Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Ulangan 31 >> 

1Musa nerusaké piwelingé marang bangsa Israèl, mengkéné,

2"Umurku saiki wis satus rong puluh taun lan wis ora bisa ngirid kowé menèh. Kejaba saka kuwi Gusti Allah wis ngandika karo aku, yèn aku ora bakal nyabrang Kali Yardèn.

3Pangéran Allahmu piyambak bakal tindak ing ngarepmu lan numpes bangsa-bangsa sing manggon ing kana, nganti kowé bisa ngrebut tanahé. Yosua bakal dadi pemimpinmu, kaya sing dingandikakaké déning Gusti Allah.

4Allah bakal numpes bangsa-bangsa mau, kaya enggoné numpes Sihon lan Og, para rajané wong Amori, sarta nggempur negarané.

5Allah bakal ngulungaké bangsa-bangsa mau ing tanganmu, banjur tindakna kaya sing dakwelingaké marang kowé.

6Sing gedhé pengandelmu lan sing kendel! Aja wedi karo bangsa-bangsa kuwi! Pangéran Allahmu ana ing sisihmu. Kowé bakal ora ditégakaké lan ora ditilar."

7Musa banjur nimbali Yosua, lan ana ing ngarepé bangsa Israèl kabèh Musa kandha, "Yosua, sing gedhé pengandelmu lan sing kendel! Kowé sing bakal ngirid bangsa iki ngrebut tanah sing wis dijanjèkaké déning Allah marang para leluhuré.

8Allah piyambak bakal nuntun kowé lan ana ing sisihmu. Panjenengané ora bakal négakaké kowé lan ora bakal nilar kowé. Mulané aja wedi utawa nglokro atimu."

9Musa banjur nulis Angger-anggeré Allah, diwènèhaké marang para imam lan marang para pinituwané bangsa Israèl.

10Padha didhawuhi mengkéné, "Pendhak pitung taun sepisan, yèn mbeneri Riaya Tarub Godhong, ing Taun Yobèl, Kitab iki kudu kokwaca sing sora.

11Wacakna yèn wong-wong Israèl mau lagi nglumpuk nyembah sujud marang Allah ing papan ibadah sing wis ditemtokaké.

12Wong lanang, wong wadon, bocah-bocah lan wong manca sing manggon ing kutha-kuthamu padha klumpukna, supaya ngrungokaké lan sinau ngurmati marang Pangéran, sarta nglakoni piwulangé klawan setya.

13Srana mengkono bakal padha sinau netepi dhawuhé Allah selawasé padha manggon ing tanah ing sabrangé Kali Yardèn, sing ora suwé menèh bakal kokrebut."

14Sawisé mengkono Gusti Allah banjur ngandika marang Musa, "Uripmu wis ora suwé menèh. Yosua timbalana mréné, ajaken sowan ing Kémah Palenggahané Allah, supaya nampani pituduh-pituduh-Ku." Musa lan Yosua banjur padha sowan ing Kémah Suci.

15Gusti Allah ngetingal ana ing tugu méga, ing sacedhaké lawanging Kémah.

16Pangandikané marang Musa, "Ora suwé menèh kowé bakal mati. Sapungkurmu Israèl bakal ninggal marang Aku lan mblénjani prejanjiané karo Aku. Israèl bakal padha ninggal Aku lan nyembah marang brahala-brahala, sing disembah déning bangsa-bangsa ing tanah sing ora suwé menèh bakal padha direbut.

17Yèn wis mengkono Aku bakal duka banget. Bangsa mau bakal Daktinggal, temah bakal ketekan kasangsaran lan bebaya rupa-rupa, nganti ludhes. Sawisé mengkono banjur lagi padha ngerti yèn kedadéan mau kabèh merga Aku, Pangéran Allahé, ora nunggal karo dhèwèké.

18Ing dina kuwi Aku ora arep mitulungi, merga bangsa mau wis nglakoni duraka gedhé, merga wis padha nyembah marang brahala-brahala.

19Saiki kekidungan iki tulisen. Wulangna marang bangsa Israèl, supaya dadia pepéling.

20Bangsa iki bakal Dakirid mlebu ing tanah sing subur, kaya janji-Ku marang para leluhuré. Ing tanah kono uripé bakal ayem lan sarwa kecukupan. Nanging sawisé mengkono bakal padha mbalik lan padha nyembah marang brahala-brahala. Bakal padha ninggal marang Aku lan mblénjani prejanjian-Ku,

21mula bakal ketekan kasangsaran lan bebaya werna-werna. Nanging kidung iki bakal tansah dikidungaké, kanggo melèhaké dhèwèkné. Malah saiki iki, sadurungé Dakirid mlebu ing tanah sing Dakjanjèkaké, Aku wis ngerti apa sing dadi krenteging atiné."

22Ing dina kuwi uga Musa nulis kekidungan mau, banjur diwarahaké marang bangsa Israèl.

23Gusti Allah banjur ngandika marang Yosua bin Nun mengkéné, "Kowé ngandela lan sing kendel, Yosua! Kowé bakal ngirid bangsa Israèl mlebu ing tanah, sing Dakjanjèkaké marang leluhuré, lan Aku bakal ana ing sisihmu."

24Musa banjur nulis Angger-anggeré Allah ana ing Kitab. Penulisé klawan tliti, supaya aja ana sing kliwatan.

25Sawisé rampung banjur kandha karo para imam turun-Lèwi, sing dipasrahi ngurusi Pethi Prejanjian,

26"Kitab Angger-angger Allah iki tampanana lan dèkèkna ing sisihé Pethi Prejanjiané Pangéran Allahmu, supaya dadia paseksi kanggo kowé, umat kagungané.

27Aku ngerti yèn kowé kuwi bangsa sing wangkal lan seneng brontak. Saiki waé, selaginé aku isih urip, kowé gawéné brontak, apa menèh mengko yèn aku wis mati.

28Wis, saiki klumpukna para pinituwa, para penggedhé lan para sénapati ana ing ngarepku kéné, supaya bisa dakpituturi. Langit lan bumi dakdadèkaké seksi ing ngatasé bangsa iki.

29Aku ngerti yèn sapungkurku, wong-wong iki bakal malik dadi wong duraka lan nampik marang piwulang sing wis dakwulangaké marang dhèwèké. Mulané mbésuk bakal padha ketekan kasangsaran, merga wis padha njalari dukané Allah srana nerak angger-anggeré."

30Musa banjur ngucapaké kekidungan iki nganti satamaté. Déné bangsa Israèl kabèh padha ngrungokaké.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Ulangan 31 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel