Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Wahyu 7 >> 

1Sawisé kuwi aku weruh malaékat papat ngadeg ana ing pojoking bumi papat, padha nyandhet angining bumi saka kéblat papat, supaya aja ana angin sing niyub ing dharatan, ing segara utawa ing wit-witan.

2Banjur aku weruh ana malaékat liyané njedhul saka ing Wétan. Malaékat mau nggawa ecapé Allah kang gesang. Klawan swara seru malaékat mau kandha karo malaékat papat sing padha kaparingan wewenang saka Gusti Allah ngrusak dharatan lan segara.

3Tembungé: "Aja ngrusak dharatan lan segara utawa wit-witan sadurungé aku padha ngecap bathuké para abdiné Allah!"

4Aku dikandhani yèn cacahé para abdiné Allah sing diecapi bathuké mau satus patang puluh papat èwu.

5Wong-wong kuwi asalé saka taleré bangsa Israèl rolas; saben taler 12.000. Yakuwi saka taler Yéhuda, Rubèn, Gad,

6Asyèr, Naftali, Manasyè,

7Siméon, Lèwi, Isakar,

8Zébulon, Yusuf, Bènyamin.

9Sawisé mengkono aku weruh ana golonganing wong akèh banget, ora kena diétung merga saka akèhé. Asalé wong-wong mau saka sakèhing bangsa, taler, negara lan basa. Padha ngadeg ana ing ngarepé dhampar lan ing ngarsané Sang Cempé; padha nganggo jubah putih sarta nyekel pang kurma.

10Wong-wong mau padha nguwuh swarané seru: "Kita iki bisané slamet mung merga saka Allah kita kang lenggah ing dhampar sarta merga Sang Cempé!"

11Ana déné para malaékat padha ngadeg ing sakubenging dhampar lan para pinituwa, sarta makluk papat mau. Para malaékat nuli padha sumungkem ing ngarepé dhampar sarta sujud marang Gusti Allah.

12Unjuké: "Amin! Sakèhing puji kasaosna marang Allah kita merga saka kamulyan lan kawicaksanané. Pantes kasaosan panuwun lan kaurmatan, awit pangwasa lan kasektèné langgeng ing selawas-lawasé. Amin!"

13Nuli ana pinituwa sing ndangu marang aku: "Apa kowé ngerti, sapa sing padha nganggo jubah putih kuwi lan saka ngendi pinangkané?"

14Atur wangsulanku: "Bapak, kula mboten ngertos. Malah Bapak ingkang pirsa." Pinituwa mau banjur ngandika marang aku: "Kuwi wong-wong sing luwar saka ing panganiaya sing nggegirisi, sarta wis padha ngumbah jubahé nganti putih srana rahé Sang Cempé.

15Mulané padha ngadhep ana ing ngarepé dhamparing Allah, sarta padha ngabekti marang Panjenengané rina lan wengi ana ing Pedalemané Allah. Lan Panjenengané kang lenggah ing dhampar kuwi bakal dedalem ana ing satengahé wong-wong mau, paring pengayoman.

16Wong-wong kuwi bakal padha ora krasa luwé lan ngelak menèh, sarta ora bakal ngrasakaké panasing srengéngé sing sumelèt.

17Awit Sang Cempé sing lenggah ing dhampar kuwi bakal dadi pangoné sing ngirid wong-wong mau menyang etuking banyu kauripan, sarta Gusti Allah bakal ngusapi sakèhé eluhing mripaté."


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Wahyu 7 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel