Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yehezkiel 29 >> 

1Nalika enggonku padha ana ing pembuwangan nyandhak taun kaping sepuluh, mbeneri sasi kasepuluh tanggal ping rolas, ana dhawuhé Pangéran marang aku mengkéné,

2"Hé wong apes, wartakna marang raja ing Mesir. Kandhakna yèn satanah Mesir kabèh bakal kaukum.

3Mengkéné dhawuhé Pangéran Kang Mahakwasa marang raja Mesir, ‘Aku iki mungsuhmu, hé baya galak sing njerum ana ing kali. Kowé kandha-kandha yèn Bengawan Nil kuwi duwèkmu lan kowé sing gawé.

4Aku bakal masang cangkolan ana ing wangmu lan iwak-iwak kali bakal padha kraket ing sisikmu. Kowé banjur bakal Daktarik, Dakentas saka Bengawan Nil, karo sakèhé iwak sing temèmplèk ana ing awakmu

5lan Dakbuwang ana ing segara wedhi. Awakmu bakal gemléthak ana ing lemah tanpa dipendhem, dadi pakané manuk lan kéwan-kéwan alasan.

6Nganti wong-wong ing Mesir bakal ngerti yèn Aku iki Pangéran.’" Pangandikané Pangéran menèh, "Wong Israèl padha ngendelaké kekuwatanmu, nanging satemené kowé kuwi mung teken sing ringkih.

7Yèn kanggo nyagak banjur coklèk, lan nyubles cangklakané wong sing nganggo, sarta nyuwèkaké gegeré.

8Mulané Aku, Pangéran Kang Mahakwasa ngandika marang kowé, yèn Aku bakal nekakaké wong-wong sing nyerang kowé nganggo pedhang, matèni wong-wongmu lan raja-kayamu.

9Mesir bakal dadi tanah sepi, lan kowé bakal ngerti yèn Aku iki Pangéran." "Sarèhné kowé kandha yèn Bengawan Nil kuwi duwèkmu lan kowé sing gawé,

10mulané saiki Aku dadi mungsuhmu lan mungsuhé Bengawan Nil. Tanah Mesir kabèh bakal Dakdadèkaké ara-ara samun, wiwit saka kutha Migdol ing sisih Lor tekan kutha Aswan ing sisih Kidul sauruté tapel watesé tanah Sudan.

11Sajroné patang puluh taun bakal ora ana manungsa utawa kéwan sing ngambah utawa manggon ana ing kono.

12Mesir bakal Dakdadèkaké panggonan sing sepi nyenyet dhéwé ing salumahing bumi. Nganti patang puluh taun lawasé kutha-kutha ing tanah Mesir bakal rupa jugrugan, ngungkuli kutha-kutha liyané. Wong Mesir bakal Dakdadèkaké pengungsi, lan bakal padha keplayu menyang negara-negara liyané sarta manggon ana ing kana ing satengahé bangsa-bangsa."

13Pangéran Kang Mahakwasa ngandika mengkéné, "Sawisé patang puluh taun wong Mesir sing Daksebar ana ing satengahé para bangsa mau bakal Dakbalèkaké menèh ana ing tanahé dhéwé.

14Dakpapanaké ana ing tanah Mesir sisih Kidul, tanah asalé. Ana ing kana bakal dadi kraton sing ringkih,

15sing cilik dhéwé ing antarané kraton-kraton liyané, mula selawasé bakal ora njajah bangsa-bangsa liyané menèh. Bakal Dakgawé ringkih banget, nganti ora bisa nelukaké bangsa-bangsa liyané nuruti kekarepané.

16Israèl bakal ora gemantung saka pitulungané Mesir menèh. Malah nasibé Mesir bakal tansah dadi pepéling tumraping Israèl supaya aja ngendel-endelaké Mesir menèh. Lan Israèl bakal ngerti yèn Aku iki Pangéran Kang Mahakwasa."

17Nalika enggonku padha ana ing pembuwangan nyandhak taun ping patlikur, ing sasi kapisan tanggal kapisan, Pangéran ngandika marang aku mengkéné,

18"Hé wong apes, Raja Nebukadnésar bakal nglurug perang menyang Tirus. Para prejurité nggawa momotan abot nganti sirahé padha plonthos lan bahuné padha mlècèt, nanging raja lan para prejurité padha ora nampa apa-apa minangka liruné kangèlané.

19Aku, Pangéran Kang Mahakwasa ngandika bab kuwi mengkéné, ‘Tanah Mesir bakal Dakulungaké marang Raja Nebukadnésar. Raja mau bakal njarah-rayah kasugihané Mesir kanggo mbayar tentarané.

20Mesir Dakulungaké minangka opahé, merga tentarané wis nglakoni dhawuh-Ku. Aku Pangéran Kang Mahakwasa kang dhawuh.’

21Samasa wis kelakon, Israèl bakal Dakgawé rosa lan kowé Yéhezkièl, bakal ngandhakaké marang angger wong, supaya wong kabèh krungu lan ngerti yèn Aku iki Pangéran."


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yehezkiel 29 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel