Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yehezkiel 8 >> 

1Nalika enggonku ana ing pembuwangan nyandhak taun kaping nem, dhèk mbeneri tanggal lima sasi kaping nem, para pemimpiné wong buwangan ing Yéhuda padha lungguhan ing omahku. Dumadakan aku katedhakan Rohing Pangéran.

2Aku tumenga banjur weruh wahyu. Katon ana priya, sing saka bangkèkan mengisor katon kaya geni, lan saka bangkèkan mendhuwur mencorong kaya swasa sing digosok.

3Priya mau ngangkat astané lan nyandhak rambutku. Ana ing wahyu mau aku dijunjung déning Rohé Pangéran ing awang-awang, digawa menyang Yérusalèm, menyang Pedalemané Allah, metu gapura sing sisih Lor, banjur mlebu ing Pedalemané Allah. Ing kono ana recané brahala, njijiki banget kanggoné Pangéran.

4Ana ing kono aku weruh pepadhang gedhé sing mblerengi mripat nandhakaké yèn Pangéran, Allahé Israèl ana ing panggonan kono, kaya wahyu sing dakdeleng nalika aku ana ing sapinggiré Kali Kebar.

5(8:5-6) Gusti Allah banjur ngandika marang aku mengkéné, "Hé manungsa sing apes, apa kowé ngerti lelakon iki? Delengen lelakon njijiki sing ditindakaké déning umat Israèl ana ing kéné, nganti Aku kepeksa ngedohi papan pasucèn-Ku! Kowé isih bakal ndeleng penggawéné sing luwih nistha menèh ketimbang karo kuwi."

6(8:5)

7Aku banjur kabekta menyang lawanging plataran lan ditedahi bolongan sing ana ing témbok.

8Pangandikané, "Hé manungsa sing apes, mbrobosa ing bolongan kuwi." Aku banjur mbrobos, weruh ana lawang.

9Pangandikané Pangéran, "Mlebua, lan delengen penggawé nistha sing padha dilakoni ana ing kéné."

10Aku mlebu lan ndeleng. Ing témbok ana gambarané naga lan kéwan-kéwan najis liyané, mengkono uga aku weruh barang-barang liyané sing disembah déning wong Israèl.

11Ing panggonan kono ana wong ngadeg 70, yakuwi para pemimpiné Israèl, klebu Yaazanya bin Safan. Saben wong nyekeli bokor padupan, sing ngetokaké kukus kumelun.

12Pangandikané Pangéran, "Hé manungsa sing apes, apa kowé ngerti sing ditindakaké déning para pemimpiné umat Israèl dhéwé-dhéwé karo sesidheman? Kabèh padha nyembah brahala ana ing kamar sing kebak reca ukir-ukiran. Alasané, ‘Pangéran rak ora mirsani kita! Panjenengané wis nilar tanah kéné.’"

13Pangéran banjur ngandika mengkéné, "Kowé bakal ndeleng prekara sing luwih njijiki menèh ketimbang karo kuwi."

14Aku banjur dibekta menyang gapurané Pedalemané Allah sing sisih Lor. Aku ditedahi wong wadon padha nangisi patiné Déwa Tamus.

15Pangandikané Pangéran, "Hé manungsa sing apes, delengen kuwi? Kowé bakal ndeleng prekara-prekara sing luwih njijiki tinimbang kuwi."

16Aku banjur dibekta menyang platarané Pedalemané Allah sing njero. Ana ing sacedhaké lawangé Sasana Suci, ing antarané mesbèh lan dalan sing kanggo liwat, ana wong 25 padha kumpul, ngungkuraké Sasana Suci, padha tumungkul sujud madhep ngétan, nyembah srengéngé sing lagi mlethèk.

17Pangandikané Pangéran marang aku, "Hé wong sing apes, apa kowé wis ndeleng kuwi? Wong Yéhuda ora marem yèn mung nindakaké penggawé nistha kaya sing kokdeleng ing kéné, karo nglakoni panganiaya rata satanah kabèh. Ora, mulané padha mréné lan nglakoni kanisthan mau ana ing Pedaleman-Ku, sarta njalari duka-Ku. Delengen enggoné nyepèlèkaké marang Aku rak katog temenan!

18Mulané bakal padha ngrasakaké aboting paukuman-Ku. Ora bakal Dakéman utawa Dakwelasi. Wong-wong mau bakal padha sesambat sakatogé, swarané sora, nanging Aku bakal ora miyarsakaké!"


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yehezkiel 8 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel