Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Pengkhotbah 7 >> 

1Jeneng sing kesuwur becik, kuwi ajiné ngungkuli lenga wangi sing larang regané. Lan dina matiné wong kuwi luwih becik ketimbang karo dina lairé.

2Layat ing panggonané wong mati kuwi luwih becik ketimbang nekani pésta, sebab wong urip rak selawasé ngélingaké awaké dhéwé yèn mbésuk bakal mati.

3Becik prihatin ketimbang gumuyu. Pancèn raimu katon sedhih, nanging budimu olèh pangertèn.

4Wong tanpa budi kuwi sing dipikir mung bab kasenengan, wong wicaksana sing dipikir bab ajalé.

5Pilih ngrungokaké pamelèhé wong wicaksana, ketimbang dialem déning wong tanpa budi.

6Guyuné wong tanpa pikiran kuwi kaya kumrètèké eri sing kobong, sing ora ana paédahé babar-pisan.

7Wong wicaksana sing nindhes pepadhané dadi tanpa budi; nyogok ngrusak budiné wong.

8Wekasané prekara luwih becik ketimbang karo wiwitané. Sabar sarèh luwih becik ketimbang gemunggung.

9Aja cepak nepsu; wong tanpa pikiran kuwi senengé ngendhem nepsu.

10Aja muni, "Kaanané jaman biyèn luwih becik ketimbang karo saiki." Pangucap sing mengkono kuwi nélakaké yèn kowé dudu wong pinter.

11Wong urip ing donya kudu wicaksana; nduwèni kawicaksanan mono beciké padha kaya nampani warisan,

12merga kawicaksanan kuwi awèh pengayoman, ora béda karo kasugihan. Kawicaksanan ngreksa uripé wong kuwi dhéwé.

13Nitènana pakaryané Allah, apa ana wong sing bisa nglencengaké barang sing dititahaké béngkong déning Allah?

14Ing mangsané ngalami kabegjan, bungah utawa nandhang karubedan, élinga yèn kabegjan lan karubedan kuwi sekaroné Allah kang nitahaké. Kowé ora ngerti apa sing bakal kelakon ing tembé.

15Akèh prekara sing daktitèni sajroning uripku sing tanpa guna iki. Kayata: Ana wong mursid sing mati ndhisik, mangka ana wong ala sing lestari urip.

16Mulané aja kemursiden lan aja keminter, sebab srana mengkono kowé gawé susahé awakmu dhéwé.

17Aja keladuk durakamu lan aja kebangeten enggonmu tanpa budi. Sekaroné njalari kowé mati sadurungé wektuné.

18Mulané loro-loroné singkirana. Cekaké pangibadah marang Allah kuwi dalaning kabegjan.

19Kawicaksanan mono paédahé kanggo sing duwé, luwih gedhé ketimbang karo pangwasa sepuluh sing mréntah negara.

20Ing donya kéné ora ana wong siji-sijia sing mung gawé becik waé, lan ora tau gawé dosa.

21Aja ngopèni omongané saben wong, supaya aja nganti krungu menawa dipujèkaké ala déning baturmu,

22mangka kowé mesthi rumangsa yèn kowé dhéwé kerep nyatur alané wong liya.

23Kabèh kuwi wis daktliti kanthi kawicaksanan. Aku pancèn kepéngin banget dadi wong wicaksana, nanging durung tau kelakon.

24Sapa sing ngerti maknaning urip? Tumraping kita kuwi prekara sing jero banget, kejeron menawa arep dijajagi.

25Aku mantep arep ngudi golèk kawicaksanan lan wangsulan tumraping pitakonan-pitakonan sing ana ing atiku, semono uga kepéngin ngerti apa satemené piala lan apa sing diarani gemblung.

26Aku banjur nemu prekara sing paité ngluwihi pati, yakuwi wong wadon sérong. Katresnan sing dilairaké marang kowé kuwi jebulé kala-jiret utawa jaring, lan lengen sing dienggo ngrangkul kowé kuwi jebul ranté. Wong mursid dioncataké déning Allah, nanging wong dosa bakal kecandhak ing jaringé wong wadon mau.

27Pituturé Juru Khotbah mengkéné: Sajroné ngentèni wangsulané prekara mau aku saka sethithik nimbang-nimbang sekabèhé,

28supaya olèh kekenthelaning rembug, nanging meksa ora olèh. Ing antarané wong sèwu aku mung nemu wong lanang siji sing pinunjul, nanging aku durung nemu wong wadon siji waé sing kaya ngono.

29Nanging prekara siji iki sing daktemu, yakuwi mengkéné: Manungsa katitahaké jujur lan lugu, nanging manungsa dhéwé gawé pokal pirang-pirang.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Pengkhotbah 7 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel