Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Wahyu 16 >> 

1Aku nuli krungu swara seru saka Pedalemané Allah dhawuh marang malaékat pitu mau mengkéné: "Padha mangkata, bokor sing isi bebenduning Allah kuwi padha suntaken ing bumi!"

2Malaékat kang kapisan nuli mangkat lan nyuntak bokoré ana ing bumi. Wong-wong sing padha nganggo ciriné si kéwan lan sing nyembah recané nuli padha ketaman lelara wudun sing nggegirisi lan mbebayani.

3Sawisé kuwi malaékat kang kapindho nyuntak bokoré ing segara, banyuné banjur dadi kaya getihé wong mati, njalari patiné sakèhing makluk sing urip ana ing segara mau.

4Sawisé mengkono malaékat kang katelu nyuntak bokoré ing kali-kali lan etuk-etuking banyu, temahan banyuné dadi getih.

5Aku banjur krungu malaékat kang ngwasani banyu munjuk: "Dhuh Sang Mahasuci, Paduka menika Mahaadil, jumeneng Allah ing samangké, ugi ing jaman kepengker!

6Sarèhné tiyang-tiyang menika sampun sami ngwutahaken rahipun para suci lan para nabi, pramila tiyang-tiyang menika sami Paduka ombèni rah; mekaten menika sampun samesthinipun!"

7Aku nuli krungu swara saka mesbèh, pangucapé: "Dhuh Pangéran, Allah ingkang Mahakwaos. Pengadilan Paduka menika sedaya leres lan adil."

8Sawisé kuwi malaékat kang kapat nyuntak bokoré ing srengéngé, lan srengéngéné diparengaké mbrangas manungsa srana panasé sing sumelèt.

9Temahan manungsa padha dadi gosong merga déning sumelèting panasé, njalari padha nyupatani Allah, kang nekakaké wewelak-wewelak mau. Éwasemono wong-wong padha ora gelem mratobat marèni dosa-dosané, lan ora gelem ngluhuraké Gusti Allah.

10Malaékat kang kalima banjur njuntak bokoré ing dhamparé si kéwan, temahan wilayah kono dadi peteng kabèh, sarta wong-wong nganti padha nggigit ilaté dhéwé merga ngrasakaké larané.

11Wong-wong mau banjur padha nyupatani Gusti Allah kang ana ing swarga merga ora betah ngrasakaké larané lan merga saka enggoné padha wudunen. Éwasemono wong-wong mau meksa padha ora gelem mratobat marèni penggawéné sing ala.

12Sawisé kuwi malaékat kang kanem banjur nyuntak bokoré ing Bengawan Éfrat. Bengawan mau dadi asat, nganti bisa diambah déning raja-raja saka tanah Wétan.

13Aku banjur weruh ana roh reged telu rupané kaya kodhok, siji metu saka cangkemé si naga, siji metu saka cangkemé si kéwan, lan sijiné metu saka cangkemé si nabi palsu.

14Kodhok telu kuwi roh-rohé sétan sing padha gawé mujijat-mujijat. Kodhok-kodhok mau nuli padha nekani ratu-ratu sajagad kabèh, padha diklumpukaké, diajak perang ing Dina kang wingit, yaiku Dinané Gusti Allah Kang Mahakwaos.

15"Kowé Dakkandhani, yèn Aku bakal rawuh, kaya patrapé maling! Begja wong sing siaga lan ngopèni sandhangané, supaya aja kewudan lan katon kawirangané!"

16Ana déné roh-roh mau enggoné nglumpukaké raja-raja ana ing panggonan sing ing basa Ibrani karan Harmagédon.

17Sawisé mengkono, malaékat kang kapitu nyuntak bokoré ing awang-awang. Saka ing dhamparé Pedalemané Allah ing swarga nuli keprungu swara seru, pangandikané: "Wis rampung!"

18Tumuli ana thathit-thathit pating clèrèt ora lèrèn-lèrèn, lan gludhug gumleger, sarta ana lindhu gedhé sing durung tau kelakon selawasé bumi dienggoni manungsa. Kaya mengkono lindhu mau enggoné nggegirisi.

19Kutha sing gedhé pecah dadi telu; mengkono uga kutha-kuthané para bangsa sajagad, uga padha jugrug. Gusti Allah banjur kèngetan marang kutha gedhé Babil. Kutha mau banjur diombèni saka tuwung sing kebak anggur bebenduning Allah.

20Sakèhé pulo banjur padha musna, semono uga gunung-gunung padha sirna.

21Nuli ana udan ès prongkolan. Saprongkolan boboté sèket kilogram, tiba saka langit, nibani wong-wong. Wong-wong nuli padha nyupatani Gusti Allah merga saka wewelak udan ès sing nggegirisi mau.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Wahyu 16 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel