Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Ulangan 4 >> 

1Musa banjur kandha karo bangsa Israèl mengkéné, "Padha nglakonana dhawuh-dhawuh sing wis dakwulangaké marang kowé, supaya kowé tetep urip lan manggon ing tanah sing diparingaké marang kowé déning Pangéran, Allahé leluhurmu.

2Apa sing dakwarahaké iki aja pisan-pisan koktambahi utawa kokelongi. Dhawuh-dhawuhé Allah sing wis dakpréntahaké marang kowé kuwi tindakna.

3Kowé wis padha weruh dhéwé apa sing ditindakaké déning Allah ing Gunung Péor. Kabèh wong sing padha nyembah Baal ing panggonan mau wis ditumpes,

4nanging sing setya marang Panjenengané padha tetep urip tekan sepréné.

5Pepakon-pepakon mau wis dakwulangaké marang kowé, kaya sing didhawuhaké déning Pangéran marang aku. Kabèh mau lakonana samasa kowé mbésuk mlebu lan manggon ing tanah kana.

6Sing padha tlatèn enggonmu nindakaké dhawuh-dhawuh mau. Yèn koklakoni, bangsa-bangsa liya bakal weruh yèn kowé kuwi bangsa sing wicaksana. Yèn padha krungu bab prenatan-prenatan mau, bakal padha muni, ‘Semono wicaksana lan pinteré bangsa gedhé kuwi!’

7Bangsa-bangsa liyané, senajan gedhé kaya ngapa, ora ana sing duwé allah, sing semono cedhaké kaya Allah kita. Panjenengané paring wangsulan samangsa kita sesambat nyuwun pitulungan.

8Bangsa-bangsa liya, senajan sing gedhé pisan, ora ana sing duwé prenatan-prenatan kaya sing dakwulangaké iki marang kowé.

9Mulané gatèkna lan rasak-rasakna sing temenan, supaya sajegmu urip aja nganti lali karo apa sing kokdeleng nganggo mripatmu dhéwé. Malah critakna marang anak-putumu

10nalikané kowé padha ngadeg ing ngarsané Allahmu, ing Gunung Sinai. Nalika semono Panjenengané ngandika karo aku, ‘Bangsa iki klumpukna. Aku kepéngin supaya padha krungu apa sing Dakngandikakaké, karebèn padha sinau mbangun-turut marang Aku sajegé uripé, lan supaya padha nggulawenthah anak-anaké ing bab mbangun-turut marang Aku.’

11Critakna karo anak-anakmu enggonmu biyèn padha nglumpuk, ngadeg ana ing sikiling gunung sing dikemuli pedhut peteng kaya mendhung kandel, karo geni sing urubé sundhul ing langit.

12Critakna karo anak-anakmu enggoné Allah ngandika marang kowé saka ing sajroning geni mau, sing swarané kokrungu, nanging ora kokdeleng rupané.

13Ing kana Panjenengané dhawuh marang kowé bab apa sing kudu padha koklakoni kanggo netepi prejanjiané karo kowé. Angger-angger sepuluh sing wis ditulis ing lèmpèng watu loro kuwi kudu padha koklakoni.

14Aku didhawuhi mulangaké marang kowé sekabèhé prenatan sing kudu padha koktindakaké ing tanah sing mbésuk arep padha kokleboni lan kokenggoni kuwi."

15"Nalika Gusti Allah ngandika marang kowé saka Gunung Sinai, kowé padha ora weruh rerupan apa-apa. Dadi, kanggo keslametané awakmu dhéwé, kowé tansah padha élinga!

16Aja pisan-pisan kowé padha nglakoni dosa srana gawé reca sing koksembah rupa apa waé, dadia rupa wong lanang utawa wong wadon,

17rupa kéwan utawa manuk,

18rupa kéwan rumangkang utawa iwak.

19Aja pisan-pisan kowé nglakoni dosa srana nyembah utawa ngabekti marang barang sing kokdeleng ana ing langit, kayata: srengéngé, rembulan lan lintang-lintang. Gusti Allah ora nggatosaké bangsa-bangsa liya padha nyembah barang-barang ing langit mau,

20nanging kowé kuwi bangsa sing wis dislametaké saka panggonanmu nandhang sangsara nganti banget ing tanah Mesir. Kowé padha diirid déning Allah metu saka ing negara mau, supaya kowé dadi umat kagungané piyambak, kaya kaananmu saiki iki.

21Kowé kuwi sing njalari Gusti Allah ndukani aku nganti supaos, lan aku ora bakal nyabrang ing Kali Yardèn, mlebu ing tanah subur sing bakal diparingaké marang kowé kabèh.

22Ora suwé menèh kowé bakal padha nyabrang ing Kali Yardèn lan mlebu ing tanah sing subur mau, nanging aku bakal ora mèlu mrana; aku bakal kapundhut ana ing kéné.

23Padha sing ngati-ati! Kowé aja padha lali karo prejanjiané Allah marang kowé, padha tindakna; dhawuhé padha lakonana. Aja pisan-pisan gawé reca sing koksembah rupa apa waé,

24merga Pangéran Allahmu kuwi kaya geni sing mbrangas, Allah sing butarepan.

25Yèn kowé wis manggon suwé ana ing tanah kono lan wis duwé anak putu, aja pisan-pisan nglakoni dosa gawé reca rupa apa waé. Penggawé sing mengkono mau ala banget ana ing ngarsané Allah, lan nekakaké paukuman.

26Langit lan bumi dadia seksimu ing dina iki, yèn samasa kowé ora nggugu karo kandhaku, kowé ora suwé bakal sirna saka ing bumi sing kokenggoni ing sabranging Kali Yardèn kuwi. Kowé bakal ora tetep manggonmu ing kana, malah bakal ditumpes kabèh.

27Kowé bakal disebar ing antarané bangsa-bangsa liya lan mung sethithik sing bakal tetep urip.

28Ana ing tanah manca kowé bakal padha nyembah reca-reca gawéané manungsa, déwa-déwa saka kayu lan watu, sing ora bisa ndeleng lan ora bisa ngrungu; ora bisa mangan lan ngambu.

29Ana ing tanah manca kono kowé bakal padha nggolèki Pangéran, Allahmu lan menawa enggonmu nggolèki tenanan, kowé bakal nemu.

30Yèn kowé wis nglakoni kasangsaran lan kena musibah sarta bebaya, wekasané kowé bakal mbalèni Allah lan mbangun-turut marang Panjenengané.

31Pangéran kuwi Allah kang kebak sih-palimirma. Panjenengané ora bakal négakaké lan numpes kowé, lan ora bakal kesupèn marang prejanjiané karo para leluhurmu.

32Padha nitènana jaman-jaman sing wis kepungkur, nalika kowé durung lair, wiwit ing dinané manungsa katitahaké ana ing bumi. Golèkana ing salumahing bumi. Apa tau ana lelakon-lelakon sing kaya mengkono kuwi?

33Apa ana bangsa sing tetep urip, sawisé krungu swarané Allah ngandika saka ing tengahé geni kaya sing kokalami kaé?

34Apa tau ana allah, sing bisa mbébasaké bangsa saka tangané bangsa liya, banjur ndadèkaké bangsa sing diluwari mau dadi umat kagungané piyambak, kaya sing ditindakaké déning Pangéran, Allahmu marang kowé dhèk nalika kowé ana ing tanah Mesir? Kowé padha weruh dhéwé enggoné Allah nganggo pangwasané nekakaké lelara lan perang; kaélokan-kaélokan lan prekara-prekara sing nggumunaké.

35Kabèh mau ditindakaké, supaya kowé yakin, yèn mung Panjenengané piyambak sing jumeneng Allah, ora ana liyané.

36Saka ing langit Panjenengané ndhawuhaké piwulang marang kowé. Ing bumi Panjenengané ngetingalaké genining kasucèné, lan ing tengahé geni mau Panjenengané ngandika marang kowé kabèh.

37Kuwi mau kabèh merga Panjenengané ngasihi leluhurmu. Mulané kowé padha dipilih lan klawan kasektèné kowé wis diirid metu saka ing tanah Mesir.

38Panjenengané nundhungi bangsa-bangsa sing luwih gedhé lan luwih prakosa ketimbang karo kowé, lan ngirid kowé menyang tanah, sing bakal kaparingaké marang kowé, yakuwi tanah sing saiki dadi duwèkmu.

39Dadi wiwit saiki rasakna sing temenan, aja pisan-pisan lali, yèn Pangéran kuwi Allah sing ana ing langit lan ana ing bumi; ora ana Allah liyané.

40Padha lakonana prenatan-prenatan sing dakkandhakaké marang kowé ing dina iki, supaya kowé lan anak-turunmu padha slamet. Kowé bakal tetep manggon ana ing tanah sing diparingaké déning Allah dadi duwèkmu ing selawas-lawasé."

41Musa netepaké kutha telu ing sawétané Kali Yardèn

42dadi kutha pangungsèn, yakuwi papan pangungsèné wong sing ora dijarag njalari patiné wong liya, sing dudu mungsuhé. Wong mengkono mau bisa ngungsi ing salah sawijiné kutha mau supaya ora diukum pati.

43Kanggo taler Rubèn disedhiyakaké kutha Bèzèr, ing aréné pegunungan segara wedhi. Kanggo taler Gad kutha Ramot, ing wilayah Giléad lan kanggo taler Manasyè kutha Golan, ing wilayah Basan.

44Musa ndhawuhaké angger-angger lan piwulangé Gusti Allah marang bangsa Israèl.

45(4:45-46) Piwulang bab dhawuh-dhawuh kuwi diumumaké sawisé bangsa Israèl metu saka ing tanah Mesir lan kanggo sawetara mangsa manggon ing Lembah Yardèn ing sisih Wétan, adhep-adhepan karo Bètpéor. Kuwi tilas wilayahé Sihon, rajané wong Amori, sing manggon ing Hèsbon. Raja mau ditelukaké déning Musa lan bangsa Israèl nalika metu saka ing tanah Mesir.

46(4:45)

47Bangsa Israèl ngenggoni tanahé Raja Sihon mau, mengkono uga tanahé Og, raja ing Basan, rajané wong Amori liyané, sing manggon ing sawétané Kali Yardèn.

48Tanah kuwi jembaré wiwit saka kutha Aroèr, ing pinggiré Kali Arnon, mengalor tekan Gunung Siryon, yakuwi Gunung Hèrmon.

49Klebu daérahé Raja Og mau uga tanah sawétané Kali Yardèn mengidul tekan Segara Mati, lan mengétan tekan sikilé Gunung Pisga.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Ulangan 4 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel