Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yeremia 17 >> 

1Pangandikané Pangéran mengkéné, "Hé wong Yéhuda, dosamu wis kacathet nganggo pèn wesi, lan ditulis ing atimu nganggo inten lancip sarta diukir ing pojok-pojoking mesbèhmu.

2Wong-wongmu padha manembah ana ing mesbèh-mesbèh lan cagak-cagak pamujan sing didegaké kanggo brahalané Dèwi Asyéra, ing ngisoré saben wit gedhé, lan ana ing pucaké punthuk-punthuk,

3sarta ana ing gunung-gunung lan ing tanah ngaré. Barang-darbèkmu lan raja-branamu bakal Dakulungaké dadi rayahan, minangka walesé dosamu ana ing sawratané tanahmu kéné.

4Tanah sing Dakparingaké marang kowé bakal Dakpundhut, lan kowé bakal Dakdadèkaké baturé mungsuh-mungsuhmu ana ing tanah sing ora tau koksumurupi, merga paukuman-Ku mulad-mulad kaya geni sing ora kena disirep ing selawas-lawasé."

5Pangandikané Pangéran mengkéné, "Aku bakal ngukum wong sing nyingkur Aku lan wong sing ngendelaké kekuwatané manungsa, sing sanyatané mung apes waé.

6Wong kuwi presasat eri pulet-puletan sing thukul ing tanah garing ing ara-ara samun, ing tanah sing cengkar. Wong mau bakal ora ngalami kabegjan.

7Nanging Aku bakal mberkahi wong sing kumandel marang Aku.

8Wong kuwi bakal kaya wit sing ditandur ana ing pinggiring kali, sing oyod-oyodé tumancep ana ing banyu. Wit mau ora krasa ketaman panas ing mangsa ketiga, merga godhongé tetep ijo royo-royo; ora kuwatir ing mangsané ngerak; lan ora kendhat enggoné ngetokaké woh.

9Sapa sing bisa njajagi atiné manungsa? Julig lan pinter ngapusi tanpa tandhing; wis kebacut atos kaya watu, sapa sing bisa ngempukaké?

10Aku, Pangéran kang pirsa atiné wong, lan ndadar tekan telenging batiné. Supaya wong siji-siji Dakganjar, manut kelakuané, miturut penggawéné."

11Wong sing nglumpukaké kasugihan nganggo patrap sing ora jujur, kuwi kaya ayam alas sing ngengremi endhog sing dudu endhogé dhéwé. Tengah-tengahé umuré wong mau bakal kélangan kasugihané, lan wekasané umuré bakal ketara, yèn dhèwèké sanyatané wong gemblung.

12Pedalemané Allah kuwi presasat dhampar kang luhur, sing wiwit-wiwitan mula ngadeg ana ing gunung sing dhuwur.

13Dhuh Pangéran, Paduka menika ingkang dipun antos-antos déning Israèl. Sedaya tiyang ingkang nyingkur Paduka badhé nandhang kwirangan. Tiyang-tiyang murtad wau badhé sami sirna kados nama ingkang kaserat wonten ing lebu, awit sami nilar Paduka, etuking toya gesang.

14"Dhuh Pangéran, mugi kersa nyarasaken kawula, temtu kawula badhé saras babar-pisan; kawula mugi Paduka luwari, ngantos kawula badhé tentrem saèstu. Inggih namung Paduka piyambak ingkang kawula puji-puji!"

15Tiyang-tiyang sami mungel dhateng kawula mekaten, "Pangandikanipun Allah ingkang ngancam dhateng kula sedaya kokmboten kelampahan? Mbok cobi Pangéran dipun aturi ngleksanani samenika!"

16Nanging dhuh Allah, kawula mboten naté meksa Paduka supados ndhatengaken paukuman dhateng bangsa menika. Kawula mboten kepéngin bangsa menika nemahi sangsara. Paduka pirsa piyambak, bilih kawula mboten naté nyuwun supados Paduka ndhatengaken paukuman dhateng bangsa menika.

17Paduka mugi sampun ngantos dados pagiris dhateng kawula, awit Paduka menika pangungsèn kawula.

18Tiyang ingkang sami nyia-nyia kawula mugi sami Paduka damel wirang, sarta kawula piyambak mugi Paduka éman, dhuh Pangéran. Tiyang-tiyang menika sami girisa, nanging kawula piyambak sampun ngantos giris. Sami kadhawahana paukuman lan dipun gepuka ngantos ajur-mumur.

19Pangandikané Pangéran marang aku, "Yérémia, pangandika iki umumna ana ing gapuraning kutha sing kanggo mlebu-metu raja Yéhuda yèn rawuh lan ninggal kutha. Mengkono uga wartakna ana ing gapurané Yérusalèm liya-liyané.

20Wartakna marang raja-raja lan sakèhé wong sing manggon ing Yérusalèm; lan saben wong sing mlebu-metu ing gapura padha ngrungokna apa sing Dakdhawuhaké.

21Kandhanana yèn padha kepéngin urip pengingen mikul utawa nggéndhong gawan apa waé ing dina Sabbat, utawa nggegawa metu ing gapurané Yérusalèm.

22Utawa nggegawa apa waé saka ing omahé ana ing dina Sabbat. Ing dina Sabbat ora kena padha nyambut-gawé. Dina kuwi kudu padha disucèkaké, kaya sing wis Dakdhawuhaké marang para leluhuré.

23Para leluhuré padha ora mbangun-turut marang Aku lan padha ora netepi dhawuh-Ku. Malah padha mangkotaké atiné, dadi padha ora nurut lan ora nanggapi dhawuh-Ku.

24Wong-wong mau padha kandhanana, supaya padha netepi dhawuh-Ku. Ing dina Sabbat padha ora kena nggawa gawan metu gapurané kutha iki. Dina Sabbat kudu padha disucèkaké lan ing dina mau padha ora kena nglakoni pegawéan apa waé.

25Yèn dhawuh kuwi ditetepi, para raja lan para pangéran sing padha mlebu-metu ing gapurané kutha Yérusalèm bakal kaparingan pangwasané Raja Dawud. Enggoné mlebu kutha bakal karo nunggang kréta lan jaran bebarengan karo wong-wong ing Yéhuda. Kutha Yérusalèm bakal tansah kebak wong.

26Wong-wong saka kutha-kuthané Yéhuda bakal padha teka, mengkono uga wong-wong saka désa-désa sakiwa-tengené Yérusalèm. Wong-wong bakal padha teka saka daérah Bènyamin, saka sikiling gunung-gunung lan saka daérah Yéhuda sisih Kidul. Bakal padha kemrubut nggawa kurban obongan lan kurban sembelèhan, kurban dhaharan lan menyan, apa menèh kurban pamuji marang Pedalemané Allah.

27Nanging wong-wong mau kudu padha nucèkaké dina Sabbat lan ing dina mau padha ora kena liwat gapurané kutha karo nggawa gawan. Yèn ora mengkono, gapura-gapurané Yérusalèm bakal Dakobong. Kedhaton-kedhatoné Yérusalèm bakal entèk kamangsa ing geni sing ora kena disirep."


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yeremia 17 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel