Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Ulangan 12 >> 

1"Iki dhawuh-dhawuh sing kudu kokéstokaké sajegé uripmu ing tanah sing diparingaké déning Pangéran, iya Allah sesembahané para leluhurmu marang kowé. Dhawuh-dhawuh iki rasak-rasakna!

2Yèn kowé wis padha mlebu ing tanah mau, kowé kudu nggempur papan-papan pamujan, sing dienggo memuja brahala déning bangsa-bangsa ing kono, yakuwi ing gunung-gunung sing dhuwur, ing punthuk-punthuk lan ing sangisoring wit-witan sing ayom.

3Mesbèh-mesbèhé gempuren lan tugu-tuguné watu sing dianggep kramat kuwi rubuhna. Lambang-lambangé Dèwi Asyéra obongen lan reca-recané remuken, supaya barang-barang mau ora kena disembah-sembah menèh ing papan kono.

4Yèn kowé ngibadah marang Pangéran Allahmu, aja kaya carané wong padha nyembah marang brahala.

5Ing salah-sijiné wilayahé taler-taler Israèl, Allah bakal milih panggonan pangibadah siji kanggo bangsa Israèl kabèh, yakuwi panggonané bangsa Israèl sujud manembahing negarané.

6Ana ing panggonan kono kuwi kowé kudu nyaosaké kurban-kurbanmu obongan lan kurban-kurban liyané, pisungsung prasepuluhan lan pisungsung liyané, kurban ngluwari janji lan kurban saos panuwun, sarta kurban sapi lan wedhus anak sepisanan.

7Ing panggonan kono, ing ngarsané Allah sing mberkahi kowé, kowé bakal padha mangan lan ngrasakaké rejeki asilé kangèlanmu bebarengan karo brayatmu.

8Yèn wis mengkono, kowé aja duwé pratingkah kaya saiki. Tekan sepréné caramu ngibadah nganut ing senengé atimu dhéwé,

9merga kowé durung padha mlebu ing tanah sing dijanjèkaké marang kowé, yakuwi panggonanmu urip tanpa kekurangan.

10Sawisé kowé nyabrang Kali Yardèn, Allah bakal mitulungi enggonmu ngrebut lan ngenggoni tanah ing sabranging kali kuwi. Panjenengané bakal ngayomi kowé, lan ngedohaké saka mungsuh-mungsuhmu, mula uripmu bakal tentrem.

11Gusti Allah bakal milih panggonan siji kanggo ngibadah marang Panjenengané. Kowé kudu mrono, samasa arep nyaosaké pisungsung rupa apa waé sing wis kadhawuhaké marang kowé, yakuwi kurban obongan lan kurban liya-liyané, pisungsung prasepuluhan lan pisungsung-pisungsung istiméwa, sing kokjanjèkaké kagem Pangéran.

12Ana ing panggonan kono padha bungah-bungaha ing ngarsané Allah, bebarengan karo anak-anakmu, para baturmu lan para wong Lèwi sing padha manggon ing kuthamu, merga wong Lèwi ora nampa panduman lemah ing negaramu.

13Kowé ora kena saos kurban ing saenggon-enggon sing kokpilih dhéwé,

14mung kena ing panggonan siji, sing dipilih déning Allah, ing wilayahé salah-sijiné taler. Ing panggonan kono kowé kena saos kurban obongan lan apa waé sing dakpréntahaké marang kowé.

15Nanging yèn arep nyembelèh kéwanmu lan mangan dagingé, bébas; ana ing endi waé, ing papan padununganmu, kena. Kowé kena mangan sepira sing diparingaké déning Allah marang kowé. Kowé kabèh, sing miturut prenataning agama resik apa ora, kena mangan daging mau, padha kaya yèn kowé mangan daging kidang utawa menjangan.

16Nanging getihé kéwan aja pisan-pisan kokpangan, kudu koksiramaké ing lemah kaya banyu.

17Sakèhing barang sing koksaosaké dadi kurban marang Allah ora ana siji waé sing kena kokpangan ana ing omahmu, kayata: pisungsung prasepuluhan gandum, anggur, lenga zaitun, sapi utawa wedhus pembarep, kurban kanggo ngluwari janji utawa kaul, kurban saos panuwun, utawa pisungsung-pisungsung liyané.

18Kowé lan anak-anakmu, bebarengan karo batur-baturmu lan para wong Lèwi sing padha manggon ing kuthamu yèn mangan pisungsung-pisungsung mau kudu ana ing ngarsané Pangéran Allahmu, yakuwi ing papan pangibadah siji mau sing dipilih déning Pangéran Allahmu. Ana ing panggonan kono kowé kena bungah-bungah merga asilé kangèlanmu.

19Sing ngati-ati, aja nganti kowé nyepèlèkaké kuwajibanmu tumrapé wong Lèwi sajegé uripmu.

20Yèn Pangéran Allahmu njembaraké wates-watesé negaramu, kaya sing dijanjèkaké, kowé kena padha mangan daging samangsa-mangsa kowé kepéngin.

21Yèn panggonan ngibadah sing dipilih déning Allah mau kadohan saka omahmu, kowé kena nyembelèh sapi utawa wedhusmu ing sawektu-wektu, lan dagingé kena kokpangan ana ing omahmu, kaya sing dakkandhakaké marang kowé.

22Saben wong, dadia sing resik, utawa sing ora resik miturut prenataning agama, kena mangan daging mau padha kaya yèn kowé mangan daging menjangan utawa kidang.

23Mung daging sing isih ana getihé aja kokpangan, merga nyawa kuwi enggoné ana ing getih. Mulané kowé ora kena mangan nyawa bareng karo dagingé.

24Kowé aja pisan-pisan mangan getih. Siramna waé kaya banyu ana ing lemah.

25Gusti Allah bakal rena penggalihé yèn kowé padha nglakoni prenatan kuwi. Kowé lan anak-turunmu bakal padha slamet.

26Sakèhé kurban lan pisungsung sing kokjanjèkaké marang Allah kudu kokgawa menyang panggonan pangibadah siji mau.

27Kurban-kurban sing diobong nganti entèk lan kurban-kurban sing dagingé dipangan, kudu koksaosaké ing mesbèhé Allah lan getihé disiramaké ing mesbèh mau.

28Apa sing didhawuhaké marang kowé kuwi lakonana sing temenan. Kuwi gawé renaning penggalihé Allah, mulané kowé lan anak-turunmu bakal slamet ing selawas-lawasé."

29"Yèn kowé perang ngrebut negara, Gusti Allah bakal numpes bangsa-bangsa sing padha manggon ing kono, nganti kowé bisa manggon ing kono.

30Sawisé bangsa-bangsa mau ditumpes déning Allah, uripmu kudu padha sing ngati-ati. Kowé aja pisan-pisan kepéngin ngerti carané bangsa-bangsa mau nyembah brahalané, prelu arep koktiru. Aja! Patrap sing kaya mengkono mau pungkasané nuntun marang pati!

31Carané nyembah brahala kuwi aja pisan-pisan koktiru kanggo nyembah marang Allahmu, merga enggoné manembah kuwi dikanthèni penggawé rusuh, sing disengiti déning Allah. Malah anak-anaké padha diobong ing mesbèh, digawé kurban marang brahala-brahalané.

32Padha nglakonana sakèhing dhawuh sing wis dakandharaké marang kowé: aja koktambahi utawa kokelongi."


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Ulangan 12 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel