Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yehezkiel 31 >> 

1Nalika enggonku padha ana ing pembuwangan nyandhak taun kaping sewelas, sasi kalima tanggal kapisan, Pangéran ngandika marang aku,

2"Hé wong apes, kandhakna karo Raja Pringon lan wong Mesir mengkéné, ‘Pangwasamu gedhé banget, sapa sing bisa nandhingi kowé?

3Kowé presasat sédar ing Libanon, wit sing becik ngrembuyung godhongé, dhuwuré sundhul ing langit.

4Dibutuhaké banyu kanggo tuwuh, lan kali-kali ing sangisoré lemah sing awèh pangan. Kuwi sing mbanyoni lemah panggonané tuwuh, lan awèh banyu marang sakèhing wit-witan sing ana ing alas kono.

5Sarèhné banyuné cukup, wit èrès mau tuwuh saya gedhé ngungkuli wit-wit liyané. Pang-pangé dadi gedhé lan dawa.

6Manuk-manuk manéka-warna padha nusuh ana ing pang-pangé. Kéwan alas padha manak ing sangisoré pang-pangé. Bangsa-bangsa salumahé bumi padha golèk pengayoman ana ing sangisoré.

7Iba éndahé wit èrès kuwi !!— gedhé dhuwur tur pangé gedhé-gedhé lan dawa-dawa. Oyodé nembus tekan sumber-sumber ing sangisoré lemah.

8Ora ana wit èrès sing ana ing petamanané Pangéran sing bisa nandhingi wit mau. Ora ana wit cemara sing pang-pangé kaya kuwi, lan ora ana wit beros sing pangé ngrembuyung kaya ngono. Ora ana wit ing petamanané Allah sing beciké ngungkuli wit èrès kuwi.

9Aku sing gawé wit kuwi becik lan pang-pangé padha mekar. Saben wit mèri karo wit èrès mau.’

10Aku Pangéran Kang Mahakwasa paring weruh apa sing bakal dialami déning wit èrès sing pang-pangé nganti sundhul ing awang-awang. Saya dhuwur saya tambah gemunggungé.

11Mulané banjur Daktampik lan Dakulungaké ing tangané raja saka tanah manca. Kuwi sing bakal ngganjar wit mau timbang karo penggawéné sing ala.

12Raja-raja ngamanca sing ambek siya bakal padha negor wit mau lan ditinggal gemléthak ana ing lemah. Pang-pangé lan godhongé sing ngrembuyung bakal nibani gunung-gunung lan lembah-lembah ing sawratané tanah kono. Sakèhé bangsa-bangsa sing biyèn manggon ana ing sangisoré pang-pangé bakal padha lunga.

13Manuk-manuk bakal padha teka lan ménclok ana ing wit sing ambruk mau, sarta kéwan-kéwan galak bakal padha mlaku nglumpati pang-pangé.

14Dadi wiwit saiki bakal ora ana wit, senajana wit sing olèh banyu akèh, sing bisa tuwuh dadi gedhé, sing dhuwuré sundhul ing méga. Wit-witan kabèh pinesthi apes kaya manungsa, iya pinesthi mati nunggal karo sing padha medhun ana ing jagading pati."

15Pangandikané Pangéran Kang Mahakwasa mengkéné, "Ing dina ambruké wit gedhé mau menyang donyané wog mati, sumber-sumber ing sangisoring bumi bakal Dakdhawuhi ngeleb panggonan kono minangka tandha béla-susah. Kali-kali bakal Dakdhawuhi mandheg enggoné mili, semono uga iliné kali-kali Dakendheg. Sarèhné wit gedhé kuwi wis mati, mulané Aku bakal nekakaké pepeteng ana ing pegunungan Libanon, nganti wit-wit sing ana ing kono bakal padha alum.

16Yèn wit gedhé mau wis ana ing donyané wong mati, rubuhé bakal kanthi gemuruh, nganti rubuhé mau ngoregaké para bangsa. Wit-wit sing ana ing petamanan Èden lan sakèhé wit-wit pilihan sing ora kekurangan banyu ing Libanon sing wis padha ana ing donyané wong mati bakal padha bungah merga rubuhé wit gedhé mau.

17Lan bakal padha ngiring lakuné wit gedhé mau mlebu ing donyané wong mati kumpul karo sing padha ambruk luwih dhisik. Lan sapa waé sing tau ngéyub ana ing sangisoré wit gedhé mau bakal kabuyaraké ing satengahé para bangsa.

18Wit gedhé mau ora liya raja Mesir lan rakyaté kabèh. Wit-wit ing petamanané Allah ora ana sing madhani gedhéné lan kawibawané. Nanging saiki, ora béda karo wit-witan sing ana ing petamanan Èden, wit gedhé mau iya bakal manggon ing donyané wong mati, kumpul karo wong-wong kapir sing ora kenal karo Allah, lan karo wong-wong sing tiwas ana ing peprangan. Mengkono pangandikané Pangéran Kang Mahakwasa."


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yehezkiel 31 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel