Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Ratapan 3 >> 

1Aku iki wong sing wis ngrasakaké diukum déning Allah!

2Aku digiring mlebu ing pepeteng, saya suwé saya jero.

3Aku digebagi bola-bali tanpa welas.

4Dagingku padha suwèk, nganti kaya mangap-mangapa, balungku padha tugel.

5Aku dilebokaké ing pakunjaraning kasangsaran sing nggegirisi.

6Aku dipeksa manggon ing jagading wong mati sing ora ana entèk-entèké.

7Aku diblenggu nganggo ranté; nganti ora duwé pengarep-arep bisané oncat.

8Aku jerit-jerit njaluk tulung, nanging Allah ora miyarsakaké.

9Lakuku gloyoran, nanging menyanga ngendi paranku, aku dialang-alangi déning témbok.

10Panjenengané ngadhepi aku kaya bruwang, kaya singa enggoné nubruk aku.

11Aku dilarak saka dalan, banjur disempal-sempal lan ditinggal lunga.

12Panjenengané ngasta gendhéwa, lan aku didadèkaké lés-lésané panahé.

13Panahé ngenani awakku, nancep jero ana ing dagingku.

14Wong-wong padha nggeguyu aku sedina muput; aku dadi pepoyokané wong kabèh.

15Cangkemku dicangar, diombèni ombèn-ombèn sing pait banget, aku nganti wareg pangan lan ombèn-ombèn sing sarwa pait.

16Raiku digosok-gosokaké ing lemah lan untuku rampal kabèh kena watu.

17Wis suwé aku ora tau ngrasakaké kepénak, aku nganti lali apa sing diarani katentreman lan kabegjan.

18Uripku wis ora suwé menèh. Pengarep-arepku marang Allah wis ilang.

19Ngrasakaké larané awakku, lan enggonku wis ora duwé papan padunungan menèh, kuwi kasusahan sing paité kaya wisa.

20Kuwi sing tansah dakpikir, nganti supek rasané atiku.

21Nanging saprekara sing njalari pengarep-arepku tuwuh menèh:

22Yakuwi yèn sihé Pangéran, lan kawlasané mesthi ora bakal mandheg.

23Tansah seger lan ganti-gumanti saben ésuk, kena dipesthèkaké kaya plethèké srengéngé.

24Aku ora duwé apa-apa kejaba mung Pangéran piyambak, mulané mung Panjenengané piyambak sing dakendelaké.

25Pangéran kuwi saé tumrap wong sing ngendelaké marang Panjenengané; kanggoné wong sing ngupaya Panjenengané.

26Becik wong nganti-anti pitulungan kanthi sabar, sing nekakaké pangluwaran marang kita.

27Lan sing becik dhéwé kuwi yèn kita sinau sabar wiwit isih enom.

28Yèn lagi nandhang susah, lungguha dhéwékan, sing sabar lan menenga waé.

29Tumungkula karo pasrah marang Pangéran, sebab bisa uga isih ana pengarep-arep.

30Senajan diantemi lan dipoyoki, kabèh mau tampanana tanpa ngresula.

31Pangéran kuwi mahawelas, lan enggoné nyébrataké ora selawasé.

32Senajan Panjenengané maringi kasusahan, nanging katresnané marang kita nyata lan kebak pangwasa.

33Awit Panjenengané ora remen gawé susah utawa milara kita.

34Pangéran pirsa yèn ati kita remuk ing pakunjaran.

35Panjenengané pirsa yèn wewenang peparingé marang kita disawenang-wenang ing wong.

36Panjenengané pirsa yèn ana ing pengadilan, keadilan dislèwèngaké.

37Mung kersané Pangéran piyambak sing mesthi klakon.

38Ala lan becik kuwi klakoné atas dhawuhé.

39Yagéné kita padha nggresah yèn kita kaukum merga saka dosa kita.

40Mulané ayo padha nliti kelakuan kita lan mratobat marang Pangéran.

41Ayo padha ngakoni dosa kita marang Allah karo ndedonga,

42"Kawula sampun sami damel dosa lan mbaléla dhateng Paduka, mangka Paduka mboten paring pangapunten.

43Malah kawula Paduka kuya-kuya lan Paduka pejahi. Kawlasan Paduka kaaling-alingan déning paukuman Paduka.

44Ingkang kados mendhung kandel, ngantos mboten saged katembus déning pandonga kawula.

45Kawula Paduka dadosaken barang tampikan ing antawisipun bangsa-bangsa ing salumahing bumi.

46Kawula dipun ungel-ungelaken déning para mengsah kawula.

47Kawula sampun karisak lan kagempur; kawula sami gesang ing satengahing bebaya lan pagiris.

48Mripat kawula trocosan ngedalaken luh margi enggèn kawula nangisi bangsa kawula ingkang katumpes.

49Luh kawula badhé kaesokaken kados ilining lèpèn.

50Ngantos Paduka mirsani kawula saking swarga.

51Manah kawula sedhih sanget menawi kawula sumerep kedadosan ingkang dipun alami déning para tiyang èstri ing kitha kawula.

52Kawula kados peksi kénging kala-jiret ingkang kapasang déning para mengsah kawula, ingkang sengit dhateng kawula tanpa sebab.

53Kawula kacemplungaken ing sumur, sumuripun lajeng katutup mawi séla.

54Kawula sampun mèh kleleb, mila nginten bilih ajal kawula sampun celak.

55Saking dhasaring sumur kawula nyebut asma Paduka, dhuh Allah.

56Lan nalika kawula ndedonga supados Paduka miyarsakaken panjerit kawula, Paduka lajeng nanggapi.

57Paduka paring wangsulan lan ngandika bilih kawula mboten sisah ajrih.

58Paduka rawuh lajeng ngluwari nyawa kawula, dhuh Allah.

59Mugi kersa maringi keadilan dhateng kawula, awit Paduka pirsa pendamel awon ingkang katindakaken dhateng kawula.

60Paduka pirsa kados menapa sengitipun para mengsah dhateng kawula.

61Paduka miyarsa enggènipun sami nyenyamah kawula, dhuh Allah, Paduka pirsa sedaya pangancamipun.

62Sadinten-dinten namung sami nyatur kawula lan ngrantam-ngrantam menapa ingkang badhé katindakaken dhateng kawula.

63Rinten dalu mboten kendhat, enggènipun ngina kawula.

64Dhuh Allah, tiyang-tiyang menika mugi Paduka ukum mergi saking pendamelipun.

65Paduka ipat-ipatana lan manahipun kadamela semplah!

66Mugi Paduka oyak ngantos ambruk, lajeng Paduka sirnakaken saking bumi."


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Ratapan 3 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
© 2010-2018
Alkitab.SABDA.org

Android.SABDA.org
SABDA.mobi
Bantuan
Dual Panel

Laporan Masalah/Saran