Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Titus 1 >> 

1Layang saka aku, Paulus, abdiné Allah lan rasulé Gusti Yésus Kristus. Aku kapilih lan kautus mbiyantu precayané umaté Allah kang pinilih; lan nuntun umat mau marang prekara sing bener manut piwulangé kaprecayan kita.

2Piwulang mau alandhesan pengarep-arep marang urip langgeng. Gusti Allah, kang setya wis njanjèni bab urip langgeng kuwi, sadurungé jaman kawiwitan.

3Ing wektu kang dikersakaké, Panjenengan wis medharaké janjiné mau ana ing Injil, sing dipitayakaké marang aku. Lan aku martakaké Injil mau atas dhawuhé Gusti Allah, Juru Slamet kita.

4Tumekaa marang Titus, anakku kasukman kang tunggal precaya marang Gusti Yésus Kristus. Muga-muga Allah Sang Rama lan Kristus Yésus, Juru Slamet kita, maringana sih-rahmat lan katentreman marang kowé.

5Enggonku ninggal kowé biyèn ana ing pulo Kréta kaé, supaya kowé ngrampungaké prekara-prekara sing isih prelu ditandangi. Uga supaya kowé netepaké pinituwa-pinituwa ana ing saben kutha. Aja lali marang piwelingku:

6Pinituwa kuwi kudu wong sing tanpa cacad; kudu mung duwé bojo siji, sing anak-anaké wis precaya, lan ora kalok wong sing mblunthah utawa ora mbangun-turut.

7Sarèhné pinituwa mau ngurusi pakaryané Allah lan dadi panuntuning pasamuwan, mulané kudu wong sing tanpa cacad. Wong sing ora gumunggung, ora brangasan, ora dhemen mendem, ora karem bandha.

8Pinituwa kudu wong sing seneng awèh pamondhokan, seneng marang kabecikan. Kudu bisa ngendhalèni awaké dhéwé, jujur, mursid lan tertib.

9Kudu ngantepi pangandikané Allah. Srana patrap mengkono pinituwa mau wani ngélingaké wong liya nganggo piwulang sing bener, lan nuduhaké keluputané wong sing padha nglawan piwulang mau.

10Sebab akèh wong sing padha ora setya, luwih-luwih wong Kristen tetakan, kuwi padha nasaraké wong liya srana piwulang sing néka-néka.

11Wong-wong sing piwulangé mengkono mau prelu énggal-énggal dibungkem, awit padha gawé bingungé brayat pirang-pirang srana piwulang sing ora bener. Karepé wong-wong mau satemené ngisin-isini banget, merga mung golèk untungé dhéwé.

12Tau ana nabiné wong Kréta dhéwé kandha: "Wong-wong Kréta kuwi dhemen goroh, kaya kéwan galak, wong-wong dremba sing kesèd."

13Apa sing dikandhakaké nabi mau bener. Mulané wong-wong kuwi kudu kokwelèhaké sing temenan, supaya precayané ora nylèwèng,

14lan ora padha kedayan déning dongèng-dongèngé wong Yahudi utawa prenatan-prenatané manungsa sing ngalang-alangi prekara sing bener.

15Tumrap wong sing pikirané resik, samubarang prekara dadi resik. Nanging tumraping wong-wong sing pikirané ora resik lan ora precaya, ora ana prekara siji waé sing suci; awit pikiran lan atiné wis reged!

16Wong-wong kuwi ngakuné precaya karo Gusti Allah, nanging penggawé-penggawéné nélakaké yèn wong-wong mau satemené ora precaya. Wong-wong mau seneng mbrontak lan ora bisa nindakaké kabecikan apa-apa.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Titus 1 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel