Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Roma 10 >> 

1Para sedulurku, pamujiku kanthi tulusing atiku supaya wong-wong sebangsaku bisaa kapitulungan slamet. Aku tansah ndedonga marang Gusti Allah kanggo wong-wong mau.

2Aku neksèni, yèn wong-wong kuwi padha ngabekti banget marang Gusti Allah. Nanging pangabektiné ora adhedhasar kawruh sing sejati.

3Wong-wong mau padha ora ngerti patrapé Gusti Allah enggoné nunggilaké manungsa karo Panjenengané. Wong-wong mau padha nyoba golèk dalan dhéwé; mulané padha ora gelem milih dalam peparingé Gusti Allah, supaya manungsa katunggilaké karo Panjenengané.

4Sebab Sang Kristus wis netepi Torèt, supaya saben wong sing precaya marang Panjenengané, ditunggilaké karo Gusti Allah.

5Kaya sing ditulis Nabi Musa, yèn wong enggoné dirukunaké karo Gusti Allah kuwi srana mbangun-turut marang Torèt, uniné tulisan mau mengkéné: "Wong sing netepi Toret, bakal olèh urip merga déning Torèt."

6Nanging piwulang sing mratélakaké, yèn kita iki katunggilaké karo Gusti Allah merga precaya, dhawuhé Kitab Suci mengkéné, "Aja mikiraké, ‘Sapa sing bakal munggah menyang swarga?’ (yakuwi supaya ngudhunaké Sang Kristus),

7utawa ‘Sapa sing arep mudhun menyang nraka?’ (yakuwi supaya nggawa Sang Kristus munggah, wungu saka séda)."

8Karepé mengkéné: "Pangandikané Gusti Allah kuwi cedhak banget karo kowé, yakuwi ana ing lambému lan ana ing sajroné atimu," mengkono pangandika bab precaya, sing padha dakwartakaké.

9Menawa lambému padha ngakoni, yèn "Yésus kuwi Gusti," lan kowé precaya ing sajroné atimu, yèn Gusti Allah wis mungokaké Gusti Yésus saka ing séda, kowé bakal slamet.

10Sebab kita precaya ing sajroning ati kita, temah kita padha karukunaké karo Gusti Allah, lan kita ngakoni srana lambé kita, temah kaslametaké.

11Kitab Suci nyebut: "Sing sapa precaya marang Panjenengané, ora bakal kecuwan."

12Pangandika kuwi kanggo saben wong, sebab wonga Yahudi, wonga kapir, ora ana bédané. Gusti Allah kuwi mung siji, yakuwi Allahé wong kabèh. Panjenengané sing mberkahi klawan lubèr marang saben wong sing nyebut Panjenengané.

13Ayat ing Kitab Suci uga nyebutaké mengkéné: "Saben wong sing nyebut asmané Pangéran bakal slamet."

14Nanging kepriyé bisané wong padha nyebut asmané Gusti Allah, menawa durung padha precaya? Lan kepriyé bisané padha precaya yèn durung tau padha krungu pangandikané? Lan kepriyé enggoné padha bisa krungu pangandikané, yèn pangandika mau ora diwartakaké?

15Lan kepriyé enggoné diwartakaké, yèn ora ana sing diutus martakaké? Pangandikané Kitab Suci mengkéné: "Iba beciké wong sing padha teka nggawa pawarta becik."

16Nanging ora kabèh wong padha gelem nampa pawarta becik mau. Nabi Yésaya dhéwé ngandika: "Dhuh Pangéran, sinten ingkang badhé pitados dhateng pawartos ingkang kawula wartosaken?"

17Dadi precaya kuwi thukulé merga krungu pawarta, lan pawarta mau piwulang bab Sang Kristus.

18Saiki aku takon: Apa wong-wong kuwi durung krungu pawarta mau? Mesthi uwis! Awit ing Kitab Suci ana pangandika: "Swarané wong-wong sing nggawa pawarta kuwi sumrambah ing sajagad sarta tembungé wis tekan tapel watesé bumi."

19Aku takon menèh: Apa wong Israèl padha ora ngerti? Nabi Musa sing bakal mangsuli dhisik dhéwé, mengkéné: "Gusti Allah ngandika: ‘Aku bakal ndakèkaké kowé mèri karo umat, sing satemené ora kena diarani umat, lan Aku bakal gawé nepsumu marang bangsa sing bodho.’"

20Nabi Yésaya luwih kendel nalika ngandika: "Gusti Allah ngandika: ‘Aku ditemokaké déning wong-wong sing padha ora nggolèki Aku; Aku ngetingal marang wong-wong sing ora nakokaké Aku!’"

21Nanging tumraping bangsa Israèl, Nabi Yésaya ngandika: "Pangandikané Gusti Allah: ‘Sedina muput enggon-Ku mulung asta-Ku marang bangsa sing mbangkang lan madoni kuwi.’"


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Roma 10 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel