Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Pengkhotbah 9 >> 

1Kabèh mau dakrasak-rasakaké sajroning ati kalawan ngetog kekuwatanku. Aku banjur ngerti yèn Gusti Allah nguningani tumindaké wong wicaksana, tekan carané enggoné nresnani lan enggoné nyengiti pisan, ora ana wong sing ngerti apa sing bakal kelakon.

2Nasib sing dialami wong becik lan wong ala, wong sing ngibadah lan sing ora ngibadah, wong sing nyaosaké kurban lan sing ora nyaosaké kurban, nyatané padha waé. Wong becik ora ngalami luwih becik ketimbang karo wong dosa. Wong sing wani sumpah karo sing ora,

3kabèh ngalami nasib padha. Kaya mengkono kaanané donya iki, lan kuwi ora bener. Sajegé urip ing donya wong-wong mau atiné kebak piala lan nélakaké bodhoné, wekasané padha mati.

4Nanging saben wong mau padha duwé pengarep-arep. Asu sing urip nasibé luwih becik ketimbang karo singa sing mati.

5Wong urip ngerti yèn bakal mati, nanging wong mati wis ora ngerti apa-apa. Iya wis ora olèh panduman menèh, sebab wis ora katut kepétung.

6Katresnané lan sengité apa déné drengkiné iya wis padha lebur kabèh. Lan wis ora mèlu-mèlu ing urusané wong sing isih urip.

7Mulané terusna enggonmu mangan kalawan bungah, ngombéa anggur kalawan senenging ati. Mengkono sing dadi keparengé Allah.

8Padha bungaha lan seneng-senenga.

9Uripa mukti karo bojo kekasihmu, sajroné kowé diparingi urip sing tanpa guna iki déning Allah. Nikmatana dina-dina sing tanpa guna mau, sebab kuwi pikolèhé kangèlanmu ana ing donya kéné.

10Sakèhé pegawéanmu lakonana sing temenan, sebab mbésuk kowé bakal mati lan ing donyané wong mati kowé wis ora bisa nyambut-gawé menèh, wis ora prelu mikir apa-apa, ora butuh kawruh lan kawicaksanan, mangka mrono kuwi paranmu.

11Aku iya weruh kaanan ing donya sing mengkéné: ing donya kéné ora mesthi wong sing banter playuné kuwi sing menang balapan, lan ora mesthi wong sing kendel kuwi sing menang perangé. Wong wicaksana ora mesthi duwé pegawéan, wong pinter ora mesthi dadi sugih, lan wong sing nyambut-gawéné apik ora mesthi olèh pangkat dhuwur. Saben wong bisa ngalami nasib sial.

12Mung kowé ora ngerti kapan tekané nasib sial mau. Kaya manuk sing ujug-ujug kena ing jaring, utawa iwak sing mlebu ing jala, kaya mengkono uga kita ujug-ujug ngalami nasib sial, ing wektu sing ora kita nyana-nyana.

13Aku iya weruh conto sing apik bab penganggepé wong ing donya iki tumraping kawicaksanan.

14Ana kutha cilik sing dienggoni wong mung sethithik. Kutha mau dilurugi perang déning sawijining raja sing gedhé pangwasané. Kutha mau banjur dikepung, arep diserbu srana nggempur bètèngé.

15Ing kutha kono ana wong miskin, sing wicaksana lan pinter banget. Wong mau satemené bisa nylametaké kutha kuwi, nanging ora ana sing duwé pikiran semono.

16Aku selawasé kandha yèn kawicaksanan kuwi luwih becik ketimbang karo karosan, nanging ora ana wong sing duwé penganggep yèn wong miskin mau iya bisa kadunungan kawicaksanan, lan ora ana wong sing nggatèkaké marang tembungé wong miskin.

17Luwih becik ngrungokaké tembung sarèh saka wong wicaksana, ketimbang karo tembungé penggedhé gemblung sing sora.

18Kawicaksanan luwih gedhé paédahé ketimbang karo gegaman, nanging wong ala siji bisa ngrusak pirang-pirang prekara sing becik.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Pengkhotbah 9 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel