Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Rut 3 >> 

1Ora let suwé Naomi kandha karo Rut mengkéné, "Aku arep golèk dalan, supaya kowé bisa omah-omah menèh, lan ngopèni brayatmu dhéwé.

2Kowé rak nyambut-gawé bebarengan karo wong wadon-wadon ing sawahé Boas ta? Boas kuwi isih seduluré awaké dhéwé. Saiki kowé dakkandhani mengkéné: Soré iki Boas bakal teka ana ing sawahé, ngresiki jewawuté.

3Mulané kowé adusa, dandana, sandhanganmu sing apik dhéwé enggonen, lan nganggoa lenga wangi sethithik. Sawisé mengkono kowé maranana Boas, sing lagi ngresiki jewawuté. Ngentènana ana ing kono nganti dhèwèké rampung enggoné mangan lan ngombé, mung aja nganti kaweruhan Boas, yèn kowé ana ing kono.

4Titènana panggonané turu. Yèn Boas wis turu, paranana, kemulé sikil bukaken, banjur turona ing sacedhaké sikilé. Mengko kowé bakal dikandhani apa sing prelu koklakoni."

5Wangsulané Rut, "Inggih, bu. Kula badhé nglampahi menapa ingkang dados dhawuhipun ibu."

6Rut banjur mangkat menyang panggonané wong-wong sing padha ngiles jewawut. Ana ing kono Rut nindakaké welingé ibuné maratuwa.

7Bareng rampung enggoné mangan lan ngombé, Boas sing atiné lagi seneng mau banjur mapan turu, cedhak tumpukan jewawut. Bareng Boas wis turu, Rut banjur teka lan alon-alon mbukak slimuté Boas, sarta teturon cedhak ing sikilé.

8Tengah wengi Boas nglilir; kagèt banget weruh ana wong wadon turon ing kono.

9Banjur ditakoni, "Kowé kuwi sapa?" Wangsulané Rut, "Kula Rut, pak! Panjenengan menika sedhèrèk kula ingkang celak piyambak, ingkang kuwajiban nanggel panggesangan kula. Dados bapak kuwajiban nebus kula."

10Wangsulané Boas, "Kowé diberkahi déning Pangéran. Saiki ketitik yèn kabecikanmu marang kulawarga kita luwih gedhé ketimbang karo sing wis koklakoni marang ibumu maratuwa. Kowé rak bisa waé golèk bojo wong sing isih nom, sing sugih utawa sing miskin, nanging kowé ora gelem nindakaké sing mengkono.

11Mulané, aja sumelang, Rut. Penjalukmu bakal dakleksanani. Sakutha kéné kabèh wis padha ngerti yèn kowé kuwi wong becik.

12Pancèn bener, yèn aku sing kudu nanggung panguripanmu, merga aku iki sedulurmu cedhak. Nanging isih ana wong liya menèh, sing iya duwé kuwajiban, yakuwi wong sing luwih cedhak karo kowé tinimbang aku.

13Bengi iki kowé ngentènana ana ing kéné. Sésuk-ésuk wongé daktakonané apa saguh nindakaké kuwajibané kanggo kowé apa ora. Yèn dhèwèké gelem, ya sukur. Déné yèn ora, aku janji ing ngarsané Allah, yèn aku bakal netepi tanggung jawabku. Saiki becik turua ing kéné nganti ésuk."

14Rut banjur turu ing kono, cedhak sikilé Boas. Ésuk umun-umun, nalika isih peteng kabèh, Rut wis tangi, supaya aja konangan wong. Merga Boas ora seneng yèn nganti ana wong weruh Rut turu ing kono.

15Kandhané marang Rut, "Sléndhangmu jèrèngen ing kéné." Rut banjur njèrèng sléndhangé. Boas banjur nyuntak jewawut rong puluh kilogram ana ing sléndhang, lan ngréwangi ngangkat jewawut mau ing pundhaké Rut. Sawusé iku Boas banjur mulih menyang kutha.

16Satekané Rut ing omah, ibuné maratuwa takon, "Kepriyé nggèr kabaré?" Rut banjur nyritakaké kabèh sing dikandhakaké déning Boas.

17Pangucapé Rut menèh, "Jewawut menika inggih anggènipun nyukani, margi piyambakipun sanjang, bilih kula mboten kénging wangsul nglenthung."

18Tembungé Naomi, "Yèn mengkono Rut, kowé ngentènana waé kepriyé mengko dadiné. Boas ora bakal lèrèn-lèrèn, yèn durung mbèrèsaké prekara iki ing dina iki uga."


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Rut 3 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel