Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Roma 13 >> 

1Saben wong mbangun-turuta marang para pangwasané negara. Sebab ora ana pangwasa sing anané tanpa kersané Gusti Allah, lan para pangwasa sing ana kuwi kaadegaké déning Gusti Allah.

2Sapa sing nglawan marang pangwasa sing mbawahaké, kuwi ateges nglawan marang prenatané Gusti Allah. Lan saben wong sing nindakaké mengkono, kuwi nekakaké paukuman marang awaké dhéwé.

3Sebab wong sing nindakaké kabecikan ora prelu wedi karo penggedhé, kejaba yèn wong mau nglakoni piala. Apa kowé kepéngin urip tanpa wedi marang wong sing nyekel pangwasa? Yèn mengkono, padha nindakna apa sing becik, supaya kowé padha olèh pengalemé.

4Sebab wong sing nyekel pangwasa kuwi abdiné Gusti Allah, sing nyambut-gawé murih becikmu. Nanging yèn kowé nindakaké piala, wis samesthiné kowé wedi, sebab pangwasa kuwi abdiné Gusti Allah, wenang ngukum lan nindakaké bebenduné Gusti Allah tumrap wong sing nglakoni piala.

5Kuwi sebabé kowé kudu padha mbangun-turut marang para pangwasa, ora mung merga saka bebenduné Gusti Allah waé, nanging uga merga saka rumangsaning ati kita dhéwé.

6Iya merga saka kuwi kowé padha kuwajiban mbayar pajeg, sebab para pangwasa kuwi padha nyambut-gawé kagem Gusti Allah, srana padha nglakoni kuwajibané.

7Mulané padha mbayara marang pangwasa apa sing dadi kuwajibanmu; yèn pajeg ya pajeg; yèn hormat lan pakéring, iya ngurmatana lan padha éringa.

8Aja padha duwé utang marang sapa waé, kejaba utang katresnan marang padha sedulur. Sapa sing tresna marang sapepadhané, kuwi sing nglakoni angger-anggeré Gusti Allah.

9Awit angger-angger sing muni: "Aja laku bédhang, aja mematèni, aja nyolong, aja mélik" lan angger-angger liyané, kuwi kabèh wis kecakup ana ing dhawuh: "Tresnaa marang sapepadhamu dikaya enggonmu tresna marang awakmu dhéwé!"

10Sapa sing tresna marang pepadhané kuwi ora bakal nandukaké piala marang pepadhané mau. Sebab sing nandukaké katresnan, kuwi padha karo nglakoni angger-anggeré Gusti Allah.

11Prekara tresna tinresnan kuwi kudu padha koktindakaké, sebab kowé ngerti yèn saiki mangsané kowé padha tangi saka enggonmu turu. Sebab mangsané enggon kita padha kaslametaké kuwi saiki wis luwih cedhak ketimbang karo dhèk biyèn, nalika kita manjing precaya.

12Benginé wis mèh entèk, saiki wis mèh raina. Mulané ayo padha marèni nglakoni penggawé kang dilakoni ana ing petengan, lan ayo padha nggunakaké gegamaning perang ana ing padhangan!

13Tingkah laku kita sing becik, kaya déné wong sing urip ana ing wayah raina. Aja padha nguja pakareman mangan lan endem-endeman, aja laku jina sarta ngumbar hawa-nepsu, aja padha tukar padu lan aja kemèrèn.

14Nanging Gusti Yésus Kristus sing nemtokaké, apa sing kudu koktindakaké, karebèn aja mung padha nuruti pepénginaning daging sing dosa, mburu marang kemaremané hawa-nepsu.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Roma 13 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel