Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Roma 1 >> 

1Layang iki saka aku, Paulus, abdiné Gusti Yésus Kristus, sing dipilih lan ditimbali déning Gusti Allah, supaya ngabaraké Injil.

2Injil kuwi Kabar Kabungahan bab kebabaring janjiné Gusti Allah, sing dhèk biyèn didhawuhaké lantaran para nabi, katulis ana ing Kitab Suci.

3Yakuwi bab Gusti Yésus Kristus, Putrané Allah. Manut tata kamanungsané Gusti Yésus turuné Sang Prabu Dawud;

4nanging sajatiné Panjenengané kuwi Putrané Gusti Allah Kang Mahakwasa, ketitik saka enggoné diwungokaké saka ing séda.

5Lantaran Panjenengané mau, aku wis diparingi kanugrahan déning Gusti Allah, ditimbali dadi rasul iki kadhawuhan nuntun sakèhing bangsa supaya padha precaya lan mbangun-turut marang Gusti Allah.

6Kowé sing padha manggon ana ing Rum, wis dadi kagungané Sang Kristus klebu ana ing bangsa-bangsa mau.

7Mulané aku nulis layang iki marang kowé, awit kowé uga padha katimbalan dadi umat kagungané. Gusti Allah, Rama kita lan Gusti Yésus Kristus maringana sih-rahmat lan katentreman marang kowé.

8Luwih dhisik aku saos sukur marang Gusti Allah, lantaran Gusti Yésus Kristus, merga precayamu sing wis kesuwur ing salumahing bumi.

9Gusti Allah sing dakbektèni klawan éklasing ati srana ngabaraké Injil bab Putrané, pirsa yèn sing dakkandhakaké kuwi nyata. Gusti Allah pirsa, yèn saben aku ndedonga, tansah ngèlingi kowé.

10Panyuwunku, muga saka kersané Gusti Allah piyambak, aku kepareng niliki kowé.

11Awit aku kepéngin banget ketemu karo kowé, supaya aku bisa nglantaraké berkah sing daktampa saka Sang Roh Suci marang kowé, murih santosamu.

12Karepku supaya kowé lan aku disantosakaké bebarengan; aku merga saka precayamu, lan kowé merga saka precayaku.

13Para sedulurku, aku wis kerep ngrancang arep niliki kowé, nanging tansah ana-ana waé alangané. Aku kepéngin supaya pegawéanku ana ing antaramu uga njalari wong akèh padha mratobat, ora béda karo sing wis kelakon ana ing antarané para bangsa dudu Yahudi.

14Sebab aku duwé kuwajiban marang para bangsa kabèh, iya sing kabudayané luhur, iya sing asor, iya sing pinter, iya sing bodho.

15Kuwi sing dadi sebabé aku kepéngin ngabaraké Injil mau, uga marang kowé, sing padha manggon ana ing kutha Rum.

16Aku yakin, yèn Injil kuwi pangwasané Gusti Allah, sing nylametaké wong kabèh sing precaya marang Gusti Yésus Kristus, luwih-luwih wong Yahudi, semono uga wong-wong sing dudu Yahudi.

17Awit Injil kuwi nuduhaké enggoné Gusti Allah ngrukunaké manungsa karo sarirané piyambak, mung lantaran precaya marang panjenengané, wiwit-wiwitan tekan pungkasan, kaya sing katulis ing Kitab Suci: "Wong sing dirukunaké karo Gusti Allah lantaran precaya, kuwi sing bakal urip!"

18Bebenduné Gusti Allah tumrap sakèhing dosa lan durakané manungsa kadhawahaké saka swarga, sebab duraka mau ngalang-alangi manungsa, nganti padha ora weruh marang kasampurnan.

19Gusti Allah ngukum manungsa, jalaran bab kawontenané Gusti Allah, kuwi manungsa wis cetha kabèh. Iya Gusti Allah piyambak sing maringi weruh.

20Wiwit jagad dititahaké, kawontenané Gusti Allah sing ora ketingal, yakuwi pangwasané sing langgeng sarta ka-Allahané, wis diketingalaké kanthi cetha ana ing samubarang sing dititahaké, mulané manungsa wis ora bisa sélak.

21Manungsa ngerti, nanging Gusti Allah ora padha disaosi pakurmatan, lan padha ora saos sukur marang Panjenengané. Kosokbaliné sing dipikir malah prekara-prekara sing tanpa guna. Budiné dadi peteng lelimengan.

22Rumangsané wicaksana, nanging satemené bodho.

23Sing padha disembah dudu Gusti Allah sing sipat langgeng, nanging reca-reca sing digawé manut rerupaning manungsa sing ora langgeng, utawa manuk-manuk, kéwan-kéwan sikil papat, utawa kéwan-kéwan rumangkang.

24Sarèhné manungsa dadi bodho kaya mengkono, mulané Gusti Allah nguja manungsa nglakoni prekara-prekara sing asor lan nistha manut sasenengé atiné. Kabèh padha nglakoni prekara-prekara sing rusuh.

25Kasetyané Gusti Allah dilironi goroh. Wong-wong mau padha luwih seneng lan ngabekti marang barang gawéané dhéwé ketimbang karo Gusti Allah, sing nitahaké, sing mesthiné diluhuraké ing selawas-lawasé. Amin.

26Merga saka iku, Gusti Allah masrahaké wong-wong mau marang hawa-nepsuné dhéwé sing rusuh. Wong wadon padha tumindak rusuh ninggal kalumrahan.

27Mengkono uga wong lanang padha nyimpang saka patrapé sanggama sing lumrah karo wong wadon, nanging padha birai karo pepadhané wong lanang. Lanang karo lanang padha tumindak nistha, nganti padha nampa piwales sing timbang karo dosané mau.

28Sarèhné rumangsané ora prelu wanuh marang Gusti Allah, mulané Gusti Allah négakaké. Pikirané wong-wong mau dadi rusak, nganti padha nglakoni sing ora patut.

29Atiné padha kebak piala, duraka lan srakah; padha drengki, seneng gawé pati, kerengan, culika, lan seneng gawé susahé liyan.

30Padha umuk, lan ngundhat-undhat, ngala-ala jenengé wong liya, sarta sengit marang Gusti Allah. Padha kurang ajar, gumunggung lan gumedhé. Wong-wong mau padha sugih réka kanggo nglakoni piala, sarta nglawan marang wong tuwa,

31murang-sarak, ora netepi janji, gampang ninggal kuwajiban lan ora duwé welas marang sapepadhané.

32Senajan padha ngerti yèn manut angger-anggeré Gusti Allah, wong sing padha nglakoni mengkono mau mesthi diukum pati, éwasemono ora kapok, malah iya ngrujuki wong-wong liya sing uga nindakaké mengkono.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Roma 1 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel