Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Nehemia 9 >> 

1(9:1-2) Bareng tanggal patlikur sasi kuwi uga, rakyat Israèl padha nglumpuk. Banjur padha pasa kanggo ngètokaké enggoné nggetuni dosané. Kanggo tandha yèn atiné susah, wong kabèh mau padha nganggo sandhangan bagor lan sirahé diwur-wuri lemah. Sawisé mengkono banjur padha ngadeg lan ngakoni dosané dhéwé lan dosané para leluhuré.

2(9:1)

3Kitab Torèt peparingé Allahé diwacakaké suwéné telung jam, diterusaké telung jam menèh kanggo ngakoni dosa-dosané. Sawisé mengkono banjur padha nyembah sujud marang Pangéran, Allahé.

4Ing kono ana panggungé kanggo wong Lèwi, Yésua, Bani, Kadmièl, Sebanya, Buni, Sèrèbya, Bani lan Kenani padha ngadeg ing panggung mau. Klawan swara sora wong-wong mau padha ndedonga marang Pangéran, Allahé.

5Pangibadah ing dina kuwi kawiwitan déning wong-wong Lèwi, kasebut ing ngisor iki: Yésua, Kadmièl, Bani, Hasabnéya, Sèrèbya, Hodia, Sebanya lan Pétahya. Pangucapé wong-wong mau: "Padha ngadega lan memujia marang Pangéran, Allah kita! Ngunjukna puji marang Panjenengané ing selawas-lawasé! Pinujia asmané Kang Mahaluhur. Asmané luhurna ing sakatogé."

6Rakyat Israèl banjur padha ndedonga mengkéné, "Paduka menika Allah, mboten wonten sanèsipun; Paduka ingkang nitahaken lintang-lintang lan langit. Ugi seganten lan bumi saisinipun, Paduka paringi gesang lan Paduka rimati. Sedaya pangwasa ing langit sami nyembah sujud, sami sumuyud lan sami jèngkèng dhateng Paduka.

7Paduka menika Pangéran, Allah ingkang mboten wonten tunggilipun. Abram Paduka pilih saking tengahing bangsanipun. Ur ing Kasdim dipun tilar, margi Paduka piyambak ingkang nuntun. Lajeng Paduka paringi nama énggal: Abraham, dados namanipun wiwit kala semanten.

8Krana piyambakipun setya lan mbangun-turut. Lajeng Paduka damel prejanjian langgeng kaliyan piyambakipun. Tanah Kenaan, Hèt lan Amori. Tanah Fèris, Yébus lan Girgasi, badhé Paduka paringaken piyambakipun, kadadosaken tanah pusaka kanggé tedhak-turunipun. Janji Paduka menika sampun Paduka tetepi, sebab Paduka menika adil lan saé ing penggalih.

9Paduka mirsani kasangsaranipun para leluhur ing wekdal kepengker. Paduka miyarsakaken pesambatipun ing Mesir lan ing Seganten Teberau.

10Paduka nindakaken kaélokan ing ngajengipun Sang Pringon tuwin ngajengipun para pegawé lan rakyatipun negari; mergi Paduka pirsa enggènipun misakit umat Paduka; inggih awit kaélokan wau asma Paduka misuwur dumugi dinten menika.

11Paduka mbelah seganten kanggé langkung umat Paduka. Paduka sabrangaken medal mergi ingkang asat. Tiyang ingkang sami ngoyak sami kleleb ing toya, kados séla ingkang kèrem ing seganten ganas.

12Ing wanci siyang sami Paduka tuntun mawi tugu méga, ing wanci dalu marginipun kapadhangan déning tugu latu.

13Saking swarga Paduka tumedhak dhateng Sinai, lajeng ngandikan kaliyan umat Paduka. Umat wau Paduka paringi angger-angger, prenatan lan pitedah ingkang adil, saé, leres lan migunani.

14Paduka dhawuhi nucèkaken dinten Sabbat; lantaran Musa, Paduka maringaken Torèt.

15Nalika sami keluwèn kekirangan tedha, Paduka paringi roti saking langit. Saking séla karang Paduka ngedalaken toya, minangka jampining ngelak. Paduka paringi negari supados dipun enggèni, Paduka janjèkaken kalayan sumpah.

16Nanging para leluhur kawula sami angkuh lan wangkal. Dhawuh-dhawuh Paduka mboten dipun lampahi.

17Sami mboten mbangun-turut; kesaénan Paduka dipun supèkaken, mekaten ugi sedaya mujijat Paduka. Kalayan angkuh sami milih pemimpin, sami kepéngin wangsul dhateng Mesir, dados réncang tumbasan. Nanging Paduka Allah ingkang lubèr ing pangapunten, sabar, mahamirah lan welasan. Katresnan Paduka mboten limrah, ngantos mboten Paduka tégakaken.

18Sami damel brahala rupi lembu; lajeng sami mungel, ‘Iki Allahmu, sing ngirid lakumu saka tanah Mesir, saka tanah pangawulan.’ Dhuh Allah, inggih Paduka piyambak ingkang sami dipun cecamah.

19Wonten ing ara-ara samun menika sami mboten Paduka tilar, mergi Paduka kebak kawelasan. Tugu méga lan tugu latu mboten Paduka icali, tetep dados panuntunipun siang lan dalu.

20Sami Paduka wulang srana pangwaos. Sami nedha manna lan ngombé toya saktuwukipun.

21Sekawan dasa taun laminipun wonten ing ara-ara, sami Paduka cekapi kabetahanipun. Sandhanganipun mboten naté risak, sukunipun mboten sami abuh.

22Sami Paduka paringi kemenangan temah sami nelukaken bangsa lan kraton kathah, mekaten ugi sedaya wilayah, kitha lan negari ing sakiwa-tengenipun. Hèsbon negarinipun Raja Sihon sami dipun rebat. Basan negarinipun Raja Og inggih dipun kawonaken.

23Anak-turunipun Paduka damel kathah kados lintang ing langit. Sami Paduka paringi siti minangka pémahan, lan negari, ingkang sampun Paduka janjèkaken dhateng leluhuripun.

24Tanah Kenaan sami dipun rebat, pendudukipun Paduka telukaken. Umat menika Paduka paringi pangwaos tumindak ing sasenengipun dhateng bangsa-bangsa lan raja-raja.

25Umat Paduka ngrebati bètèng-bètèng, siti ingkang loh, griya lan raja-brana; ngrebat sumur ingkang dipun kedhuk, kebon anggur, zaitun lan wowohan sanèsipun. Sami lema-lema mergi nedha ingkang dados karemenanipun. Sedaya peparing Paduka ingkang saé sami dipun nikmati.

26Nanging umat Paduka sami mbrontak lan mboten nglampahi dhawuh Paduka; sami nilar angger-angger lan prenatan Paduka, sami mejahi nabi-nabi ingkang ngèngetaken, supados piyambakipun sami wangsul dhateng Paduka, dhuh Allah. Dhuh Pangéran, saben-saben Paduka dipun cecamah déning umat Paduka.

27Pramila lajeng sami Paduka ulungaken dhateng mengsahipun, ngantos sami dipun jajah lan dipun tindhes sarta dipun siya-siya. Nanging salebeting kasisahanipun, lajeng sami sesambat dhateng Paduka nyuwun pitulungan. Saking swarga Paduka miyarsakaken, sarta paring wangsulan kanthi katresnan. Paduka ngutus pemimpin lan pahlawan ingkang ngluwari bangsa wau saking mengsah.

28Nanging samangsa negarinipun tentrem, lajeng sami damel dosa malih. Pramila lajeng Paduka ulungaken malih dhateng panindhesé mengsah. Nanging samasa sami ènget lan nlangsa, sarta sesambat dhateng Paduka, nyuwun kawilujengan. Paduka miyarsa saking swarga, lajeng Paduka pitulungi malih, mergi Paduka asih sanget dhateng umat menika.

29Sami Paduka èngetaken malih supados nurut dhateng dhawuh Paduka, nanging dhawuh Paduka sami dipun tampik kalayan angkuh. Mangka menawi dhawuh-dhawuh wau sami dipun turut, gesangipun mesthi badhé makmur. Pancèn umat Paduka sami wangkal lan wangkot ing manah, mboten purun nurut lan nglampahi dhawuh Paduka.

30Saben taun Paduka èngetaken kalayan sabar, lantaran para nabi, Roh Paduka ngandika dhateng piyambakipun. Nanging umat Paduka sami nutupi kupingipun, pramila lajeng Paduka ulungaken dhateng bangsa-bangsa manca.

31Nanging sarèhné sih Paduka tanpa wangenan, mila mboten Paduka tilar utawi Paduka tumpes. Saèstu, Paduka menika Allah ingkang mboten wonten tandhingipun; ageng sih lan kamirahan Paduka.

32Dhuh Allah, Allah kawula ingkang mahakwasa! Allah ingkang mahaluhur lan ngédab-édabi! Paduka netepi sumpah lan prasetyan Paduka, inggih sedaya janji Paduka, Paduka tetepi lan Paduka leksanani. Wiwit kala kawula sami katindhes déning raja Asyur ngantos samangké, kathah kasangsaran ingkang kawula alami. Para raja kawula, para imam, para nabi lan para pemimpin, para leluhur lan rakyat, sedaya sampun nandhang kasangsaran. Kasangsaran menika mugi sampun ngantos Paduka supèkaken! Sampun Paduka icalaken saking penggalih Paduka!

33Tindak Paduka menika leres, kawula ingkang dosa sami Paduka ukum. Paduka tetep setya, senajan kawula sami nglawan.

34Para leluhur kawula, para raja, para nabi lan para pemimpin kawula, sami nglanggar angger-angger Paduka lan Paduka dipun rèmèhaken. Dhawuh lan pepènget Paduka, mboten dipun gega lan mboten dipun gatosaken.

35Para raja lan umat Paduka berkahi ngantos sami makmur. Paduka paringi negari ingkang jembar, siti ingkang subur. Éwasemanten tumindakipun nasar, mboten purun sami ngabdi lan ngabekti dhateng Paduka.

36Samenika kawula sami dados abdi Paduka, ing negari ingkang Paduka paringaken dados pusaka. Siti menika subur, kathah asilipun, ingkang mesthinipun saged kawula nikmati.

37Asilipun tanah menika kedah kawula pasrahaken dhateng para rajaning negari. Para pangwasa menika Paduka angkat supados ngerèh umat Paduka. Minangka ukumané dosanipun rakyat dhateng Paduka, pangrèhipun sawenang-wenang dhateng kawula lan raja-raja kawula. Pramila samenika kawula sami sangsara, tansah ngraosaken ajrih lan sedhih!"

38Merga lelakon-lelakon mau kabèh, aku rakyat Israèl, padha gawé prejanjian sing kukuh lan katulis, nganggo dicap déning para penggedhé, para wong Lèwi lan para imamku.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Nehemia 9 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel