Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yeremia 15 >> 

1Pangéran ngandika marang aku mengkéné, "Senajan Musa lan Samuèl padha ngadeg ana ing ngarsa-Ku, Aku ora bakal melasi wong-wong iki. Padha singkirna, padha tundhungen saka ngarsa-Ku.

2Yèn padha takon kowé apa sebabé padha ditundhung, kandhaa yèn Aku ngandika mengkéné, ‘Salong ana sing ditakdiraké mati merga lelara, mulané ya padha mrono parané! Salong ana sing ditakdiraké mati ing peprangan, dadi ya padha mrono parané. Salong ana sing ditakdiraké dadi wong tawanan, dadi iya mrono-mrono parané.’

3Aku, Pangéran kang netepaké patang prekara sing bakal kelakon mau; wong-wong mau bakal dipatèni ana ing peprangan; jisimé bakal dilarak-larak déning asu-asu; manuk-manuk bakal notholi jisimé, lan kéwan galak bakal ngentèkaké kekarèné.

4Wong salumahé bumi bakal Dakgawé geter weruh asilé penggawéné Manasyè bin Hizkia ana ing Yérusalèm, nalika dhèwèké dadi raja ana ing kono."

5Pangandikané Pangéran mengkéné, "Sapa sing arep melasi kowé, hé wong Yérusalèm? Lan sapa sing arep béla susahmu? Sapa sing arep mampir ngaruhaké keslametané?

6Wong-wongmu wis padha nampik Aku; lan kowé wis nyingkur Aku. Mulané tangan-Ku Dakangkat lan kowé Dakremuk, merga Aku wis ora tahan ngampet duka-Ku.

7Kowé bakal Daktundhung metu saka saben kutha ing tanah kéné, kaya damèn kabur ing angin. Umat-Ku bakal Daktumpes, anak-anaké Dakpatèni, merga kowé ora marèni kelakuanmu sing ala.

8Cacahé randha ing tanahmu bakal luwih akèh ketimbang karo wedhiné segara. Nonomanmu bakal padha Dakpatèni sajroné nedheng-nedhengé padha tuwuh, nganti ndadèkaké biyungé padha sangsara. Bakal padha Dakgebug dadakan srana pagiris lan geter.

9Biyung sing kélangan anaké pitu bakal semaput, ambekané megap-megap. Padhangé srengéngé malih dadi peteng; wong mau ngalami wirang lan isin. Mungsuh-mungsuhmu bakal Dakdhawuhi matèni sakèhé wong sing isih urip. Aku, Pangéran wis ngandika."

10Wong sing cilaka temen aku iki! Yagéné aku dilairaké déning biyungku? Déné kokdadi wong sing marakaké regejegan lan bebantahaning antarané wong-wong satanah kabèh. Mangka aku ora tau motangaké marang wong liya, éwasemono aku ana ing ngendi-endi disepatani wong.

11Dhuh Allah, mugi-mugi ndhawuhana kawula, saupamia enggèn kawula ngladosi Paduka menika mboten kalayan éklasing manah, utawi kawula mboten nyuwunaken sih Paduka kanggé para mengsah kawula, samasa sami ngalami karupekan.

12(Mboten wonten tiyang ingkang saged mutung tosan, langkung-langkung tosan ingkang asalipun saking tanah Lèr, ingkang kagemblèng kaliyan prunggu.)

13Pangandikané Pangéran marang aku mengkéné, "Aku bakal ngutus mungsuh-mungsuh njarah-rayah kasugihan lan raja-branané bangsa-Ku, kanggo ngukum pialané sing ditindakaké wrata satanah kabèh.

14Aku bakal ndadèkaké umat-Ku ngawula marang para mungsuhé, ing tanah manca sing durung dingertèni, merga mulading bebendu-Ku sing ora kena disirep ing selawasé."

15Unjukku, "Dhuh Pangéran, Paduka pirsa samukawis. Mugi kersa ngèngeti dhateng kawula lan mitulungi kawula. Kawula nyuwun mugi Paduka malesaken dhateng tiyang-tiyang ingkang sami ngoyak-oyak kawula. Tiyang-tiyang menika mugi sampun ngantos Paduka sabari, sarta lajeng sami saged mejahi kawula. Paduka mugi ènget bilih enggèn kawula dipun siya-siya menika krana saking enggèn kawula nglampahi ayahan ingkang Paduka paringaken dhateng kawula.

16Menawi Paduka paring dhawuh, saben tembung kawula pirengaken. Kawula menika kagungan Paduka, dhuh Allah Ingkang Mahakwasa. Pangandika Paduka menika ngebaki manah kawula srana kabingahan lan kabegjan.

17Kawula mboten naté jagongan kaliyan tiyang ingkang remen sembranan, utawi tumut gegujengan lan bingah-bingah kaliyan piyambakipun. Margi mituhu dhateng dhawuh Paduka, kawula tansah mencil piyambakan, margi manah kawula sampun Paduka kebaki nepsu.

18Kénging menapa kawula kedah tansah nandhang kasisahan? Kénging menapa tatu-tatu kawula mboten kénging dipun jampèni? Kénging menapa mboten sami pulih saras malih? Menapa Paduka badhé damel gela dhateng kawula, kados lèpèn ingkang mboten ajeg toyanipun?"

19Pangéran paring wangsulan marang pesambatku mau, mengkéné. "Yèn kowé mratobat, kowé bakal Dakangkat dadi abdi-Ku menèh. Menawa kowé kandha sing bener lan ora ngawur tanpa teges, kowé bakal Dakdadèkaké nabi-Ku menèh. Wong-wong bakal padha bali marani kowé menèh, mula kowé ora prelu marani wong-wong mau.

20Kowé bakal Dakdadèkaké bètèng prunggu sing sentosa. Wong-wong mau bakal merangi kowé, nanging bakal ora bisa ngalahaké kowé. Aku bakal nganthi lan ngampingi kowé nganti kowé bakal aman.

21Kowé bakal Dakluwari saka pangwasané wong ala lan wong ambek siya. Aku, Pangéran sing ngandika!"


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yeremia 15 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel