Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Roma 8 >> 

1Saiki wis ora ana paukuman menèh tumrapé wong sing ana ing patunggilané Sang Kristus.

2Sebab angger-anggeré Sang Roh Suci, sing nunggilaké urip kita karo Gusti Kristus Yésus, wis ngluwari kita saka angger-anggering dosa lan pati.

3Apa sing ora ditindakaké déning angger-angger merga sèkènging daging kita, kuwi saiki ditindakaké déning Gusti Allah piyambak. Panjenengané wis ngukum dosa sing ana badané manungsa srana ngutus Putrané piyambak, sing rawuh ngagem sipating manungsa dosa, kanggo nyirnakaké dosa.

4Gusti Allah enggoné nindakaké sing mengkono mau supaya Angger-anggering Torèt bisa kita tetepi ana ing badan kita, sing uripé manut pangrèhé Sang Roh Suci lan ora manut pangrèhing daging.

5Wong sing uripé manut pangrèhing daging, pikirané dierèh déning daging. Nanging wong sing uripé manut pangrèhé Rohé Gusti Allah, pikirané dierèh déning kersané Rohé Gusti Allah mau.

6Yèn pikiranmu dierèh déning daging, kuwi kowé bakal mati. Nanging yèn dierèh déning Rohé Gusti Allah, kowé bakal urip klawan tentrem.

7Wong sing pikirané dierèh déning daging, kuwi dadi satruné Gusti Allah, merga ora manut karo angger-anggeré Gusti Allah. Satemené wong mau pancèn ora bisa urip manut angger-anggeré Gusti Allah,

8mangka Gusti Allah ora rena ing ngatasé wong sing uripé padha dierèh déning daging.

9Nanging kowé wis ora manut pangrèhing daging, awit manut pangrèhing Roh; semono mau yèn Rohé Gusti Allah dedalem ana ing kowé temenan. Sapa sing ora nduwèni Rohé Sang Kristus ana ing uripé, wong kuwi dudu kagungané Sang Kristus.

10Nanging menawa Sang Kristus gesang ana ing kowé, senajana badanmu mati krana dosa, éwasemono Rohé Gusti Allah wis nguripaké kowé, merga kowé wis ditunggilaké karo Gusti Allah.

11Menawa Rohé Gusti Allah sing mungokaké Sang Kristus saka ing séda, dedalem ana ing kowé, Gusti Allah sing wis mungokaké Sang Kristus saka ing séda mau uga bakal nguripaké badanmu sing kena ing pati, srana Rohé sing dedalem ana ing kowé.

12Mulané para sedulurku, kita padha duwé kuwajiban, nanging ora supaya padha urip manut sipating kamanungsan kita.

13Sebab menawa kowé padha urip manut wataké kamanungsanmu, kowé bakal mati. Nanging menawa kowé padha urip manut Rohé Gusti Allah, lan matèni penggawému sing dosa, kowé bakal urip.

14Wong sing padha dierèh déning Rohé Gusti Allah, kuwi para putrané Gusti Allah.

15Sebab Roh sing diparingaké déning Gusti Allah marang kowé, kuwi ora ndadèkaké kowé dadi budhak, temah kowé padha urip sajroning wedi. Nanging kosokbaliné, Rohé Gusti Allah kuwi ndadèkaké kowé dadi para putrané Allah. Lan merga pangrèhé Rohé Gusti Allah kuwi, kita padha nyebut Gusti Allah: "Rama! Ramaku!"

16Rohé Gusti Allah mau bebarengan karo roh kita, nglairaké paseksi, yèn kita kuwi padha dadi putrané Gusti Allah.

17Lan sarèhné kita dadi putrané Gusti Allah, mula bakal padha nampa sakèhing panduman sing kacadhangaké déning Gusti Allah marang para putrané mau. Bebarengan karo Sang Kristus, kita uga bakal tampa samubarang, sing kacadhangaké déning Gusti Allah kagem Gusti Yésus Kristus; sebab menawa kita nglakoni sangsara bebarengan karo Sang Kristus, kita uga bakal olèh panduman kamulyané Sang Kristus mau.

18Sakèhing kasangsaran sing kita alami saiki, kuwi manut panemuku, ora tandhing babar-pisan karo kamulyan sing bakal kawedharaké marang kita.

19Sakèhing tumitah padha ngarep-arep banget marang dina enggoné Gusti Allah ngumumaké para putrané.

20Sebab sakèhing tumitah mau wis kena ing bebenduné Gusti Allah, lan wis dadi tanpa guna, ora merga saka karepé dhéwé, nanging merga saka kersané Gusti Allah. Senajan mengkono, isih ana pengarep-arep:

21Awit ing sawijining dina para tumitah bakal kaluwaran saka enggoné kawengku ing rusak, lan bakal dimerdikakaké lan dimulyakaké bebarengan karo para putrané Gusti Allah.

22Kita padha ngerti, yèn nganti sepréné sakèhing tumitah kuwi padha sesambat ngrasakaké lara kaya wong wadon sing lagi nglarani.

23Ora mung para tumitah sing padha sambat, nanging kita dhéwé ing batin iya padha nggresah: Yakuwi sajroning nganti-anti marang wektu enggoné Gusti Allah arep ngangkat kita dadi para putrané lan ngluwari badan kita sasampurnané, sanajan kita wis padha diparingi Rohé Gusti Allah, yakuwi peparing sing kaparingaké sepisanan.

24Enggon kita dislametaké kuwi srana pengarep-arep. Nanging yèn kita wis ndeleng apa sing kita arep-arep mau, kuwi wis dudu pengarep-arep menèh. Sebab sapa sing isih bakal ngarep-arep barang sing wis dideleng?

25Yèn kita ngarep-arep barang sing durung kita deleng, kita mesthi bakal nganti-anti klawan sabar.

26Mengkono uga Rohé Gusti Allah rawuh mitulungi kita sing sèkèng iki. Kita dhéwé ora ngerti kepriyé patrapé ndedonga sing bener; Roh piyambak sing ndongakaké kita marang Gusti Allah srana panggresah, sing ora bisa diucapaké nganggo tembung.

27Gusti Allah sing mirsa isining atiné manungsa, pirsa apa sing dikersakaké déning Roh mau; sebab Roh kuwi ndongakaké para umaté Gusti Allah, condhong karo sing dadi kersané Gusti Allah.

28Kita padha ngerti, yèn ing sadhéngah prekara, Gusti Allah makarya murih beciké wong sing padha tresna marang Panjenengané.

29Wong sing wis dipilih déning Gusti Allah, kuwi uga wis disengker, supaya dadia padha kaya Putrané, yakuwi Gusti Yésus Kristus, supaya Sang Putra mau dadia pembarep ing antarané sedulur akèh.

30Mulané wong sing wis padha disengker kuwi uga sing padha ditimbali, lan sing padha ditimbali kuwi sing ditunggilaké, karo sarirané. Lan wong sing padha ditunggilaké kuwi sing padha diparingi panduman kamulyané Sang Rama.

31Ngèlingi kuwi mau kabèh, saiki kita arep muni kepriyé? Menawa Gusti Allah piyambak nunggil karo kita, sapa sing wani nglawan kita?

32Gusti Allah ora ngéman Putrané piyambak, malah Sang Putra mau dipasrahaké marang kita kabèh. Menawa Putrané piyambak wis diparingaké marang kita, apa samubarang kabèh iya ora bakal diparingaké marang kita?

33Sapa sing wani nggugat marang umat sing dipilih déning Gusti Allah? Gusti Allah piyambak wis mratélakaké, yèn wong-wong kuwi ora salah.

34Apa ana wong sing bisa ngukum wong-wong mau? Gusti Yésus Kristus sing wis nglampahi séda, wis wungu lan banjur diparingi pangwasa déning Gusti Allah. Gusti Yésus mau malah dadi wakil kita ana ing ngarsané Gusti Allah.

35Sapa sing bisa misahaké kita saka sihé Sang Kristus? Apa kasusahan, apa rekasaning urip, apa panganiaya, apa keluwèn, apa kemiskinan, apa bebaya, apa pati?

36Kaya pangandika ing Kitab Suci: "Margi saking Paduka, kawula sami wonten ing salebeting bebaya pejah sedinten muput. Kawula sami kaanggep dados ménda sembelèhan."

37Ora mengkono! Kita unggul ing ngatasé kuwi mau kabèh, merga Panjenengané wis ngasihi kita!

38Sebab aku yakin yèn ora ana prekara sing bisa misahaké kita saka sihé Sang Kristus; senajan pati utawa urip, para malaékat utawa para pangwasa liyané sing ana ing swarga, ing jaman saiki, utawa sing bakal kelakon,

39senajan jagad sing ana ing dhuwur, utawa sing ana ing ngisor, lan titah apa waé, ora ana sing bisa misahaké kita saka sihé Gusti Allah sing wis kita tampani lantaran Sang Kristus Yésus, Gusti kita!


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Roma 8 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel