Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Roma 2 >> 

1Mulané para sedulurku, apa kowé padha wani ngadili wong liya, ing ngatasé kowé dhéwé kegolong wong sing ora bakal luput saka kesalahan? Merga yèn kowé ngluputaké wong liya, mangka kowé dhéwé luputé padha, apa kowé ora nibakaké paukuman marang awakmu dhéwé?

2Kita padha ngerti, yèn paukumané Gusti Allah tumrap wong-wong sing padha nglakoni mengkono mau, pancèn adil.

3Nanging kowé, para sedulur, kowé dhéwé rak iya padha nglakoni penggawé-penggawé kaya sing kokdakwakaké wong liya mau? Apa kokanggep kowé bisa uwal saka paukumané Allah?

4Utawa apa kowé arep ngrèmèhaké marang sih-kamirahané Gusti Allah sing gedhé banget kuwi lan kabecikané sarta kesabarané? Apa kowé ora ngerti yèn enggoné Gusti Allah ngetingalaké sih-kamirahané kuwi merga ngersakaké, supaya kowé padha mratobat marang Panjenengané?

5Kowé pancèn padha ndableg lan wangkot ing ati. Srana mengkono kowé mung gawé aboting paukumanmu dhéwé mbésuk ing Dina Kiamat, samasa bebenduné Gusti Allah lan paukumané dipatrapaké.

6Sebab Gusti Allah bakal males marang saben wong manut penggawéné.

7Marang wong sing tansah nglakoni kabecikan lan nganti-anti marang kamulyan lan kaluhuran sarta kelanggengan, Gusti Allah bakal maringi urip langgeng.

8Nanging wong sing srakah, sing nampik marang bebeneran, lan dhemen marang piala, bakal nampani bebendu lan dukané Gusti Allah.

9Saben wong sing nglakoni penggawé ala, bakal ngrasakaké momotan lan kasangsaran, embuh wong Yahudi utawa wong-wong bangsa liyané.

10Marang wong sing padha nglakoni kabecikan, Gusti Allah bakal maringi kamulyan, kaurmatan sarta katentreman, luwih-luwih wong Yahudi, mengkono uga wong-wong dudu Yahudi.

11Merga Gusti Allah ngadili saben wong tanpa pilih kasih.

12Wong-wong dudu Yahudi padha ora ngerti Torèté Nabi Musa. Wong-wong mau padha nglakoni dosa sarta padha kesasar, mula paukumané ora dhedhasar Torèt. Nanging wong Yahudi padha nduwèni Torèt. Wong mau padha gawé dosa lan bakal diukum manut surasané Torèt mau.

13Sebab wong enggoné dirukunaké karo Gusti Allah kuwi ora merga ngerti marang Torèt, nanging merga nglakoni apa sing didhawuhaké déning Torèt mau.

14Wong-wong kapir (dudu Yahudi) padha ora duwé Torèt, nanging yèn klawan éklasing ati nglakoni apa sing didhawuhaké déning Torèt mau, atiné wong mau dhéwé dadi angger-angger tumraping wong mau, senajan wong-wong mau padha ora duwé Torèt.

15Penggawéné wong mau dhéwé nélakaké yèn apa sing didhawuhaké déning Torèt, kuwi wis katulis ana ing atiné wong-wong mau. Swaraning atiné wong-wong mau dhéwé sing mbuktèkaké, jalaran iya swarané atiné dhéwé mau sok-sok ngluputaké, sok-sok mbeneraké penggawéné.

16Manut Injil sing dakwartakaké, iya kaya mengkono kuwi sing bakal kelakon mbésuk ing Dina Pengadilan; yèn Gusti Allah ngadili sakèhing wewadining ati lan pikirané, manungsa lantaran Gusti Yésus Kristus.

17Lah saiki kowé dhéwé kepriyé? Kowé ngaku wong Yahudi; ngandhemi marang Torèt lan kumandel marang Gusti Allah.

18Kowé padha ngerti kersané Gusti Allah, lan wis sinau saka Torèt, bab sing ala lan sing becik.

19Kowé padha yakin, yèn kowé kuwi dadi panuntuné wong sing wuta, lan dadi pepadhang tumraping wong sing padha ana ing pepeteng.

20Lan sing nggulawenthah wong sing bodho, sarta dadi guruné para nonoman. Kowé yakin, yèn saka Torèt mau kowé nampa sakèhing kawruh lan bebeneran.

21Kowé padha mulang wong liya, nanging yagéné kowé padha ora mulang awakmu dhéwé? Kowé muni: "Aja nyenyolong," nanging apa sebabé déné kowé dhéwé koknyolong?

22Kowé muni: "Aja laku bédhang!," nanging généa kowé dhéwé kokbédhang? Kowé padha sengit marang brahala, nanging yagéné kowé dhéwé malah ngrampog ana ing omah-omahé brahala?

23Kowé padha ngumukaké enggonmu duwé Torèt, nanging yagéné kowé padha gawé lingsemé Gusti Allah merga enggonmu ora nglakoni dhawuhé?

24Sebab ana tulisan: "Iya merga saka kowé asmané Gusti Allah dicecamah ana ing antarané bangsa-bangsa liya."

25Yèn kowé netepi Angger-anggering Torèt, tetakmu ana gunané, nanging yèn kowé ora netepi, tetakmu ora ana paédahé.

26Yèn wong dudu Yahudi ora tetak, nanging netepi Angger-anggering Torèt, apa Gusti Allah ora bakal nampa wong kuwi kaya wong sing wis ditetaki?

27Lan bangsa-bangsa mau bakal nyalahaké kowé, wong-wong Yahudi, merga kowé sing duwé Torèt lan tetak, nanging padha nerak Angger-anggering Torèt, mangka wong-wong padha ora tetak, nanging padha mbangun-turut marang Angger-anggering Torèt.

28Sebab sapa ta satemené sing disebut wong Yahudi kuwi? Lan sapa sing sejatiné ditetaki? Dudu wong sing enggoné dadi Yahudi merga saka kelairané, lan ditetaki manut tata lair.

29Wong Yahudi sing sejati, yakuwi wong sing jiwané Yahudi, sing tetak manut tata rohani. Kuwi pakaryaning Rohé Gusti Allah; dudu penggawéné Kitab Torèt. Wong mau olèh pangalembana saka Gusti Allah, ora saka manungsa.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Roma 2 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel