Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Wahyu 19 >> 

1Sawisé mengkono aku krungu kaya swarané wong akèh banget ana ing swarga, pangucapé: "Pinujia Allah! Keslametan, kamulyan lan pangwasa ana ing astané Allah kita!

2Pengadilané leres lan patitis. Panjenengané wis ngadili sundel gedhé, kang gawé rusaking bumi srana enggoné laku jina. Panjenengané wis malesaké marang wong wadon kuwi, merga enggoné wis matèni para abdiné."

3Swara mau nuli ngucap kang kapindhoné: "Pinujia Allah! Kumeluné kukus saka geni kang ngobong kutha gedhé mau bakal langgeng selawas-lawasé."

4Para pinituwa patlikur lan makluk papat kuwi banjur padha sumungkem sujud marang Gusti Allah kang lenggah ing dhampar, sarta munjuk: "Amin, pinujia Allah."

5Nuli keprungu swara saka dhampar, pangandikané: "Hé para abdiné Allah kabèh, lan sakèhé wong, gedhé cilik kang nyembah marang Panjenengané, padha saosa puji marang Allah kita!"

6Sawisé kuwi aku banjur krungu kaya swarané wong akèh banget. Swara mau kaya gumrojoging banyu akèh lan kaya swarané gludhug gumleger, tembungé: "Pinujia Allah! Awit Pangéran Allah kita Kang Mahakwaos jumeneng Raja!

7Payo kita padha ramé-ramé bebungah, lan ngluhuraké kamulyané! Amarga wis tekan wektuning temuné Sang Cempé, lan pengantèn putri wis rumanti.

8Pengantèn putri wis kaparingan ageman mori alus putih, kang resik gumilap!" (Anadéné mungguh mori alus kuwi ngibarataké kautamaning umaté Allah.)

9Malaékat mau ngandika karo aku mengkéné: "Tulisen iki: ‘Begja wong-wong kang tinimbalan marang bujana temuné Sang Cempé.’" Nuli pangandikané menèh marang aku: "Iki pangandikané Gusti Allah kang sanyata."

10Aku banjur sumungkem ing ngarepé malaékat mau arep nyembah, nanging nuli dipangandikani: "Aja mengkono! Aja nyembah aku. Nyembaha Allah! Awit aku iki ora béda karo kowé lan para sedulurmu kabèh, kang precaya marang Gusti Yésus!" Sebab sakèhing prekara nyata sing diparingaké déning Gusti Yésus kuwi sumbering pamedhar wangsité para nabi.

11Aku banjur weruh swarga menga; katon ana jarané putih. Déné sing nunggang jenengé Sang Setya lan Sang Sanyata. Panjenengané enggoné nindakaké pengadilan lan peperangan kanthi adil.

12Mripaté kaya urubing geni. Sirahé nganggo makutha akèh. Déné jeneng sing katulis ana ing Panjenengané, ora ana sing ngerti, kejaba Panjenengané piyambak.

13Penganggoné jubah kebak getih, sarta jenengé kasebut: "Sabdaning Allah".

14Para prejurité swarga padha ngetutaké lakuné karo nunggang jaran putih, lan menganggo sandhangan mori alus putih memplak.

15Tutuké metokaké pedhang landhep arep kanggo ngalahaké bangsa-bangsa. Panjenengané bakal ngerèh bangsa-bangsa mau nganggo teken wesi, lan bakal meres anggur ana ing pamipitan, yakuwi bebendu merga saka dukané Gusti Allah Kang Mahakwaos.

16Ana ing jubah lan wentisé ditulisi Asmané: "Ratuné para ratu lan Gustiné para gusti."

17Aku nuli weruh malaékat ngadeg ana ing srengéngé, lan nguwuh seru marang sakèhé manuk kang mabur ing awang-awang, pangucapé: "Mrénéa, padha nglumpuka ngguyubi pahargyan gedhé, sing diadani déning Gusti Allah!

18Padha mangana dagingé para ratu, dagingé para penggedhéné perang lan para wong sing peng-pengan, apa déné dagingé jaran lan sing padha nunggangi, sarta dagingé sakèhing manungsa, gedhé cilik, batur-tukon lan wong merdika!"

19Aku banjur weruh si kéwan lan para ratu pepak saprajurité, padha nglumpuk arep nglawan perang marang Panjenengané kang nunggang jaran putih lan sabalané mau.

20Si kéwan nuli dicekel, semono uga para nabi palsu sing wis padha nindakaké mujijat-mujijat ana ing ngarepé si kéwan mau. (Iya srana mujijat-mujijat kuwi si kéwan nasaraké wong-wong sing padha nampani ciriné si kéwan kuwi lan wong-wong sing padha sujud marang recané.) Si kéwan lan para nabi palsu mau nuli kacemplungaké urip-uripan ing segara geni lirang sing murub makantar-kantar.

21Déné balané padha dipatèni srana pedhang sing metu saka tutuké Panjenengané sing nitih jaran putih mau. Manuk-manuk nuli padha teka lan ora sranta mangani dagingé wong-wong sing padha dipatèni.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Wahyu 19 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel