Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Ulangan 29 >> 

1Iki prejanjiané Musa karo bangsa Israèl merga saka dhawuhé Allah, nalika padha ana ing tanah Moab. Prejanjian mau ditambahaké ing prejanjian sing biyèn dianakaké déning Gusti Allah karo wong Israèl, nalika ana ing Gunung Sinai.

2Musa nglumpukaké wong Israèl kabèh lan kandha mengkéné, "Kowé wis padha ndeleng lan nyipati dhéwé pendamelé Allah marang rajané wong Mesir, para punggawa lan rakyaté kabèh.

3Semono uga kowé wis weruh pangrusak sing nggumunaké, mujijat-mujijat lan kaélokan-kaélokan sing ditindakaké déning Allah.

4Nanging tekan sepréné Panjenengané durung mbukak nalarmu nganti ngerti apa kersané lan apa preluné kowé ngalami kuwi mau kabèh.

5Patang puluh taun lawasé Allah ngirid lakumu ing segara wedhi, éwasemono sandhanganmu ora nganti lungset lan sandhalmu ora nganti amoh.

6Kowé ora duwé roti sing kokpangan, utawa anggur sing kokombé, nanging Allah nyekapi sarupané kebutuhanmu, supaya kowé ngerti yèn Panjenengané kuwi Allah.

7Lan nalika kita tekan kéné, Raja Sihon lan Raja Og nglurugi perang. Nanging padha kita kalahaké,

8tanahé kita rebut lan kita edum antarané taler Rubèn lan taler Gad, lan sapérangané taler Manasyè.

9Mulané kowé padha netepana surasané prejanjian iki kabèh kanthi setya, supaya olèh gawé ing samubarang sing koklakoni.

10Ing dina iki kowé kabèh padha ngadeg ana ing ngarsané Pangéran Allahmu, para penggedhé, para hakim lan para sénapati, dalah para pinituwamu, sarta para umat kabèh, wong lanang,

11wong wadon lan anak-anakmu, dalah wong manca sing manggon ing antaramu, sing padha negor kayu lan amèk banyu kanggo kowé.

12Ing dina iki kowé kabèh padha nglumpuk ing kéné arep nampa wohing prejanjian sing dianakaké déning Pangéran Allahmu karo kowé, lan nampa kuwajiban-kuwajibanmu.

13Srana prejanjian iki Allah kersa ngresmèkaké kowé dadi umaté lan Panjenengané dadi Allahmu, miturut janjiné marang kowé lan marang para leluhurmu Abraham, Iskak lan Yakub.

14Prejanjian iki lan kuwajiban-kuwajiban sing kasebut ing kono kuwi ora dianakaké déning Allah karo kowé dhéwé,

15nanging iya karo kita kabèh sing ana ing kéné ing dina iki sing padha ngadeg ana ing ngarsané, lan karo anak-turun kita sing durung padha lair.

16Kowé isih padha kèlingan bab nasib kita ing tanah Mesir lan kepriyé rasané liwat ing tengahé bangsa-bangsa sing tanahé padha kokambah.

17Kowé wis padha ndeleng reca-reca sing njijiki, sesembahané bangsa-bangsa mau, reca-reca sing digawé saka kayu, watu, slaka lan emas.

18Mulané sing prayitna, aja nganti ana wong siji waé panunggalanmu, lanang utawa wadon, brayat utawa taler sing ana ing kéné, ninggal marang Pangéran Allahmu lan nyembah marang brahalané bangsa-bangsa liya. Penggawé sing mengkono mau bakal padha karo oyod sing tuwuh dadi tanduran sing pait lan isi racun.

19Aja ana wong sing ing dina iki ngadeg ing kéné lan krungu pepundhutan sing keras mau duwé pikiran yèn nasibé selawasé bakal becik, senajan atiné wangkal lan gawé dosa. Sing mengkono bakal gawé rusakmu kabèh, iya wong sing ala utawa sing becik.

20Allah ora bakal ngapura wong sing kaya mengkono. Malah dukané bakal ngalad-alad, mbrangas wong kuwi lan sakèhé paukuman sing katulis ing Kitab iki bakal tumiba marang wong mau, nganti wongé tumpes babar-pisan.

21Wong mau bakal didadèkaké pepéling kanggo wong Israèl kabèh. Wong kuwi bakal ketiban paukuman, nocogi karo paukuman sing kasebut ing prejanjian, sing kamot ing Kitab iki, Kitab Angger-anggeré Allah.

22Mbésuk anak-turunmu lan wong manca saka negara-negara adoh bakal padha weruh karusakan-karusakan lan kasangsaran sing ditekakaké déning Allah ana ing tanahmu.

23Pategalanmu bakal dadi palemahan cengkar, ketutupan lirang lan uyah. Ora bakal kena ditanduri apa-apa, dalah suket pisan bakal ora bisa thukul ana ing kana. Tanahmu bakal padha kutha-kutha Sodom lan Gomora, Admah lan Zéboim sing padha diwalik déning Allah, nalika dukané ngalad-alad.

24Wong sajagad bakal padha takon, ‘Yagéné Allah koknindakaké mengkono marang tanahé bangsa kuwi? Yagéné kokdukané nganti semono?’

25Ing kono bakal ana sing ngucap, ‘Merga umaté Allah wis ninggal marang prejanjian sing padha dianakaké karo Pangéran, Allahé leluhuré, nalika Panjenengané ngirid bangsa mau metu saka tanah Mesir.

26Bangsa kuwi nyembah marang brahala-brahala sing durung tau disembah, mangka Allah wis ora marengaké bangsa mau nyembah marang brahala.

27Mulané dukané Allah mulad-mulad marang umaté, lan nekakaké sakèhé paukuman ing tanah kono, sing katulis ing Kitab iki.

28Paukumané Allah murub makantar-kantar. Lan sajroning dukané mau mbedhol bangsa Israèl saka panggonané, dibuwang menyang negara manca, lan tekan sepréné padha ana ing kana.’

29Ana prekara sawetara sing digawé rahasia déning Allah lan ora disumurupaké marang kita, nanging dhawuhé wis diandharaké; mulané kita lan anak-turun kita kudu netepi sakèhé dhawuh mau ing selawas-lawasé."


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Ulangan 29 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel