Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yehezkiel 20 >> 

1Nalika enggonku padha ana ing pembuwangan nyandhak pitung taun ing sasi kalima, tanggal kaping sepuluh, ana pemimpiné masarakat Israèl sawetara padha takon karo aku bab kersané Pangéran, karo lungguh ana ing ngarepku.

2Pangéran banjur ngandikani aku,

3"Hé wong apes, kandhakna karo wong-wong kuwi lan lantarna pangandika-Ku mengkéné, ‘Tekamu padha arep takon bab kersa-Ku? Demi gesang-Ku, kowé bakal ora Dakwangsuli. Mengkono pangandikané Pangéran.’"

4"Apa kowé wis siap ngadili wong-wong kuwi, hé wong apes? Kandhakna! Padha élingna karo prekara-prekara nistha sing ditindakaké déning para leluhuré.

5Kandhakna apa sing Dakngandikakaké. Nalika Israèl Dakpilih, Aku janji karo wong-wong kuwi. Aku ngetingal ana ing Mesir lan Dakngandikani, ‘Aku iki Pangéran Allahmu!’

6Nalika semono Aku janji arep mbekta wong-wong mau metu saka tanah Mesir, lan Dakirid menyang tanah sing Dakcawisaké, tanah gemah ripah loh jinawi, tanah sing apik dhéwé.

7Padha Dakkandhani supaya mbuwang brahala-brahala sing padha disenengi, supaya aja padha najisaké awaké dhéwé karo brahala-brahala Mesir sing ora teges kuwi, merga Aku iki Pangéran Allahé.

8Nanging padha ngrèmèhaké Aku lan ora nggugu karo pangandika-Ku. Brahala-brahalané sing njijiki ora dibuwangi, mengkono uga ora marèni enggoné nyembah brahala-brahalané wong Mesir. Aku wis ngrancang ngesokaké duka-Ku sakatogé ana ing tanah Mesir kono.

9Nanging kersa-Ku Dakpenggak piyambak, supaya asma-Ku ora dicecamah ing ngarepé bangsa-bangsa sing dienggoni, sebab Aku wis ngumumaké yèn Israèl bakal Dakirid metu saka tanah Mesir.

10Dadi bangsa Israèl Dakbekta metu saka tanah Mesir menyang segara wedhi.

11Ana ing kana padha Dakparingi dhawuh-Ku lan Dakwulang bab prenatan-prenatan sing dadi marganing urip, kanggoné wong sing netepi.

12Aku maringaké dina Sabbat supaya padha ditetepi, kanggo pretandha enggoné padha netepi prejanjiané karo Aku, kanggo ngélingaké yèn Aku, Pangéran, milih wong-wong mau dadi umat-Ku.

13Nanging nalika isih ana ing segara wedhi kono, wis nantang Aku. Prenatan-prenatan-Ku diterak lan dhawuh-dhawuh-Ku sing dadi marganing urip kanggo wong sing netepi, ditampik. Dina Sabbat padha ora disucèkaké babar-pisan. Aku ngrancang arep ngesokaké paukuman-Ku sakatogé marang wong-wong mau ana ing segara wedhi kono supaya tumpes kabèh.

14Nanging duka-Ku Dakampet, supaya Aku aja dirèmèhaké déning bangsa-bangsa sing padha nyipati enggon-Ku ngirid Israèl saka ing Mesir.

15Ana ing ara-ara samun kono Aku sumpah yèn wong-wong mau bakal ora mlebu ing tanah sing Dakparingaké, tanah sing gemah ripah loh jinawi, ora ana sing ngungkuli beciké.

16Enggon-Ku sumpah mengkono mau merga wong-wong kuwi padha nampik dhawuh-dhawuh-Ku, nerak prenatan-prenatan-Ku lan najisaké dina Sabbat-Ku, merga luwih seneng nyembah brahala-brahalané.

17Nanging Aku banjur runtuh welas-Ku, nganti ora Daksirnakaké ana ing ara-ara samun.

18Malah wong nom-nom padha Dakélingaké, ‘Lakumu aja padha manut prenatané leluhurmu, aja ngenut adat tata-carané utawa najisaké awakmu srana nyembah brahala-brahalané.

19Aku iki Pangéran Allahmu. Netepana prenatan-prenatan lan dhawuh-dhawuh-Ku.

20Dina Sabbat kuwi sucèkna, sebab Sabbat kuwi dadi tandhané prejanjian sing ana ing antara-Ku lan kowé, kanggo ngélingaké marang kowé yèn Aku iki Pangéran Allahmu.’

21Nanging wong-wong mau padha nantang Aku. Prenatan-prenatan-Ku padha diterak, dhawuh-dhawuh-Ku sing njaga keslametané ora padha ditetepi. Dina Sabbat-Ku padha dinajisaké. Aku wis ngrancang arep numpes wong-wong mau kabèh ana ing ara-ara samun.

22Nanging duka-Ku mau Dakampet, merga bakal marakaké asma-Ku dirèmèhaké déning bangsa-bangsa sing padha weruh enggon-Ku ngirid bangsa Israèl metu saka tanah Mesir.

23Aku banjur gawé prejanjian menèh ana ing segara wedhi. Aku sumpah yèn bangsa mau bakal Dakbuyaraké ana ing salumahing bumi.

24Merga bangsa kuwi nampik dhawuh-dhawuh-Ku, nerak prenatan-Ku, najisaké Sabbat-Ku lan nyembah brahala sing disembah déning para leluhuré.

25Banjur padha Dakparingi prenatan-prenatan sing ora becik lan dhawuh-dhawuh sing ora njalari urip.

26Wong-wong mau Daktogaké dadi najis saka enggoné sesaji, lan Daktogaké ngurbanaké anaké pembarep. Kuwi cara-Ku ngukum bangsa mau, supaya ngerti yèn Aku iki Pangéran.

27Saiki, hé wong apes, kandhaa karo wong Israèl, Aku Pangéran Allah ngandika mengkéné, ‘Mengkéné carané para leluhuré enggoné ngina lan nyingkur Aku.

28Wong-wong kuwi padha Dakirid menyang tanah sing Dakjanjèkaké arep Dakparingaké. Bareng padha weruh pegunungan lan wit-witan sing ngrembuyung ijo banjur padha gawé kurban ana ing kono. Wong-wong mau padha njalari duka-Ku srana enggoné padha gawé kurban obongan lan kurban anggur.’

29Padha Dakdangu, ‘Punthuk-punthuk sing padha kokunggahi kuwi kokenggo apa?’ Wiwit nalika semana panggonan-panggonan mau disebut ‘Punthuk’.

30Saiki wong Israèl padha kandhanana, ‘Aku, Pangéran Allah ngandika mengkéné: Yagéné kowé nglakoni dosa padha karo sing dilakoni déning para leluhurmu, ngetutburi brahala-brahala?

31Tekan sepréné kowé padha gawé kurban kaya sing dilakoni déning para leluhurmu, lan najisaké awakmu srana nyembelèh lan ngobong anak-anakmu dadi kurban marang brahala-brahala. Senajan mengkono kowé wong Israèl isih padha teka lan takon bab kersa-Ku! Demi gesang-Ku, Pangéran Allah, kowé bakal ora takon apa-apa menèh marang Aku.

32Kowé wis gawé putusan ing atimu kepéngin padha karo bangsa-bangsa liyané, kaya umat sing kokpondhoki ing manca negara, sing padha nyembah wit lan watu. Nanging kuwi ora bakal kelakon.’"

33"Demi gesang-Ku, Pangéran Allah, sajroning mulading duka-Ku Aku bakal ngerèh kowé nganggo pangwasa, nganggo kasektèn-Ku.

34Aku bakal ngetingalaké kasektèn-Ku lan paukuman-Ku samasa Aku wis nglumpukaké kowé bali saka tanah-tanah manca panggonanmu kasebar.

35Kowé bakal Dakbekta ana ing ‘Pasamuwané Para Bangsa’ lan ana ing kana kowé bakal Dakukum adu-arep karo Aku.

36Saiki kowé bakal mung Dakukum kaya enggon-Ku ngukum para leluhurmu ana ing segara wedhi Sinai. Mengkono pangandikané Pangéran Allah.

37Saiki kowé bakal Dakerèh lan Dakgawé netepi prejanjian-Ku.

38Wong ing antaramu sing nglawan lan kebak dosa bakal Daksingkiraké. Wong-wong kuwi bakal Daksingkiraké saka tanah-tanah sing saiki dienggoni, nanging bakal ora Dakbalèkaké menyang tanah Israèl. Nganti kowé bakal ngerti yèn Aku iki Pangéran."

39Pangandikané Pangéran Allah mengkéné, "Saikiné hé wong Israèl kabèh, padha kepénakna awakmu! Padha terus-terusna enggonmu nyembah brahala! Nanging ngertia yèn sawisé iki kowé kudu manut karo Aku lan marèni enggonmu najisaké asma-Ku kang suci, srana gawé kurban marang brahala-brahalamu.

40Ana ing tanah kana, ana ing gunung-Ku kang suci, gunungé Israèl sing dhuwur, kowé umat Israèl kabèh bakal padha nyembah sujud marang Aku. Aku bakal nampa kowé lan ngarep-arep kurban sesaosanmu, sesajènmu sing becik dhéwé lan sesaosanmu sing suci.

41Sawisé kowé Dakirid metu saka tanah-tanah panggonanmu kasebar sarta Dakklumpukaké dadi siji, Aku bakal kersa nampi kurban-kurban obongan sing koksaosaké, lan para bangsa bakal padha ngerti yèn Aku iki suci.

42Menawa kowé wis Dakbalèkaké menyang tanah Israèl menèh, tanah sing wis Dakjanjèkaké marang para leluhurmu dadi tanah pusakané, kowé bakal ngerti yèn Aku iki Pangéran.

43Kowé bakal kèlingan karo sakèhé prekara sing gawé wirangmu lan prekara-prekara sing gawé najisé awakmu. Kowé bakal éwa karo awakmu dhéwé merga sakèhing piala sing wis koklakoni.

44Hé umat Israèl, padha ngertia yèn enggon-Ku ora males kowé timbang karo piala sing koklakoni kuwi merga Aku njaga kaurmatané asma-Ku dhéwé. Mengkono pangandikané Pangéran."

45Pangandikané Pangéran marang aku mengkéné,

46"Hé wong apes, ngawasna ngidul. Kandhaa lan medhara wangsit marang alas-alas sing ana ing Kidul.

47Kandhaa karo alas-alas ing Kidul karebèn padha ngrungokaké pangandikané Pangéran sing mengkéné, ‘Delengen! Aku nyumed geni, sing bakal ngobong saben wit ana ing njeromu, sing ijo lan sing garing. Ora ana sing bisa nyirep. Geni mau bakal mrèmbèt saka Kidul mengalor, lan saben wong bakal ngrasakaké mulad-muladé.

48Nganti wong kabèh padha ngerti yèn Aku iki Pangéran sing nyumed geni mau lan ora ana wong sing bisa nyirep.’"

49Nanging aku munjuk, "Dhuh Pangéran, sampun ta ndhawuhi kawula medharaken wangsit menika! Awit saben tiyang sami criyos bilih kula selaminipun mboten naté terus-terang."


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yehezkiel 20 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel