaké enggoné mbangun témbok. Wong sing padha nggawa bahan bangunan mau tangané sing siji nggawa bahan, tangan sijiné nyekel gaman.

18Tukang-tukang batu enggoné nyambut-gawé karo nyengkelit pedhang. Wong sing gawéné awèh pretandha yèn ana bebaya srana ngunèkaké slomprèt tansah siaga ngadeg ing sacedhakku.

19Rakyat, para pengarepé masarakat lan para penggedhé padha dakkandhani mengkéné, "Pegawéan iki akèh lan jembar; kita siji karo sijiné mrenca ing sauruté dawané témbok iki.

20Mulané yèn kowé padha krungu swarané slomprèt, énggal padha nglumpuka ing panggonanku kéné. Gusti Allah piyambak sing bakal perang kanggo kita."

21Kaya mengkono enggonku padha nyambut-gawé wiwit ésuk tekan surup, nganti lintang-lintang wis katon ing langit. Rakyat sing separo mbangun témbok, sing separo liyané padha jaga karo nyekeli tumbak.

22Nalika semono para petugas lan para réwangé padha dakkon nginep ing Yérusalèm. Nganggo cara mengkono yèn bengi aku padha bisa njaga kutha lan awané mbangun témbok.

23Aku dhéwé, para pembantu lan para pengawalku rina wengi padha ora salin sandhangan, lan terus-terusan siaga karo siap gegaman.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Nehemia 4 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel