Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yehezkiel 28 >> 

1Pangéran ngandika marang aku mengkéné,

2"Hé wong apes, raja Tirus kandhanana yèn Aku, Pangéran Kang Mahakwasa dhawuh marang wong-wong mau mengkéné, ‘Omonganmu umuk, gemedhé, kandha yèn kowé kuwi allah, sing lungguh ana ing dhampar ing satengahé samodra. Rumangsamu kowé kuwi allah, nanging sejatiné dudu; kowé kuwi manungsa sing apes.

3Rumangsamu kowé kuwi luwih wicaksana tinimbang Dhanièl, nganti ora ana prekara sing rumit kanggoné kowé.

4Kawicaksananmu lan ketrampilanmu sing marakaké kowé sugih raja-brana, emas lan slaka.

5Kowé pancèn pinter dagang nganti bathimu akèh. Atimu mongkog merga kasugihanmu sepirang-pirang!’"

6Sarèhné mengkono, Aku Pangéran, Kang Mahakwasa ngandika mengkéné, "Merga kowé rumangsa wasis kaya Allah,

7Aku bakal nekakaké mungsuh sing ambek siya, nempuh perang marang kowé. Sakèhé barang éndah lan pengaji saka asilé kawasisan lan ketrampilanmu dagang bakal disirnakaké.

8Kowé bakal dipatèni lan dikubur ana ing kuburan sing kebak banyu.

9Yèn wong-wong mau padha teka arep matèni kowé, apa kowé isih bakal kandha, ‘Aku iki Allah?’ Yèn kowé adu-arep karo wong sing bakal matèni kowé, kowé bakal ngakoni yèn kowé kuwi dudu Allah, nanging manungsa sing apes.

10Kowé bakal mati kaya asu ana ing tangané wong kapir saka manca negara. Mengkono pangandika-Ku, Pangéran Kang Mahakwasa."

11Pangéran ngandika menèh mengkéné,

12"Hé wong apes, nangisana raja Tirus sing bakal nampani musibah. Kandhakna marang raja Tirus, yèn Aku, Pangéran Kang Mahakwasa ngandika mengkéné, ‘Biyèn kowé kuwi prelambangé kasampurnan. Kowé wasis lan duwé kawibawan!

13Kowé manggon ana ing Firdus, petamanané Allah. Direngga nganggo permata manca warna sing éndah-éndah: akik dlima lan inten, akik topas, pirus, yakut, retna, cempaka, nilam, zamrud lan alkali abang. Enggon-enggonmu saka emas. Kabèh mau dicawisaké wiwit kowé lair.

14Aku nugasaké kerub sing sekti njaga kowé. Kowé manggon ana ing gunung-Ku kang suci lan mlaku-mlaku ana ing satengahing permata sing mencorong.

15Tumindakmu tanpa cacad wiwit kowé katitahaké, nganti saiki kowé nglakoni piala.

16Kowé laku dagang gedhèn, kuwi njalari kowé nindhes lan jahat. Mulané kowé banjur Dakbuwang saka gunungé Allah, lan kerub sing ngreksa kowé banjur nundhung kowé saka satengahé permata sing gemebyar.

17Kowé gemunggung merga saka éndahing rupamu lan merga saka misuwurmu; pretingkahmu banjur kaya wong gemblung. Mulané kowé bakal Dakbuwang ana ing lebuning bumi, dadi pepéling kanggo para raja liyané.

18Piala sing koktindakaké sajroning dol-tinuku, gawé najisé papan pangibadahmu. Mulané kuthamu bakal Dakobong nganti entèk babar-pisan. Apa sing saiki katon bakal entèk dadi awu.

19Kowé bakal sirna ing selawas-lawasé, lan bangsa-bangsa sing wis tau teka lan kenal karo kowé bakal padha dadi giris, merga wedi yèn iya bakal ngalami musibah kaya kowé.’"

20Pangandikané Pangéran marang aku mengkéné,

21"Hé wong sing apes, wartakna marang kutha Sidon mengkéné,

22kandhakna yèn Aku, Pangéran Kang Mahakwasa, ngandika mengkéné tumraping Sidon, ‘Sidon, Aku iki mungsuhmu. Wong-wong bakal padha memuji marang Aku merga sing Daktindakaké marang kowé. Wong-wong mau bakal ngerti yèn Aku iki Pangéran, kang mahasuci, mulané ngukum wong-wong sing padha manggon ing kuthamu.

23Aku bakal nekakaké pageblug lan perang, mula dalan-dalanmu bakal kebak getih. Kowé bakal diserang mungsuh saka kéblat papat, lan wong-wongmu bakal tiwas déning pedhang. Nganti kowé bakal ngerti yèn Aku iki Pangéran.’"

24Pangandikané Pangéran menèh, "Bangsa-bangsa sakiwa-tengené Israèl sing biyèn ngina marang Israèl bakal mari dadi eri sing natoni Israèl menèh. Nganti bangsa-bangsa mau bakal ngerti yèn Aku iki Pangéran."

25Pangéran Kang Mahakwasa ngandika menèh mengkéné, "Aku bakal mbalèkaké wong Israèl saka satengahé bangsa-bangsa nalika Dakbuyaraké, nganti bangsa-bangsa bakal ngerti yèn Aku iki Pangéran kang mahasuci. Umat Israèl bakal manggon ana ing tanahé dhéwé, tanah sing Dakparingaké marang Yakub abdi-Ku.

26Umat kuwi bakal manggon ana ing kana kanthi tentrem. Ana ing kana bakal padha gawé omah lan yasa kebon anggur. Para bangsa sakiwa-tengené sing ngrèmèhaké bakal Dakukum, sarta Israèl bakal manggon kanthi tentrem lan ngerti yèn Aku iki Pangéran, Allahé."


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yehezkiel 28 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel