Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Ratapan 1 >> 

1Adhuh sepi temen Yérusalèm saiki, kutha sing biyèn ramé kebak wong! Biyèn kutha sing kajèn-kéringan ing jagad, saiki dadi kaya randha. Biyèn kutha kang unggul, lan kinurmatan. Saiki para penggedhéné padha dadi batur-tukon.

2Sewengi muput enggoné nangis kelara-lara, luhé dlèwèran ana ing pipiné. Kanca-kancané kabèh wis ora ana sing gelem nglipur dhèwèké. Mitrané wis padha nyidrani kabèh lan saiki wis padha malih dadi satruné.

3Wong-wong Yéhuda wis padha dadi batur-tukon sing memelas, kabedhol saka tanahé. Padha manggon ana ing tanah manca, tanah sing dudu tanahé. Dikepung déning para satruné, ora bisa oncat saka kono.

4Saiki ora ana sing sowan ing Pedalemané Allah, ngabekti ing dina riaya. Para prawané padha sangsara, lan para imamé padha nggresah. Gapurané kutha dadi suwung, lan saiki kutha Sion kaya wong kesrakat.

5Dikwasani déning mungsuhé, digegem kenceng ing tangané. Pangéran piyambak sing ngganjar kasangsaran merga saka sakèhé pialané. Anak-anaké padha direbut lan digawa lunga.

6Yérusalèm wis koncatan kamulyané. Para pemimpiné wis tanpa daya, kaya menjangan sing keluwèn, kentèkan tenaga samasa mlayu, nyingkiri sing mbebedhag.

7Bareng wis dadi gempuran sing sepi, suwung, Yérusalèm kèlingan mompyoré dhèk jaman-jaman kepungkur. Nalika ditelukaké mungsuh, ora ana sing nulungi. Para satruné padha nyawang karo nggeguyu.

8Yérusalèm wis ora kajèn; wis diblèjèdi lan dirèmèhaké. Saiki ngresula, rainé ditutupi saka isiné. Yérusalèm wis dadi najis, merga saka dosané srana tumindak nistha.

9Najisé katon cetha wéla-wéla, nanging ora mikir bakal wekasané. Tibané kanteb, mangka ora ana sing nglipur. Mungsuhé padha menang, mangka Yérusalèm sambat-sambat marang Pangéran nyuwun piwelas.

10Para mungsuhé wis ngrampog sakèhé raja-branané. Wong-wong weruh dhéwé mungsuhé padha mlebu Pedalemané Allah, panggonan sing miturut dhawuhé Pangéran ora kena dileboni déning wong kapir.

11Wong-wongé padha sambat samasa golèk apa sing arep dipangan. Raja-kayané padha diijolaké pangan supaya isih bisa urip. Kutha mau sesambat, "Mugi kersa mirsani kawula, dhuh Allah; kersaa mirsani kawula, déné semanten kanisthan kawula."

12Saben wong sing liwat disambati, "Sawangen aku! Rak ora ana wong sing sangsarané kaya aku. Pangéran wis nekakaké kasangsaran marang aku, merga saka dukané!

13Panjenengané ngutus geni saka langit, geni sing murub ana ing njeroku. Aku dipasangi kala-jiret, banjur dibanting ing lemah. Aku banjur ditégakaké, ditilar ngalami sengsara sing ora ana entèké.

14Sakèhé dosaku dicathet lan dibongkok dadi siji. Banjur digandhulaké ana ing guluku, aku nganti mèyèk-mèyèk kabotan. Pangéran ngulungaké aku marang para mungsuhku, sing aku ora bisa nandhingi.

15Para prejurit sing dakendel-endelaké mung dirèmèhaké déning Pangéran. Panjenengané nekakaké mungsuh numpes para nonomanku. Wong-wongku padha diidak-idak kaya wong mipit anggur ing pemipitan.

16Kuwi sing njalari aku nangis kelara-lara, mangka ora ana sing nglipur aku utawa nggedhèkaké atiku. Aku wis ditelukaké déning mungsuh; wong-wongku wis ora duwé apa-apa.

17Tanganku wis dakulungaké, nanging ora ana wong sing nyandhak. Pangéran wis nekakaké para mungsuhku saka kéblat papat. Penggawéné marang aku presasat aku iki barang najis.

18Nanging Pangéran kuwi adil; kabèh mau merga aku nglawan Panjenengané. Padha rungokna, hé sakèhé wong ing ngendi waé, sawangen, seméné gedhéné kasangsaranku. Para nonomanku lanang lan wadon wis padha ditawan lan digawa lunga.

19Aku celuk-celuk para mitraku, nanging ora ana sing sudi nulungi aku. Para imam lan para pemimpin padha mati ing dalan-dalan ing kutha kéné, merga golèk pangan kanggo urip.

20Dhuh Pangéran, mugi mirsani enggèn kawula kraos badhé pejah; nyawa kawula ajrih sanget. Manah kawula remuk déning sisah margi ngraosaken dosa-dosa kawula. Ing samargi-margi wonten pepejah; malah ugi ing salebeting griya.

21Dhuh Pangéran, mugi miyarsakaken pesambat kawula. Para mengsah kawula sami bingah-bingah, déné kawula sampun Paduka tumpes. Mugi kersa ndhatengaken dinten ingkang sampun Paduka janjèkaken; para mengsah kawula kadamela sangsara kados kawula.

22Piawonipun mugi Paduka dhawahi paukuman; mugi Paduka ukum kados enggèn Paduka ngukum dosa kawula. Kawula sesambat ing salebeting kasangsaran, lan manah kawula sakit sanget!"


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Ratapan 1 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel