Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Ulangan 3 >> 

1"Sawisé mengkono kita banjur mlaku ngalor, ngener daérah Basan. Og, raja Basan, methukaké perang marang kita, karo tentarané kabèh, ing sacedhaké kutha Édrèi.

2Nanging Gusti Allah ngandika marang aku, ‘Musa, aja wedi ngadhepi Og. Wong kuwi bakal Dakulungaké marang kowé, semono uga tentara satanahé pisan. Tumpesen kaya Sihon, raja Amori ing Hèsbon kaé.’

3Dadi Raja Og lan rakyaté diulungaké déning Allah marang kita, lan kabèh wis kita patèni.

4Kita padha ngrebut kutha-kuthané kabèh, siji waé ora ana sing kèri. Cacahé kutha kabèh sing kita rebut 60, papané ing tanah Argob; kabèh jajahané Raja Og ing Basan.

5Kutha-kutha mau kabèh disantosani nganggo témbok dhuwur lan gapura; lawang-lawangé diwènèhi slarak kanggo ngancing lawanging gapura mau. Kejaba kuwi isih akèh menèh kutha sing ora ditémbok.

6Kutha-kutha mau kita gempur kabèh, wongé kita patèni kabèh, wongé lanang, wadon, dalah anak-anaké pisan. Ora béda karo enggon kita nggempur kutha-kuthané Raja Sihon ing Hèsbon.

7Raja-kayané kita rampas, lan kutha-kuthané kita sirnakaké.

8Nalika semono kita padha ngenggoni tanahé raja Amori loro mau sing ana ing sisih wétané Kali Yardèn lan Kali Arnon nganti tekan Gunung Hèrmon.

9(Wong Sidon ngarani Gunung Hèrmon mau Siryon, wong Amori ngarani "Senir".)

10Tanahé Og raja ing Basan, kita rebut kabèh, yakuwi kutha-kuthané sing ana ing dhuwur, daérah Giléad lan Basan, terus mengétan, tekan kutha Salkha lan Édrèi."

11(Raja Og kuwi wong Réfaim sing kèri dhéwé. Trebelané saka watu, dawané patang mèter, ambané mèh rong mèter, miturut ukuran resmi. Tekan sepréné kena dideleng ing kuthané wong Amon.)

12"Sawisé tanah mau dadi duwèk kita, nuli dakpandumaké marang taler Rubèn; taler Gad dakpandumi daérah saloré kutha Aroèr, sacedhaké Kali Arnon, karo sapérangané daérah pegunungan Giléad, sakutha-kuthané pisan.

13Taler Manasyè sing separo dakpandumi turahané daérah Giléad, karo daérah Basan, tilas jajahané Raja Og, yakuwi wilayah Argob kabèh." (Basan kuwi ketelah tanahé wong Réfaim.

14Yair, saka taler Manasyè, ngrebut wilayah Argob, yakuwi Basan, nganti tekan tapel watesé Gésur lan Maaka. Kutha-kutha mau dijenengaké miturut jenengé Yair dhéwé, lan tekan sepréné karan kutha-kuthané Yair.)

15"Giléad dakpandumaké marang turuné Makir, saka taler Manasyè.

16Déné taler-taler Rubèn lan Gad dakpandumi wilayah sing dunungé ing antarané Giléad lan Kali Arnon. Tengahé kali mau dadi tapel watesé sing sisih Kidul. Tapel watesé sing sisih Lor, Kali Yabok. Sapérangan liyané mau tapel wates tanahé wong Amon.

17Tapel watesé sing sisih Kulon Kali Yardèn, wiwit saka Tlaga Galiléa sisih Lor, mengidul tekan Segara Mati. Saka kono mengétan tekan sikilé Gunung Pisga.

18Nalika semono padha dakpréntah mengkéné, ‘Gusti Allah wis mandumi kowé tanah sawétané Kali Yardèn dadi panggonanmu. Saiki prejurit-prejuritmu konen siaga ing perang lan nyabrang Kali Yardèn, ndhisiki taler-taler Israèl liyané, ngrebut tanah Kenaan.

19Mung anak-bojomu lan raja-kayamu sing cacahé akèh banget kuwi tinggalen dhisik ing kutha-kutha sing wis dakwènèhaké marang kowé.

20Sedulur-sedulurmu réwangana perang, nganti bisa ngenggoni tanah sing diparingaké déning Allah ing sakuloné Kali Yardèn, nganti Gusti Allah marengaké wong-wong mau padha manggon ing kana kanthi tentrem, kaya kaananmu ing kéné. Lagi sawisé mengkono kowé kena padha bali ing tanah sing dakpandumaké marang kowé.’

21Aku banjur kandha karo Yosua, ‘Kowé wis weruh dhéwé sakèhing prekara sing ditindakaké déning Allah marang Sihon lan Og. Iya kaya mengkono enggoné bakal numpes saben raja sing tanahé kokrebut.

22Kowé aja wedi karo raja-raja mau, merga Pangéran, Allahmu sing bakal maju perang kanggo kowé.’"

23"Nalika semono aku nyuwun marang Pangéran,

24‘Dhuh Allah ingkang Mahaluhur, kula mangertos bilih menapa ingkang Paduka tedahaken dhateng kula samangké menika saweg wiwitaning pakaryan Paduka ingkang ageng lan élok. Mboten wonten ing langit utawi ing bumi ingkang saged nindakaken kaélokan kados Paduka.

25Mugi Gusti marengaken kula nyabrang ing Lèpèn Yardèn, supados kula saged ningali siti ingkang subur lan daérah paredèn sisih ngrika, lan paredèn Libanon ingkang éndah menika.’

26Nanging ya merga penggawému Gusti Allah duka karo aku, mula Panjenengané ora ngabulaké panyuwunku. Malah Panjenengané ngandika, ‘Wis cukup seméné waé, Musa. Prekara iki aja koksebut-sebut menèh!

27Munggaha ing pucaké Gunung Pisga, ndelenga mengalor lan mengidul, ngétan lan ngulon. Titènana apa sing kokdeleng kuwi, merga kowé, Musa, ora bakal nyabrang ing Kali Yardèn.

28Yosua wènèhana pituduh-pituduh. Atiné kuwatna, merga dhèwèké sing bakal ngirid bangsa iki mlebu lan ngenggoni tanah ing sabranging kali kana, tanah sing wis kokdeleng saka pucaké Gunung Pisga.’

29Kita banjur padha manggon ing Lebak Moab, adu-arep karo kutha Bètpéor."


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Ulangan 3 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel