Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Nehemia 5 >> 

1Ora wetara suwé akèh wong Yahudi, lanang lan wadon, sing padha sambat merga penggawéné wong-wong Yahudi liyané.

2Ana sing muni, "Anakku akèh. Aku butuh gandum kanggo mangan supaya urip."

3Liyané menèh kandha, "Aku kepeksa nggadhèkaké tegalan, kebon anggur lan omah kanggo tuku gandum supaya ora mati kaliren."

4Iya ana sing muni, "Aku kepeksa utang kanggo nglunasi pajeg, sing ditetepaké déning Sang Prabu kanggo tegalan lan kebon anggur.

5Apa aku dudu wong Yahudi? Apa anak-anakku ora padha karo anaké wong Yahudi liya-liyané? Éwasemono anak-anakku kepeksa dakdadèkaké batur. Malah ana anakku wadon sing wis dadi batur-tukon. Aku ora bisa apa-apa, merga tegalan lan kebon anggurku wis dakgadhèkaké."

6Krungu sambaté wong-wong mau, aku nepsu banget,

7lan aku kudu tumindak. Para pengarepé masarakat lan para penggedhé nuli dakwelèhaké, karo muni, "Kowé padha nindhes sedulur-sedulurmu dhéwé!" Sawisé mengkono aku banjur nganakaké rapat umum kanggo ngrampungaké prekarané,

8karo muni mengkéné, "Aku sakuwat-kuwatku padha nebus sedulur-sedulurku wong Yahudi sing padha ngedol awaké marang wong manca. Nanging saiki kowé malah meksa sedulur-sedulurmu ngedol awaké menyang kowé, mangka wong-wong kuwi iya wong Yahudi!" Para penggedhé mau padha ora bisa mangsuli sakecap waé.

9Aku kandha menèh, "Penggawému kuwi ora becik! Mesthiné kowé kudu wedi marang Allah, supaya mungsuh kita sing ora kenal karo Allah kuwi ora duwé alesan kanggo moyoki kita.

10Aku dhéwé, sedulur-sedulurku lan kanca-kancaku wis ngutangi dhuwit lan gandum marang rakyat. Kuwi aja ditagih.

11Utang-utangé rakyat marang kowé mau lilakna kabèh, ya sing rupa dhuwit, ya sing rupa gandum, anggur utawa lenga zaitun. Tegalan, kebon anggur, kebon zaitun lan omahé padha balèkna kabèh!"

12Wangsulané para penggedhé mau, "Kesinggihan, pangandika panjenengan badhé sami kula lampahi sedaya. Badhé kula wangsulaken lan mboten badhé kula tagih babar-pisan." Aku banjur nekakaké para imam. Para penggedhé masarakat lan para penggedhé mau padha dakkon sumpah ing ngarepé para imam, yèn apa sing dadi kesaguhané mau bakal padha ditetepi.

13Sabuké jubahku banjur dakuculi lan dakkebutaké karo muni mengkéné, "Kaya mengkéné Allah muga ngebutaké saben wong sing ora netepi kesaguhané. Wong kuwi padha dadia mlarat, omah lan bandhané kabèh dipundhuta déning Allah." Wong kabèh nuli padha nyauri, "Amin," sarta padha memuji marang Allah. Para penggedhé mau padha netepi kesaguhané.

14Enggonku dadi gubernur ing Yéhuda lawasé wis 12 taun, yakuwi wiwit taun rong puluh tekan taun telung puluh loroné pepréntahané Raja Artahsasta. Selawasé kuwi aku lan kanca-kancaku ora tau njupuk bayarku.

15Gubernur-gubernur sadurungé aku padha dadi sanggané rakyat, merga kanggo pangan lan angguré padha njaluk bayaran 40 dhuwit slaka saka rakyat. Malah para pegawéné iya padha nindhes rakyat. Nanging aku ora gelem tumindak mengkono, merga aku wedi marang Allah.

16Tenagamu dakperes kanggo pembanguné témbok lan aku ora njaluk piwales rupa lemah sakilan waé, senajan para réwangku kabèh padha mèlu nyambut-gawé ing pembangunan mau.

17Wong Yahudi 150 lan para penggedhéné kerep kembul mangan karo aku ing omahku, durung kepétung tamu-tamu saka bangsa-bangsa ing sakiwa-tengenku.

18Saben dina aku kudu ngetokaké dhuwit saka kanthongku dhéwé kanggo mbayar sapi siji, wedhus gèmbèl sing lemu nenem lan piyik ora sethithik. Kejaba kuwi pendhak sepuluh dina kudu ana cawisan anggur anyar. Éwasemono aku ora njaluk bayar merga pangkatku dadi gubernur mau, awit aku ngerti yèn sesanggan sing semono mau rakyat kaboten.

19Panyuwunku marang Allah, "Mugi kersaa ngèngeti sakathahing lelabetan kawula dhateng bangsa menika, sarta mugi kersa mberkahi kawula."


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Nehemia 5 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel