Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Nehemia 6 >> 

1Sanbalat, Tobia, Gèsyèm lan mungsuh-mungsuhku liyané padha krungu yèn enggonku padha mbangun témbok wis rampung. Témbok-témbok sing ambrol wis ditutup kabèh. Mung ineb-inebing lawang-lawang gapura durung padha dipasang.

2Sanbalat lan Gèsyèm melingaké aku, dikon teka arep diajak rembugan ana ing sawijining désa ing Lebak Ono. Nanging aku ngerti, yèn aku arep dipilara.

3Mulané aku mangsuli, "Aku ora bisa teka, merga isih ana gawéan penting. Yèn daktinggal rembugan karo kowé, pegawéan kuwi bakal kèthèr."

4Enggoné melingaké aku nganti rambah ping pat, nanging saben-saben wangsulanku padha waé.

5Kocapa bareng ping limané kongkonané Sanbalat teka nggawa layang bukakan,

6sing surasané mengkéné: "Aku olèh kabar saka Gèsyèm yèn bangsa ing kiwa-tengen kéné ana sing ngandhakaké yèn kowé lan wong Yahudi padha ngrancang arep mbrontak. Iya kandha yèn kowé arep ngangkat awakmu dhéwé dadi raja Yéhuda,

7malah wis akon nabi misudha kowé ing Yérusalèm. Kabar kuwi mesthi bakal kepireng déning Sang Prabu. Mulané kowé tekaa lan rembugana karo aku."

8Aku mangsuli mengkéné, "Kabèh sing kokkandhakaké kuwi omong-kosong. Kuwi mung gawéanmu dhéwé."

9"Mengkono caramu padha medèn-medèni aku kabèh, supaya aku padha lèrèn olèhku nyambut-gawé. Pandongaku marang Allah, ‘Dhuh Allah, mugi kersaa nyantosakaken kawula!’"

10Dhèk semana aku tilik menyang omahé Semaya bin Délaya, putuné Méhétabéèl, merga dhèwèké alangan ora bisa menyang panggonanku. Semaya muni mengkéné, "Sumangga kita kekalih sami ngumpet ing Pedalemanipun Allah. Korinipun lajeng kita kunci saking nglebet, mergi dalu menika wonten tiyang ingkang badhé nyédani panjenengan."

11Nanging aku mangsuli, "Aku iki dudu wong jirih sing gawéné mlayu. Apa kokkira aku kepéngin golèk slamet srana ngumpet ing Pedalemané Allah? Ora bakal!"

12Bareng dakrasak-rasakaké temenan, aku ngerti yèn tembungé Semaya mau ora saka Allah, nanging saka Tobia lan Sanbalat. Semaya wis dibeseli supaya ngandhakaké wangsit marang aku,

13kanggo medèn-medèni aku, supaya aku nuruti karepé sing jahat. Sebab srana mengkono dhèwèké olèh alasan kanggo ngala-ala aku lan gawé ora kajènku ing antarané bangsaku.

14Aku banjur ndedonga, "Dhuh Allah, mugi kersa ngèngeti pendamelipun Tobia lan Sanbalat menika. Mugi sami Paduka ukum! Mekaten ugi nabi èstri ingkang nama Noaya lan nabi sanès-sanèsipun ingkang badhé damel ajrih."

15Suwéné mbangun témbok mau sèket loro dina. Rampungé tanggal selawé sasi Élul.

16Mungsuh-mungsuhku sing ana ing antarané bangsa-bangsa sakiwa-tengené kono padha krungu, mula padha kisinan, sebab kabèh wong padha ngerti yèn pegawéan kuwi kelakoné srana pitulungané Allah.

17Selawasé kuwi para penggedhéné wong Yahudi padha kirim-kiriman layang karo Tobia.

18Tobia mau duwé kenalan akèh ing Yéhuda, merga dhèwèké kuwi mantuné Sekhanya bin Arah. Kejaba kuwi anaké Tobia sing jeneng Yohanan, kawin karo anaké wadon Mesulam bin Bèrékia.

19Senajan Tobia ora lèrèn-lèrèn nglayangi aku karo ngancam aku, éwasemono para penggedhéné wong Yahudi tansah ngiloni Tobia ana ing ngarepku. Kejaba kuwi kabèh, apa sing dakkandhakaké marang wong-wong mau, padha diterusaké marang Tobia.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Nehemia 6 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel