Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Ulangan 1 >> 

1Kitab iki isi andharané Musa marang bangsa Israèl nalika padha ngaso ana ing ara-ara samun sawétané Kali Yardèn. Yakuwi Lebak Yardèn, sacedhaké kutha Suf, ing antarané kutha Paran karo kutha-kutha ing sisih kanané, kayata kutha Tofèl, Laban, Hazérot lan Dizagab.

2(Saka Gunung Sinai menyang Kadès Barnéa metu pegunungan Édom kuwi suwéné sewelas dina.)

3Nalika tanggal siji, sasi sewelas, taun ping patang puluh kaétung wiwit budhalé saka tanah Mesir, Musa ngandharaké marang bangsa Israèl sakèhing prekara sing didhawuhaké déning Allah marang bangsa mau.

4Yakuwi sawisé Musa nelukaké Sihon, raja Amori, sing manggon ing kutha Hèsbon, lan Og raja Basan, sing ngratoni kutha Astarot lan Èndréi.

5Dadi nalika bangsa Israèl mau isih ana ing tanah Moab, sisih wétané Kali Yardèn, Musa wis wiwit awèh ketrangan bab dhawuh-dhawuh lan prenatan-prenatané Allah. Pengucapé Musa,

6"Nalika kita ana ing Gunung Sinai, Gusti Allah ngandika mengkéné, ‘Enggonmu manggon ing gunung kéné wis rada suwé.

7Mulané, kémahmu bedholen, lungaa menyang tanah pegunungané wong Amori lan daérah-daérah sakiwa-tengené, nganti tekan Lebak Yardèn. Saka kana menyang daérah pegunungan ing tanah ngaré sing sisih Kidul nganti tekan pesisiré Segara Tengah. Lungaa menyang tanah Kenaan, terus menyanga pegunungan Libanon, nganti tekan Bengawan Éfrat.

8Aku, Allah sing njanjèkaké tanah kuwi kabèh marang leluhurmu Abraham, Iskak lan Yakub, sarta anak-turuné kabèh. Padha mangkata mrana, lan padha manggona ing kana.’"

9Tembungé Musa marang bangsa mau, "Nalika kita ana ing Gunung Sinai, aku wis kandha, ‘Tanggung jawabku dadi pemimpinmu kuwi dakrasa kaboten kanggoné aku. Aku ora bisa nandangi dhéwé,

10merga Allah wis ndadèkaké kowé dadi akèh banget, kaya lintang ing langit.

11Muga-muga Allahé leluhurmu ndadèkaké kowé nganti tikel sèwu, dadi bangsa gedhé lan sarwa kecukupan kaya sing dadi janjiné!

12Nanging yèn aku dhèwèkan kaya mengkéné, kepriyé bisaku mikul tanggung jawab sing semono aboté, ngurusi prekara-prekaramu?

13Mulané saben taler miliha wong lanang sawetara sing wicaksana, sing duwé kepinteran lan pengalaman, supaya dakangkat dadi pemimpinmu.’

14Usulku mau wis padha koktampa becik.

15Mulané para wong sing wicaksana lan duwé pengalaman, sing wis kokpilih saka antarané taler-taler mau, wis dakangkat dadi pemimpinmu. Ana sing dadi pemimpiné wong sèwu, ana sing dadi pemimpiné wong satus, ana sing dadi pemimpiné wong sèket, lan ana sing dadi pemimpiné wong sepuluh. Aku uga wis ngangkat penggedhé-penggedhé liyané kadadèkaké pemimpiné taler-talermu.

16Nalika semono padha dakwènèhi tugas mengkéné, ‘Samasa ing antarané bangsamu ana tukar-padu, gatèkna lan putusana sing adil, iya prekaran sing ana ing antarané bangsamu dhéwé, utawa sing nyangkut wong manca sing manggon ing tengahmu.

17Poma, putusanmu aja abot sisih. Wong kabèh kudu diadili nganggo dhasar sing padha, ora kena pilih kasih, merga putusan sing koktibakaké kuwi asalé saka Gusti Allah. Yèn ana prekara sing angèl tumraping kowé, pasrahna aku, dakadilané.’

18Nalika semono aku usul marang kowé bab sakèhing prekara sing kudu padha koklakoni." dikirim saka Kadès Barnéa

19"Kita banjur nglakoni apa sing didhawuhaké déning Allah. Kita padha budhal saka Gunung Sinai, mlaku ngambah segara wedhi sing panas banget nggegirisi, ngener daérah pegunungané wong Amori. Satekané ing Kadès Barnéa,

20(1:20-21) aku kandha, ‘Saiki kowé wis padha tekan daérah pegunungané wong Amori, tanah sing wis diparingaké déning Allah sing dibektèni leluhur-leluhur kita. Delengen, yakuwi tanahé. Padha mranaa, enggonana, kaya sing didhawuhaké déning Allah marang kowé. Aja mangu-mangu lan aja wedi.’

21(1:20)

22Nanging kowé padha marani aku lan kandha, ‘Langkung prayogi kèngkènan tiyang sawetawis, supados nliti tanah menika sarta lajeng sami suka sumerep dhateng kita mergi pundi ingkang prayogi piyambak kita ambah; lan kitha-kitha menapa kémawon ingkang wonten ing ngrika!’

23Penemumu mau dakrujuki, mulané aku banjur milih wong rolas, saka saben taler siji.

24Wong-wong mau nusup mlebu ing daérah pegunungan nganti tekan Lebak Éskol, banjur nliti daérah kono.

25Sawisé mengkono banjur padha bali, karo nggawa woh-wohan saka daérah mau, lan crita, yèn tanah sing diparingaké déning Allah marang kita kuwi tanah sing subur banget.

26Nanging kowé padha nglawan marang dhawuhé Allah, lan padha ora gelem mlebu ing negara mau.

27Malah kowé padha grundelan karo muni, ‘Gusti Allah pancèn sengit karo awaké dhéwé. Kita padha digawa metu saka ing tanah Mesir, merga arep diulungaké marang tangané wong Amori, supaya dipatèni.

28Dadi, apa preluné kita padha mrana? Ya emoh ta, aku wedi. Para telik dhéwé wis padha lapur, yèn wong-wong ing kana gagah prakosané ngungkuli kita, lan padha manggon ing kutha-kutha sing témboké dhuwuré selangit. Sing padha manggon ing kana kuwi dudu wong lumrah, nanging wong sing kaya buta!’

29Nanging aku kandha, ‘Aja wedi karo wong-wong kuwi.

30Gusti Allah piyambak sing bakal ngirid kowé lan nglawan mungsuhmu, kaya sing padha kokalami dhéwé ing tanah Mesir,

31lan ing segara wedhi. Kowé padha weruh dhéwé, enggoné ngirid kowé sedalan-dalan nganti tekan ing kéné, ora béda karo bapak sing nggéndhong anaké.’

32Senajan aku wis kandha mengkono, éwasemono kowé meksa padha ora gelem precaya marang Allah,

33mangka Panjenengané kuwi sing selawasé ndhisiki lakumu, nggolèkaké panggonan sing kena kokenggo lèrèn lan pasang kémah. Sajroné nuduhaké dalan sing kudu kokambah, Panjenengané ndhisiki lakumu; yèn bengi nganggo tugu geni, yèn awan nganggo tugu méga."

34"Pirsa panggrundelmu mau Gusti Allah banjur duka. Panjenengané sumpah,

35‘Saka antarané wong-wong duraka iki ora ana siji waé sing bakal mlebu ing tanah sing wis Dakjanjèkaké marang leluhuré.

36Mung Kalèb, anaké Yéfuné waé sing bakal mlebu, merga wong kuwi tetep setya marang Aku. Kalèb lan anak-turuné bakal Dakparingi tanah sing didlajahi.’

37Merga saka pratingkahmu Gusti Allah duka marang aku lan ngandika, ‘Musa, kowé uga ora bakal mlebu ing tanah kuwi.

38Nanging Yosua anaké Nun, pembantumu kuwi, kuwatna atiné. Wong kuwi sing bakal ngirid bangsa Israèl mlebu lan ngenggoni tanah mau.’

39Gusti Allah banjur ngandika marang kita kabèh, ‘Anak-anakmu sing cilik, sing durung bisa mbédakaké prekara sing ala lan sing becik, sing miturut kandhamu bakal direbut déning mungsuhmu, kuwi sing bakal Dakpandumi tanah kuwi lan sing bakal padha manggon ing kono.

40Nanging kowé kabèh, padha balia menyang ara-ara samun, metu dalan sing tekan Teluk Akaba.’

41Kowé banjur padha mangsuli, ‘Bapak, kula sampun sami damel dosa dhateng Gusti Allah. Nanging samenika kula sami badhé majeng perang, kados ingkang kadhawuhaken déning Pangéran, Allah kita.’ Saben wong banjur siap maju perang, merga nganggep yèn ngambah daérah pegunungan kuwi prekara sepélé.

42Nanging Gusti Allah ngandika marang aku, ‘Aja koktégakaké nglurug perang, merga Aku ora marengaké. Mesthi bakal padha kalah.’

43Kowé padha dakkandhani apa sing didhawuhaké déning Allah mau, nanging kowé padha ora nggugu. Kowé padha nglawan marang Allah, lan nékad nyerang menyang daérah pegunungan.

44Wong Amori sing padha manggon ing kono nuli padha maju perang, tawur karo wong Israèl. Cacahé akèh banget, kaya tawon kambu. Kowé padha dioyak nganti tekan kutha Horma. Ana ing daérah Édom kono kowé diserbu entèk-entèkan.

45Kowé banjur padha sambat-sambat marang Allah nyuwun pitulungan, nanging Panjenengané ora kersa nulungi."

46"Kita padha lèrèn ing Kadès kono nganti rada suwé.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Ulangan 1 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel