Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Wahyu 5 >> 

1Aku nuli weruh yèn Panjenengané kang lenggah ing dhampar mau astané tengen ngasta gulungan kitab. Kitab mau kebak tulisan njaba-njero, sarta disègel nganggo sègel pitu.

2Tumuli aku weruh malaékat sing gagah-prakosa, nguwuh-uwuh klawan sora: "Sapa sing wenang mbukak gulungan kitab iki srana nglèthèki sègel-sègelé?"

3Nanging ing swarga, ing bumi sarta ing sangisoring bumi, ora ana wong siji-sijia sing wani mbukak gulungan kitab kuwi, sarta ndeleng njeroné.

4Aku tumuli nangis kelara-lara, merga ora ana wong sing wenang mbukak gulungan kitab mau sarta weruh isiné.

5Banjur ana pinituwa sing kandha marang aku: "Kowé aja nangis! Delengen, Sang Singa saka taleré Yéhuda, tedhaké Sang Prabu Dawud wis unggul, saguh nglèthèki sègel pitu, sarta mbukak gulungan kitab kuwi."

6Aku banjur weruh ing satengahé dhampar lan makluk papat, sarta ing satengahé para pinituwa mau ana Cempé ngadeg, katoné kaya tilas disembelèh. Cempé mau sunguné pitu lan mripaté pitu: yakuwi Rohé Allah pepitu, kang kautus menyang ing salumahing bumi.

7Sang Cempé mau banjur nyedhak sarta nampani kitab mau saka asta tengené panjenengané kang pinarak ing dhampar.

8Nalika Sang Cempé mundhut gulungan kitab mau, makluk papat lan pinituwa patlikur nuli sumungkem ana ing ngarepé. Saben pinituwa nyekel clempung lan bokor emas isi menyan, yakuwi pandongané para suci.

9Nuli padha ngidungaké kidung anyar, tembungé: "Namung Paduka ingkang pantes nampèni gulungan kitab menika sarta nglèthèk sègel-sègelipun. Awit Paduka sampun dipun sédani; lan srana séda Paduka menika, tiyang-tiyang saking sedaya taler, basa tuwin negari miwah bangsa sami katebus kagem Gusti Allah.

10Tiyang-tiyang wau sampun Paduka dadosaken tedhak-turunipun ratu, inggih supados sami dados imam-imam ingkang ngladosi Allah kita, tuwin sami kagungan pangwaos wonten ing bumi."

11Aku banjur weruh lan krungu swarané malaékat sing cacahé maèwu-èwu lan mayuta-yuta padha ngadeg sakubenging dhampar lan makluk papat, tuwin para pinituwa.

12Para malaékat mau padha ngidung nganggo swara sora, pangucapé: "Sang Cempé ingkang sampun kapragat menika pantes nampèni pangwaos, lan kasugihan tuwin kawicaksanan, saha kekiyatan tuwin pakurmatan, miwah kamulyan lan pangalembana!"

13Aku banjur krungu sakèhing makluk sing ana ing swarga lan ing bumi apa déné sangisoring bumi sarta ing segara !!— cekaké sakèhing makluk ing jagad raya kabèh !!— padha ngidung: "Pangalembana lan kaurmatan, tuwin pamuji lan kamulyan kasaosna marang Panjenengané kang lenggah ing dhampar saha Sang Cempé, ing selawas-lawasé."

14Makluk papat mau padha ngucap: "Amin." Déné para pinituwa mau padha sumungkem sujud.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Wahyu 5 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel