Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Wahyu 22 >> 

1Malaékat mau uga nuduhi aku kali sing banyuné bening kaya kristal, yakuwi banyuné kauripan. Kali mau mili metu saka dhamparé Gusti Allah lan dhamparé Sang Cempé,

2terus menyang satengahé dalan-dalan ing kutha kono. Ing sakiwa-tengené kali mau ana wit-wit kauripan sing metokaké woh ping rolas sajroné setaun, saben sasi sepisan. Godhongé dienggo marasaké para bangsa.

3Ing kutha kono ora ana barang sing kena ing laknaté Gusti Allah. Dhamparé Gusti Allah lan Sang Cempé bakal ana ing tengahé kutha kono. Para abdiné Allah bakal padha ngabekti marang panjenengané,

4lan bakal padha nyawang pasuryané. Bathuké bakal padha kacirènan asmané Allah.

5Ing kono bakal ora ana wayah bengi menèh, mulané wong-wong mau padha ora mbutuhaké obor utawa srengéngé, awit Pangéran piyambak kang bakal madhangi. Wong-wong mau bakal padha mréntah dadi ratu langgeng ing selawas-lawasé.

6Malaékat mau nuli ngandika marang aku: "Pangandika iki nyata lan kena diprecaya. Gusti Allah kang wis maringaké Rohé marang para nabi, wis ngutus malaékaté supaya nuduhaké marang para abdiné apa kang pinesthi bakal kelakon."

7Pangandikané Gusti Yésus: "Aku bakal énggal rawuh. Begja wong sing padha ngèstokaké pameca, sing katulis ing kitab iki."

8Aku Yohanes wis weruh lan krungu prekara-prekara mau kabèh. Sawisé krungu lan ndeleng, aku nuli sumungkem, arep sujud ing ngarepé malaékat, sing wis nuduhaké kabèh marang aku.

9Nanging tembungé malaékat: "Aja! Aja nyembah aku. Nyembaha Gusti Allah. Aku rak iya abdi kaya kowé, lan kaya sedulur-sedulurmu para nabi lan kabèh wong sing ngèstokaké pangandika-pangandika ing kitab iki!"

10Pangucapé menèh: "Pameca-pameca sing ana ing kitab iki aja ditutup-tutupi, awit wektu bakal kelakoné kuwi mau kabèh wis cepak!

11Wong ala karebèn nerusaké olèhé gawé piala, sing jember karebèn nerusaké olèhé njemberaké awak. Sing sapa laku bener karebèn nerusaké olèhé laku bener. Sing sapa suci, karebèn nerusaké olèhé nucèkaké awaké."

12Pangandikané Gusti Yésus: "Aku bakal énggal rawuh, sarta ngasta ganjaran peparing-Ku minangka pituwasé wong siji-siji miturut penggawéné.

13Aku iki Sang Alfa lan Sang Oméga, Kang Miwiti lan Kang Mungkasi, Kang Wiwitan lan Kang Wekasan."

14Begja wong sing padha ngumbah sandhangané nganti resik. Kuwi sing bakal padha duwé wewenang mangan wohing wit panguripan lan mlebu ing kutha, liwat ing gapura-gapurané.

15Nanging wong-wong sing nglakoni penggawé nistha lan juru-tenung, wong-wong sing laku jina, tukang gawé pati, wong nyembah brahala lan wong sing seneng ngapusi, srana tembung lan tumindak, kabèh panggonané ana ing sanjabané kutha mau.

16"Aku, Yésus, wis ngutus malaékat-Ku supaya ngandhakaké prekara mau kabèh marang pasamuwan-pasamuwan. Aku iki tedhak-turuné Dawud, lintang panjer ésuk kang mencorong."

17Rohé Allah lan Pengantèn Putri padha munjuk: "Paduka mugi rawuh!" Lan sapa sing krungu, munjuka: "Paduka mugi rawuh!" Sapa sing ngelak, majua! Lan sapa sing kepéngin, njupuka banyu panguripan tanpa nganggo mbayar!

18Wong sing ngrungokaké pameca sing kawedharaké ing kitab iki dakpituturi mengkéné: "Yèn ana wong sing nambahi apa-apa ing pameca-pameca iki, Gusti Allah mesthi bakal maringi wewelak marang wong mau, padha kaya sing tinulis ing kitab iki.

19Lan yèn ana wong sing ngurangi pameca-pameca sing kawedhar ing kitab iki, Gusti Allah iya bakal mundhut pandumané berkah saka ing wit panguripan lan saka ing kutha suci kuwi, kaya sing katulis ana ing kitab iki."

20Panjenengané sing maringi pawarta mau kabèh ngandika mengkéné: "Iya. Aku mesthi énggal rawuh!" Amin! Inggih Gusti Yésus, Paduka mugi rawuh!

21Sih-rahmaté Gusti Yésus Kristus anaa ing kowé kabèh! Amin.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Wahyu 22 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel