Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Wahyu 2 >> 

1"Nulisa marang malaékaté pasamuwan ing kutha Éfesus mengkéné: Iki pangandikané Panjenengané kang ngasta lintang pitu ing astané tengen lan kang tindak-tindak ing antarané pedamaran emas pitu mau.

2Aku ngerti sakèhing penggawému: Akèh pegawéan sing wis koktandangi klawan tataging ati. Aku ngerti enggonmu ora nguja marang wong sing ala lakuné, lan enggonmu wis ndadar wong-wong sing ngaku-aku rasul, mangka ing sanyatané dudu; dadi cethané para wong tukang goroh.

3Aku weruh enggonmu sabar sarta enggonmu nandhang sangsara merga saka Aku, éwasemono kowé padha ora semplah.

4Nanging ana saprekara sing ora Daksenengi: Yakuwi enggonmu wis ninggal katresnanmu sing kawitan.

5Mulané padha ngrumangsanana bangeté mundurmu! Padha mratobata, ninggala dosa-dosamu, lan padha nglakonana apa sing koktindakaké sekawit. Yèn kowé ora mratobat, Aku mesthi bakal rawuh lan bakal mundhut pedamaran mau saka ing panggonané, kejaba yèn kowé padha mratobat saka dosa-dosamu.

6Nanging iya ana saprekara sing becik: Yakuwi enggonmu padha sengit karo penggawéné para penganuté Nikolaus, sing iya Daksengiti.

7Sapa sing ngrungu, padha nggatèkna apa sing dingandikakaké déning Sang Roh Suci marang pasamuwan-pasamuwan. Sing sapa tumemen bakal Dakparengaké mangan wohing wit panguripan sing ana ing petamanané Gusti Allah."

8"Nulisa marang malaékaté pasamuwan ing kutha Smirna mengkéné: Iki dhawuhé Sang Awal lan Sang Akir, sing wis séda lan gesang menèh:

9Aku ngerti kasusahanmu. Kowé mlarat, nanging satemené sugih! Aku ngerti enggonmu diala-ala déning wong-wong sing ngaku-aku wong Yahudi, mangka satemené dudu. Sejatiné wong-wong kuwi umaté Iblis.

10Kowé aja wedi karo kasangsaran sing sedhéla menèh bakal nekani kowé. Lan Iblis bakal nglebokaké wong panunggalanmu sawetara ana ing pakunjaran kanggo nyoba kowé. Kowé bakal nandhang kasusahan sepuluh dina lawasé. Tetepa setya marang Aku, senajan nganti tumeka ing pati; temahan kowé bakal Dakganjar urip sejati kang asipat langgeng, minangka makuthaning kemenanganmu.

11Sing sapa ngrungu nggatèkna apa sing dingandikakaké déning Rohé Allah marang pasamuwan-pasamuwan! Sing sapa tetep pangabektiné bakal ora disangsara déning pati sing kapindho."

12"Nulisa marang malaékaté pasamuwan ing kutha Pèrgamus mengkéné: Iki dhawuhé Kang ngasta pedhang landhep kiwa-tengen:

13Aku ngerti panggonanmu, yakuwi ing kutha krajané Iblis. Kowé padha setya marang Aku. Malah nalika Antipas, seksi-Ku sing setya, dipatèni ana ing satengahmu, iya ana ing kratoné Iblis, kowé padha ora nyélaki precayamu marang Aku.

14Senajan mengkono, ana prekara sawetara sing ora Daksenengi tumraping kowé, yakuwi panunggalanmu ana wong-wong sing padha kèlu karo piwulangé Biléam. Biléam mau ngajani Balak supaya njlomprongaké wong Israèl karebèn padha gawé dosa, srana mangan sesajèné brahala sarta laku jina.

15Mengkono uga panunggalanmu ana wong sawetara sing kèlu karo piwulangé wong-wongé Nikolaus.

16Mulané padha mratobata! Awit yèn ora, mengko Aku bakal énggal nekani kowé lan nglawan wong-wong mau nganggo pedhang sing ana ing tutuk-Ku.

17Sapa sing krungu, nggatèkna apa sing dadi pangandikané Sang Roh Suci marang pasamuwan-pasamuwan. Sing sapa unggul bakal Dakparingi mangan manna sengkeran, sarta bakal Dakparingi watu putih. Ing watu mau kaukir jeneng anyar, sing ora dingertèni ing wong, kejaba mung sing diparingi mau."

18"Nulisa marang malaékaté pasamuwan ing kutha Tiatira mengkéné: Iki dhawuhé Putraning Allah, kang paningalé kaya urubing geni lan sampéyané kaya tembaga mengangah.

19Aku ngerti penggawému kabèh: Iya katresnanmu, iya kasetyanmu, pengabdianmu lan kaantepanmu sajroning nandhang sangsara. Aku ngerti yèn penggawému sing kèri dhéwé iki luwih becik ketimbang karo sing wiwitan.

20Nanging ana saprekara sing ora Daksenengi tumraping kowé: Yakuwi enggonmu ngumbar Izébèl, wong wadon sing ngaku-aku nabining Allah, memulang lan nasaraké para abdi-Ku supaya padha laku jina lan mangan sesajèné brahala.

21Aku wis maringi wektu marang wong mau, nanging ora gelem mratobat saka enggoné laku jina.

22Mulané wong kuwi bakal Dakbanting nganti dadi lara nggléthak ana ing peturon. Ana ing kono Izébèl lan wong-wong sing padha laku jina karo dhèwèké bakal nandhang kasangsaran gedhé. Kuwi bakal énggal Daktindakaké, semono mau yèn padha ora marèni lelakoné sing ala kuwi.

23Wong-wong sing padha kèlu karo Izébèl mau iya bakal Daktumpes, supaya sakèhé pasamuwan padha ngerti yèn Aku pirsa isining nalar lan budining manungsa. Sarta Aku bakal males marang kowé kabèh, miturut sapenggawému dhéwé-dhéwé.

24Nanging tumrap wong-wong liyané ing kutha Tiatira, sing ora kèlu ing piwulang mau lan ora nyinau ngèlmu-ngèlmuning Iblis, Aku prejanji: Aku ora arep nambahi momotan liyané marang kowé.

25Nanging apa sing koklakoni mau ugemana nganti sateka-Ku.

26Sing sapa teguh imané lan tansah nindakaké préntah-Ku nganti tekan ing wekasan, bakal Dakganjar pangwasa padha karo pangwasa sing Daktampa saka Rama-Ku.

27Wong-wong mau bakal padha ngerèh para bangsa nganggo teken wesi; lan bangsa-bangsa bakal diremuk kaya grabah.

28Wong-wong mau uga bakal Dakparingi lintang panjer ésuk.

29Sapa waé sing krungu padha ngrungokna apa sing dadi pangandikaning Rohé Allah marang pasamuwan-pasamuwan."


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Wahyu 2 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel