Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Wahyu 1 >> 

1Kitab iki isiné wahyu sing diparingaké déning Gusti Yésus Kristus, yakuwi prekara-prekara sing bakal kelakon. Gusti Allah ndhawuhi Sang Kristus supaya nedahaké marang para abdiné Allah bab apa waé sing pinesthi énggal kelakon mau. Sang Kristus wis medharaké bab mau marang Yohanes, abdiné, lumantar malaékat utusané.

2Yohanes banjur nyritakaké kabèh sing wis dideleng mau; cocog kaya sing dingandikakaké déning Gusti Allah marang Gusti Yésus Kristus.

3Begja wong-wong sing padha macakaké lan sing padha ngrungokaké sarta nglakoni surasané pangandika sing katulis ana ing kitab iki, merga ora suwé menèh kabèh mau bakal kelakon.

4Layang iki saka Rasul Yohanes, tumekaa marang pasamuwan pitu ing tanah Asia Cilik. Gusti Allah kang saiki ana, lan kang biyèn wis ana, sarta kang bakal rawuh maringana sih-rahmat lan katentreman marang kowé kabèh. Semono uga roh pitu sing padha nyarengi pangwasané,

5apa déné Gusti Yésus Kristus, Seksi kang setya, kang wungu dhisik dhéwé saka ing séda, lan sing ngwaosi sakèhing pangwasa ing bumi iki. Gusti Yésus sing ngasihi kita lan sing wis ngicali dosa kita srana rahé,

6Panjenengané wis ngangkat kita dadi ratu-ratu lan imam-imam kagem Gusti Allah, Ramané. Iya Gusti Yésus Kristus kuwi sing kagungan kamulyan lan pangwaos ing selawas-lawasé. Amin.

7Delengen! Panjenengané rawuh ana ing méganing langit lan saben mripat bakal ndeleng Panjenengané; semono uga wong sing wis padha njojoh Panjenengané. Sakèhing bangsa ing bumi bakal padha sambat-sambat nangisi awaké dhéwé, merga saka Panjenengané. Iya pancèn mengkono! Amin!

8"Aku iki Alfa lan Oméga" (Kang Wiwitan lan Kang Pungkasan) mengkono pangandikané Gusti Allah, sing saiki ana, lan sing biyèn ana, sarta sing bakal rawuh ngasta Pangwasa.

9Aku iki Yohanes, sedulurmu lan kancamu ing sajroning kasusahan. Kita padha-padha dadi warganing Kratoné Allah, lan padha-padha ngugemi asmané Yésus klawan tumemen. Aku dibuwang ana ing pulo Patmos merga saka enggonku ngabaraké Injil, sing diwulangaké déning Gusti Yésus.

10Mbeneri ing dina Minggu aku dikwaosi déning Roh Suci, nuli aku krungu swara seru ana ing mburiku kaya uniné kalasangka.

11Pangandikané: "Apa sing kokdeleng kuwi tulisen ana ing Kitab Suci lan kirimna marang pasamuwan pitu. Yakuwi: Pasamuwan-pasamuwan Éfesus, Smirna, Pèrgamus, Tiatira, Sardis, Filadèlfia, lan pasamuwan Laodikia."

12Aku nuli nolèh, kepéngin weruh sapa sing ngendikani aku mau. Aku weruh pedamaran pitu, kagawé saka emas.

13Ing tengah-tengahé lampu pitu mau ana wong ngadeg mèmper Putraning Manungsa, ngagem jubah, sing dawané nganti klangsrah tekan sampéyané. Jajané ngagem sabuk emas.

14Sirah lan rémané putih kaya wulu wedhus gèmbèl, memplak kaya kapas, lan mripaté kaya urubing geni.

15Sampéyané kaya tembaga mengangah ing prapèn. Swarané kaya gumrojoging banyu.

16Astané tengen ngasta lintang pitu, saka tutuké metu pedhangé sing landhep kiwa-tengen. Wedanané mencorong kaya srengéngé ing wayah awan.

17Nalika weruh Panjenengané mau aku nuli krungkep presasat wong mati. Nanging aku banjur ditumpangi astané tengen lan dingandikani: "Aja wedi! Aku iki sing ngasta pangwasané Kang Wiwitan lan Kang Pungkasan.

18Aku iki sumbering urip! Aku wis mati, nanging delengen, Aku urip ing selawasé. Aku sing ngwasani pati lan ngwasani jagadé wong mati.

19Mulané apa sing wis kokdeleng kuwi tulisen, yakuwi prekara-prekara sing kelakon saiki iki, lan sing mbésuk bakal kelakon.

20Mungguh tegesé lintang pitu sing kokdeleng ana ing asta-Ku tengen lan pedamaran emas pitu iki mengkéné: Lintang pitu kuwi para malaékaté pasamuwan pitu lan pedamaran emas pitu kuwi pasamuwan pitu mau."


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Wahyu 1 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel