Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Ratapan 4 >> 

1Emas kita sing biyèn mencorong wis dadi surem; watu-watuné Pedalemané Allah pating slebar ana ing dalan-dalan.

2Para nonomané Sion sing tumraping kita ajiné kaya emas, saiki dianggep kaya grabah, ala, ora ana ajiné.

3Asu ajag gelem nusoni anak-anaké, nanging bangsaku kaya manuk unta ing segara wedhi, padha tegel karo anak-anaké.

4Padha ditégakaké mati kasatan lan kaliren; bocah padha ngrintih njaluk pangan, nanging ora ana sing mènèhi.

5Wong-wong sing biyèn kulina mangan pangan pilihan sing énak dhéwé, saiki padha mati ing dalan-dalan. Wong sing biyèn kulina urip méwah saiki padha ngolak-alik pawuhan golèk pangan.

6Umat-Ku nampa paukuman sing luwih abot tinimbang wong Sodom, sing katumpes dadakan déning astané Pangéran.

7Para putrané raja kita padha ora kalépétan najis, padha resik kaya salju, gagah lan rosa, badané waras lan seger-seger.

8Saiki ora ana sing kenal, padha pating glimpang ana ing dalan-dalan, rupané ireng kaya wong sing arep mati; kulité garing kaya kayu, kisut kelèt balungé.

9Sing mati ing peprangan luwih begja ketimbang karo sing urip, nanging mati kaliren alon-alon, merga ora ana sing dipangan.

10Cilaka wong sing nekani umatku sing nggegirisi banget; ibu sing lumrahé gemati marang anak-anaké, tegel ngolah anaké dhéwé banjur dipangan.

11Pangéran wis ngesokaké dukané sakatogé, lan nyumed geni ing Sion sing ngobong samubarang tekan dhasar-dhasaré.

12Wong ing ngendi waé, senajan raja-raja manca pisan, padha ngaku yèn mungsuh endi waé ora bakal bisa nggempur gapurané Yérusalèm.

13Nanging meksa bisa klakon, merga para nabiné wis padha nglakoni dosa, lan para imamé padha nglanggar tatanan, mula njalari patiné wong akèh sing ora salah.

14Para pemimpin padha mlaku ing dalan kaya wong wuta sing sandhangané glépot getih, nganti ora ana wong sing wani nggepok.

15Wong-wong padha alok-alok, "Sumingkira, aja nggepok aku!" Dadi para pemimpin mau banjur padha nglambrang marani bangsa siji menyang sijiné, nanging ora ana sing gelem kanggonan.

16Pangéran wis ora menggalih wong-wong mau menèh, malah dibuyaraké déning astané piyambak. Panjenengané wis négakaké para imam; lan para pemimpin, ora padha diwelasi.

17Aku padha ngarep-arep muga-muga ana pitulungan, nanging ora ana pitulungan teka. Kita padha nganti-anti pitulungan saka bangsa, sing ora bisa awèh apa-apa.

18Mungsuh tansah ndingkik kita, nganti kita padha ora wani mlaku ana ing dalan. Aku wis tekan ajalku. Iki wekasané uripku.

19Sing ngoyak-oyak aku rikaté ngungkuli manuk garudha sing nyamber saka langit. Aku padha dioyak-oyak ing gunung-gunung, lan digropyok ana ing ara-ara samun.

20Sing dicekel dhisik sumbering urip kita, yakuwi Sang Prabu, pilihané Pangéran piyambak. Sang Raja sing kita endelaké bakal paring pengayoman samasa kita diserang déning mungsuh.

21Hé wong Édom lan wong Uz, padha ngguyua mumpung isih bisa ngguyu. Sebab kowé iya bakal ketekan paukuman, kowé iya bakal dadi mendem, banjur gloyoran karo cucul sandhangan dhéwé.

22Sion wis nampa piwalesé dosané. Pangéran bakal ora marengaké kowé kesuwèn ana ing pambuwangan. Nanging hé Édom, kowé bakal diukum déning Pangéran. Panjenengané bakal mbusak sakèhé dosamu.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Ratapan 4 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel